Senin, 26 Mei 2008

Tembung Kriya (Kata Kerja)

BAB II
TEMBUNG KRIYA



2.1. Pengertian Tembung Kriya utawa Verba.

Tembung kriya utawa Verba yaiku tembung sing mertelakake solah bawa utawa tandang gawe (Verba Tindakan). Tembung kriya uga bisa ngemu teges lumakuning kaanan (Verba proses).
Tuladhane tembung kriya sing mertelakake tandang gawe utawa Verba tindakan (kajupuk saka cerkak Sepedhane Pak Guru Suwardo) :
- mulang , nabrak , nuntun , ngoyak , mbayar, numpak, lan sapanunggalane.
Tuladhane tembung kriya sing mertelakake prose utawa Verba proses (kajupuk saka cerkak Sepedhane Pak Guru Suwardo) :
- mblawus, teyengen, mlethek, lan sapanunggalane.


2.2. Cirine Tembung Kriya utawa Verba.

Cirine tembung kriya bisa dimangerteni kanthi ngamati telung perangan yaiku :

2.2.1. Wujud Morfologise.

Yen ngamati wujud morfologise verba iku kadhapuk saka pirang – pirang morfem, kaya morfem Afik, morfem Reduplikasi lingga utawa campuran, morfem – morfem Afik karo morfem Reduplikasi lingga.
Tuladhan : (kajupuk saka cerkak Sepedhane Pak Guru Suwardo)
- mulang , njagong, ngoyak, disuduk – suduk, disawang – sawang, nyukup – nyukupake , disesel – seselake.


2.2.2. Prilaku utawa perangkai sintaksise.

Kaya sing wis tak diaturake ana ing ngarep yen verba utawa tembung kriya iku lungguhe utawa manggone ana ing fungsi predikat /wasesa. Tuladhan “Pak guru Suwardo numpak sepedha jengkianyar gres” (kajupuk saka cerkak Sepedhane Pak Guru Suwardo) . Sing manggoni ana ing fungsi predikat utawa wasesa yaiku numpak . Numpak iku kalebu verba utawa tembung kriya , yaiku kadhapuk saka tembung tumpak sing oleh ater –ater Anuswara ( n – tumpak ) . Sasangka,( 2001: 39) ngandhake”Ater – ater Anuswara iku yen sumambung ing tembung lingga bakal ndhapuk tembung kriya tanduk”.


2.2.3. Prilaku utawa perangkai simantise.

Yen dideleng saka perangkai semantise bisa kajupuk saka tuladha mengkene “Wong tuwane ora nyangoni bandha” (kajupuk saka cerkak Sepedhane Pak Guru Suwardo). Saka Tuladha iku sing dadi verbane yaiku ora nyangoni. Sasangka (2001: 101) ngandhake “Tembung kriya bisa diorakake (dinegasikan) nganggo tembung ora , kejaba bisa diorakake, tembung kriya basa Jawa uga bisa sumambung karo tembung anggone”. Nyangoni iku kalebu verba tindakan utawa verba aksi amarga ngelakoni salah sijining tindakan utawa tandang gawe.


2.3. Jenise Tembung Kriya.

Sasangka (2001: 101) ngandhake “Tembung kriya dibedakake dadi loro yaiku tembung kriya tanduk lan tembung kriya tanggap”. Nanging (Adi, Tanpa Tahun: 96) ngandhakake “Tembung kriya iku kaperang dadi papat yaiku Tembung kriya tanduk, tembung kriya tanggap, tembung kriya lingga, lan tembung kriya rangkep” mula ayo tembung kriya iki kita rembung ing ngisor kanthi mirunggan.


2.3.1 Tembung Kriya Tanduk / Kata Kerja Aktif.

Tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya sing jejere (Subjek) dadi paraga (Pelaku). Tembung kriya tanduk iki bisa kadhapuk kanthi muwuhake ater – ater Anuswara (m - , n -, ng- , ny) mula jejer ing ukara tanduk tansah dadi paraga kang nindakake sawijining pakaryan.
Tembung kriya tanduk bisa dibedakake dadi loro yaiku tembung kriya tanduk mawa lesan lan kriya tanduk tanpa lesan.


2.3.1.1 Kriya tanduk mawa lesan / Kata kerja transitif (Verba Transitif).

Kriya tanduk mawa lesan yaiku tembung kriya kang tansah mbutuhake utawa ngarep – ngarep anane lesan (Objek). Tembung kriya mawa lesan iki padatan migunakake ater –ater Anuswara (m - , n -, ng- , ny) , ater – ater Anuswara lan panambang -i (m – i, n – i, ng – i, ny – i) utawa panambang -ake (m – ake, n – ake, ng – ake, ny – ake). Tuladha tembung kriya tanduk mawa lesan katon kaya ing ngisor iki (kajupuk saka cerkak Sepedhane Pak Guru Suwardo) :
mulang njagokake ngrungakake nyusul
nabrak nyangoni nyegat nglumpukake
nuntun numpak ngampiri
ngoyak ngucap ndadekake
ngopeni mundhut ngasta
mbayar mancing nggenehake
mikir nampik ngoleki
nodhong ngetung ngadhepake



2.3.1.2 Kriya tanduk tanpa lesan / Kata kerja intransitif ( Verba Intransitif).

Kriya tanduk tanpa lesan yaiku tembung kriya kang ora mbutuhake utawa ora ngarep – ngarep anane lesan (Objek). Tembung kriya tanduk tanpa lesan iki padatan migunakake ater – ater Anuswara (m - , n -, ng- , ny) , ma Anuswara ( maNasal) lan mer- , Tuladha tembung kriya tanduk tanpa lesan katon kaya ing ngisor iki (kajupuk saka cerkak Sepedhane Pak Guru Suwardo) :
mblawus mbesengut
teyengen
mlethek



2.3.2. Tembung Kriya Tanggap / Kata kerja pasif.

Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang jejere (Subjek) dadi sasaran (Penderita). Tembung kriya tanggap iku bisa ndhapuk kanthi muwuhake ater – ater di- , ka- , ke- , lan seselan - in - , sarta kawuwuhan klitik dak-, lan kok- . Mula jejer ing ukara tanggap tansah dadi sasaran sawijining pakaryan. Kang kalebu tembung kriya tanggap kaya ing ngisor iki (kajupuk saka cerkak Sepedhane Pak Guru Suwardo) :
dituntun dititipke disawang - sawang dilapuri
dipasang kedhisikan ditingkatake dilapi
diajak dianakake ditumpaki dinesoni
dirangke dipotong sinamudana Dielokake
Keterak diangkat katempekan Dilawuhi
digatekake kokmilih daktutugake Digawe
dakpamit diwenehake Kedaya - daya sinambi
sinambar dikunci ditindhihi Dakbayarke


2.3.3. Tembung Kriya lingga.

Tembung kriya lingga yaiku tembung kriya kang isih wujud lingga , tegese durung oleh ater – ater , seselan utawa panambang.
Tuladha (kajupuk saka cerkak Sepedhane Pak Guru Suwardo) :
- lungguh. , bayar , masak.


2.3.4. Tembung Kriya Rangkep.

Tembung kriya rangkep yaiku tembung kriya kang awujud tembung rangkep.
Tuladha (kajupuk saka cerkak Sepedhane Pak Guru Suwardo) :
- ubag – ubeg , jejogedan , mubra – mubru , leyeh – leyeh , ndusal – ndusel

Tidak ada komentar: