Jumat, 09 Juli 2010

BAMBANG IRAWAN


Bambang Irawan iku satriya wijiling pertapan, atmajane Raden Arjuna lan Dewi Ulupi.
Bambang Irwan watak wantune anteng jatmika, prasaja, kenceng kekarepane. Wiwit lair tekan dewasane, mapan ing Peratapan Yasarata. Digulawenthah dening ibu lan eyange. Tokoh iki arang dikelirake. Kocape ing lakon wayang Irawan Rabi, Prabu Gambiranom, lan Kresna Duta.
Ing lakon Irawan Rabi, Prabu Kresna nedya malakramakake putrane putri kang sesilih Dewi Titisari (Sitisari) klawan Bambang Irawan putra Madukara. Nanging Prabu Baladewa datan pareng, supaya diwurungake, amarga Prabu Baladewa disraya narendra ing Ngastina mundhut Dewi Titisari, bakal kadhaupake klawan Raden Sarojakusuma (Lesmana Mandrakumara).
Prabu Kresna pakewuh marang kadang wredha, banjur murungake rembug Madukara.
Raden Arjuna ora terima. Sigra nimbali putra penganten anyar kang lagi pepasihan, Raden Abimanyu lan Dewi Siti Sundari. Sawise tinodhi banjur pinegatake. Abimanyu kantaka. Dewi Siti Sundari didhawuhi bali marang Dwarawati dikantheni abdi emban siji.
Nadyan abot pepalange, wusanane Bambang Irawan klakon dhaup klawan Dewi Titisari.
Ing lakon Prabu Gambiranom, amarga ngregem panah Rodha Dhadhali (panah Arjuna), Irawan dadi digdaya banget, saengga bisa jumeneng ratu kanthi jejuluk Prabu Gambiranom.
Sang Prabu darbe prajurit wanita kang sinebut Ladrangmungkung, prajurit iki digdaya banget.
Prabu Gambiranom didhawuhi ibune ngrangket Raden Arjuna. Klakon Raden Arjuna tinawan dening prajurit – prajurit wanita, diadepake marang Sang Dewi Ulupi. Arjuna ditagih kuwajibane anggone ora paring nafkah batin sawetara sasi. Wusana banjur pondhongan, manjing tilamsari.
Ing lakon Kresna Duta, Irawan mireng kabar yen Pandhawa wis timbul, mapan ing nagara Wiratha, diayomi Prabu Matswapati. Kapara wis nglampahake duta pamungkas yaiku Prabu Kresna. Nyuwun separone nagara Ngastina lan njaluk baline Negara Indraprastha sajajahane. Nanging lakuning duta gagal, ora entuk gawe.
Irawan gage ngadhep Begawan Jayawilapa, nyuwun pangestu nedya sowan para Pandhawa, bakal ngatonake bekti marang pepundhen. Eyange ora marengake, amarga wektu iku tiba dina pringkelan (naase) Irawan. Nanging Irawan ora sabar ngenteni dina sesuk, Irawan nekad budhal.
Kacarita kang nganglang ing dirgantara, Wil Kalasrenggi saka Negara Guwabarong. Kekiter ngupadi Raden Arjuna, nedya males ukum patine wong tuwane (Prabu Jathagimbal) kang du king nguni mati mungsuh Raden Arjuna.
Weruh satriya bagus nasak alas ing wayah bedhug tengange, kinira iku Raden Arjuna. Kalasrenggi sigra niyup, nyokot janggane Bambang Irawan. Irawan kaget. Sigra narik dhuwung, nglangga gulune Kalasrenggi. Lelorone mati sampyuh.

Mulyantara
Djaka Lodang nomor 05 Edisi 3 Juli 2010

BATHARA BRAMA


Bathara Brama iku putrane Bathara Guru kang angka loro, miyos saka Dewi Uma. Kahyangane ing Duksinageni. Garwane ana telu, yaiku: Dewi Saci, Dewi Saraswati, lan Dewi Rarasati. Saka garwa telu iku, Bathara Brama peputra selikur, yaiku: 1). Bathara Maricibrama, 2). Bathara Naraddhabrama, 3). Bathara Bramanasa, 4). Bathara Bramasadewa, 5). Bathara Bramanisaddha, 6). Bathara Bramakandha, 7). Bathara Bramanaresi, 8). Dewi Bramani, 9). Dewi Bramanisri, 10). Bathara Bramaniskala, 11). Bathara Bramanayadi, 12). Bathara Bramanayana, 13). Dewi Bramaniyari, 14). Bathara Bramanasita (bareng jumeneng nata ing Gilingwesi jejuluk Prabu Bramanaraja), 15). Dewi Bramanisiti, 16). Bathara Bramanatama, 17). Bathara Bramadewa, 18). Dewi Bramaniyati, 19) Bathara Bramaniyuta, 20). Dewi Dresanala, 21). Dewi Dresawati.
Bathara Brama uga bebisik Bathara Agni, dewaning geni. Sarana kasektene, yaiku Aji Guntur Geni, Bathara Brama bisa mbrastha samubarang kang gawe ratuning jagad. Bathara Brama dadi senapatine wadyabala dewa kang diarani prajurit Dorandara.
Bathara Brama kaping pindho tumurun ing marcapada lan jumeneng ratu, yaiku:
1. Ana ing Negara Mendhanggili, jejuluk Prabu Sundha (Rajapati), Patihe asma Drastha lan Kulamba (Kusyamba). Kekarone putrane Bathara Citragotra.
2. Ana ing Negara Mendhangsiwanda, jejuluk Prabu Budawaka, yaiku sawise ratu ing Negara iku kang jejuluk Nalya lan patihe asma Siwandakara padha kasoran yudane lumawan Bathara Brama.
Ing lakon laire Wisanggeni, Bathara Brama nampa dhawuh saka Bathara Guru, megatake Dewi Dresanala karo Arjuna, lan mateni bayi sing dikandhut Dewi Dresanala, amarga Sang Dewi bakal kadhaupake karo Prabu Dewasrani. Yen dhawuh kuwi ora ditindakake, bakal dicemplungake ing kawah Candradimuka. Yen ditindakake, bakal tumindak dosa, awit mateni bayi kang tanpa dosa. Nadyan abot, dhawuhe Bathara Guru ditindakake.
Bareng mireng pangandikane ramane, Dewi Dresanala kaget banget. Njalari bayi sing dikandhut lair durung wayahe. Bathara Durga sigra mondhong Dewi Dresanala menyang Negara Nusarukmi, negarane Prabu Dewasrani.
Bayi putrane Dewi Dresanala mau bajur disuduk keris dening Bathara Brama, nanging bayi mau ora mati. Dibanting, diidak- idak, tetep ora mati. Saking jengkele, bayi iku diuncalake ing kawah Candradimuka. Awit pitulungane Sang Hyang Wenang, bayi iku tetep urip. Tembene keparingan kekasih Raden Wisanggeni.

Mulyantara
Djaka Lodang Nomor 04 edisi 26 Juni 2010

Kamis, 24 Juni 2010

BATHARA INDRA


Bathara Indra iku dewaning kaendahan, putrane Bathara Guru kang angka telu, miyos saka Dewi Uma. Kahyangan ing Tinjomaya (kaindran). Garwane asma Dewi Wiyati. Karo Dewi Wiyati iki, Bathara Indra peputra wolu, yaiku: 1). Dewi Tara, 2). Dewi Tari, 3). Bathara Citrarata, 4). Bathara Citragana, 5). Bathara Jayantaka (Bathara Srengganidewa), 6). Bathara Jayantara, 7). Bathara Citrasena, 8). Bathara Harjunawangsa.

Dewi Tara kagarwa Subali, peputra Jaya Anggada. Pamburine Dewi Tara banjur kagarwa Prabu Sugriwa. Dewi Tari kagarwa Prabu Dasamuka, peputra Raden Indrajit (Megananda).

Titihane Bethara Indra gajah aran Airawata (Erawana) kang gedhene kagila – gila. Gegamane Bethara Indra aran sanjata Bajra (Sanjata Bledheg), amarga yen ditamakake marang mugsuh swarane kaya bledheg. Sanjata Bajra mawa lingsir nenem, kadadeyane saka balunge Maharsi Dhatiea.

Miturut crita padhalangan, kang ngratoni para dewa iku Sang Hyang Jagadnata (Bathara Guru), nanging yen miturut Mahabharata kang ngratoni para dewa iku Bathara Indra. Mula Bathara Indra uga sinebut Sang Hyang Surapati. Sura tegese dewa, pati tegese ratu. Miturut layang Uttarakandha, Bathara Indra kalebu Caturlokapala (Lokapala 4). Kang sinebut “lokapala” iku dewa kang nguwasani/ngratoni sawijining bab. Wondene kang kalebu Caturlokapala yaiku: 1). Bathara Indra, ngratoni para dewa, 2). Bathara Yama, nguwasani naraka, 3). Bathara Baruna, nguwasani banyu (samudra) saisine, 4). Bathara Kuwera (Wisrawana) dewaning kasugihan (rajabrana).

Bathara Indra nguwasani para widadari kang dumunung ing karang Kawidadaren. Tetunggule para widadri ana pitu, yaiku: 1). Dewi Supraba, 2). Dewi Wilutama, 3). Dewi Warsiki, 4). Dewi Surendra, 5). Dewi Gagarmayang, 6). Dewi Irim –irim, 7). Dewi Tunjungbiru.

Bathara Indra nate tumurun ing marcapada, jumeneng ratu ing Negara Medhanggana, jejuluk Mahaprabu Sakra. Patihe asma Resi Prawa.

Ing lakon Arjuna Wiwaha, Bathara Indra memba pandhita peparab Resi Padya, kepingin ngerteni ancas tujuane Arjuna mratapa. Banjur tumurun ing gunung Indrakila, manjing guwa Mintaraga, bantah kawruh kalawan Begawan Ciptaning (Arjuna). Wasana ngakoni yen Ciptaning tuhu waskitha. Anggone mratapa jebul nggayuh gegaman ampuh kanggo memayu hayuning bawana.

Mulyantara

Djaka Lodang Nomor 02, Edisi 12 Juni 2010

Kamis, 17 Juni 2010

Hiburan

Nalika wonten adicara perpisahaan, sanajan swara kula boten patasa sae nanging sampun kadung kula remen dhateng kabudayan Jawi, pramila kula kumawani nyobi satunggaling lagu saking Cak Dikin....Nyuwun pangapunten menawi kirang mranani penggalih panjenengan ingkang mriksani

SANG HYANG WENANG

Wujud wayange cilik, kira – kira satlapak tangan (epek –epek)e wong diwasa, gedhe sithik. Kahyangane Sang Hyang Wenang ing Ondar – andir Bawana.
Silsilahe Sang Hyang Wenang manut crita pedhalangan: Kangjeng Nabi Adam nggarwa Siti Kawa (Hawa), peputra Kangjeng Nabi Sis. Kangjeng Nabi Sis nggarwa Dewi Mulat (widadari saka swarga), peputra loro, yaiku:
1. Sayid Anwas, banjur nurunake para nabi sapiturute, sinebut sejarah panengen.
2. Sayid Anwar, sawise jinurung sasedyane, bisa dadi manungsa digdaya, bebisik Sang Hyang Nurcahya, kang nurunake para dewa.
Sang Hyang Nurcahya nggarwa Dewi Rini, putrane Prabu Nuradi, ratuning jim ing pulo Maldewa, peputra siji, bebisik Sang Hyang Nurrasa.
Sang Hyang Nurrasa nggarwa Dewi Sarwati, putrane Prabu Warangin, ratuning jim ing pulo Darma, peputra telu, yaiku: 1). Sang Hyang Darmajaka (Sang Hyang Purba), 2). Sang Hyang Wenang (Sang Hyang Wisesa). 3). Sang Hyang Taya (Sang Hyang Wasesa). Dewa telu iku kang mencarake para dewa, para nata, para satriya sepepadhane, kang sabanjure kanggo carita lakon ringgit purwa.
Sawijining dina, Sang Hyang Wenang menggalih surasane Pustakadarya, njalari kepencut marang lelakone ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya, satemah banjur sengsem ulah tapa brata. Awit saka iku, Sang Hyang Wenang banjur nganglang jagad, saenggon –enggon tarak brata matiraga, ora beda karo ingkang eyang Sang Hyang Nurcahya.
Wasanane Sang Hyang Wenang akaghyangan ing puncake Gunung Tunggal ing Pulo Dewa, nyipta kahyangan kang luwih dening endah, sinebut Ondar –andir Bawana. Bareng olehe akahyangan ana ing puncake Gunung Tunggal wis 300 taun lawase, para ratuning jim sakawulane akeh kang padha ngidhep marang Sang Hyang Wenang.
Sawijining dina, Sang Hyang Wenang dilurugi Prabu Ari ratu ing Keling, sabaline. Nganti sawatara suwene Prabu Ari ngadu guna kasantikan lumawan Sang Hyang Wenang. Nanging wasanane Prabu Ari kasoran, banjur nungkul sarta ngidhep marang Sang Hyang Wenang. Putrane putri Prabu Ari kang sesilih Dewi Saoti kagarwa Sang Hyang Wenang, peputra telu, yaiku: 1). Sang Hyang Tunggal. 2). Sang Hyang Ening. 3). Dewi Yati (Suyati).

Mulyantara
Djaka Lodang Nomor 51, Edisi 22 Mei 2010

BETHARA KAMAJAYA


Bethara Kamajaya iku putrane Sang Hyang Ismaya (Semar) lan Dewi Senggani. Wujude dewa bagus tanpa cacad. Yen ing jagad marcapada wong sing bagus tanpa cacad iku Raden Arjuna (Janaka), yen ing Suralaya dewa sing bagus dhewe iku Bathara Kumajaya. Kahyangan Bathara Kamajaya ing Cakrakembang, garwane asma Dewi Ratih.
Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih iku kondhang rukune. Ora tau congkrah. Tresna tinestranan. Setya marang jodho dhaupe. Pantes kinarya patuladhan wong bebojoan.
Tradhisi tingkepan ing tanah Jawa, yaiku mengeti kandhutan sepisanan uwur 7 sasi. Salah sijine srana upacara yaiku anane cengkir gadhing loro kang digambari Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih. Pamrihe supaya anake besuk yen lair kakung, bisaa kaya Bathara Kamajaya baguse. Yen lair wadon supaya ayune kaya Dewi Ratih.
Bathara Kamajaya ngrengkuh Raden Arjuna kayadene kadang tunggal yayah rena. Yen Arjuna nemu bot repot, Bathara Kamajaya mesthi paring pitulungan.
1. Ing lakon Cekel Indralaya, Arjuna madeg pandhita ing pertapan Banjarmelathi, Bathara Kamajaya tumurun menyang Taman Banoneinawi kanthi membawarna wujud Arjuna, lumawan para Kurawa kang nedya ganggu gawe marang Dewi Wara Sembadra, garwane Arjuna.
2. Ing lakon Partadewa. Arjuna dadi ratu ing Kahyangan Kaindran, sawise bisa nyirnakake Prabu Niwatakawaca. Bathara Kamajaya ngukuhi Negara Ngamarta supaya aja nganti karegem para Kurawa.
Para dewa iku padha bisa ketaman ing lara, nanging ora bisa tumeka ing seda, amarga padha ngunjuk tirta amreta, yaiku tirta (banyu) kang njalari kalis ing pati. Nanging miturut layang Smaradahana yasane Empu Dharmaja, ing jamane Prabu Kameswara I ing Kediri, Bathara Kamajaya tumeka pati kobar dening geni kang mijil saka netra katelune Bathara Siwah (Bethara Guru), kang dumunung ing tengah palarapan (bathuk).
Smara tegese asmara. Dewaning asmara yaiku Bathara Kamajaya. Dahana tegese geni. Dadi Smaradahana tegese Bathara Kamajaya kang kobar dening geni.

Mulyantara
Djaka Lodang nomor 01, Edisi 5 Juni 2010

Senin, 31 Mei 2010

RADEN KAKRASANA


RADEN KAKRASANA

Raden Kakrasana iku putrane Prabu Basudewa (ratu ing Mandura) lan Dewi Rohini. Wujude satriya gagah pidegsa, pakulitane bule (putih), watake getapan, gampang duka uga gampang lilihe, sembada lan jujur.
Karosane ngedap – edapi. Kuwat jebol wit sawo kang pinuju awoh. Gajah diantem sirahe, mati sanalika. Wiwit cilik senengane nenandur.
Nalika timure Kakrasana, Negara Mandura kaancam bebaya. Nalika semana, Kangsadewa ngancam kudu dadi ratu ing Mandura. Pangakune dheweke iku putra pambayun (pembarep) Mandura. Mangaka sejatine Kangsa iku turune ratu Guwagra Sang Prabu Gorawangsa (Goragangsa).
Kanggo meper kamurkane Kangsa, nalika semana dilenggahake ing Kadipaten Sengkapura, jejuluk Prabu Anom Kangsadewa. Ewasemana Kangsa isih tetep ngucik kamukten Negara Mandura. Kanggo nylametake waris Negara Mandura sing sah, Prabu Basudewa ngungsekake putra – putrane, yaiku Kakrasana, Narayana, lan Bratajaya menyang Kademangan Widarakandhang. Demang Antiyagopa lan Nyai Sagopi kang pinercaya momong bocah telu mau.
Bareng bocah telu mau wis remaja, Kakrasana seneng ulah tetaten lan mimpin bocah –bocah enom sabarakane. Dene Narayana senengane saba alas, mbangunake tapa, ditutake Udawa.
Sawijining dina rayi dalem nata Mandura Raden Arya Prabu Rukma mertinjo ing Widarakandhang, kaya ngapa kagete bareng ngawuningani kahanan kademangan dientha kayadene kraton. Ing plataran ngarep ditanduri wringin kurung sakembaran. Sakiwa tengene dalem kademangan ditanduri wit sawo kecik, sarta ana gajah ing wantilan.
Demang Antyagopa dinukanan akeh – akeh, dianggep ora bisa mituturi sarta ngreksa wewadining kraton Mandura, nganti bisa kasurupan dening Kangsa. Demang Antyagopa banjur dijempalani dening Raden Aryaprabu. Ndilalah mbarengi baline Kakrasana saka pategalan. Nyumurupi bapake dilarani wong liya. Kakrasana muntap. Aryaprabu didhupak dhadhane nganti kontal tekan plataran. Gegancangan nyengklak jaran. Kakrasana nututi. Jaran dicandhak sikile, banjur diangkat lan kabanting. Jaran mati kapisanan, dene Raden Aryaprabu dumadakan ilang saka pandulu.

Mulyantara
Djaka Lodang nomor 50, Edisi 15 Mei 2010

BETHARA NARADA


BETHARA NARADA


Bethara Narada (Sang Hyang Kanekaputra) iku putra pembarepe Sang Hyang Cuturkanaka. Sang Hyang Kanekaputra lan Dewi Laksmi wujude dewa cebol, pasuryane ndhangak. Darbe rayi loro, yaiku Sang Hyang Pritanjala lan Dewi Tiksnawati. Dene rayi sing beda ibu uga loro,yaiku Sang Hyang Caturwarna lan Sang Hyang Caturbuja.
Garwa Bethara Narada sesilih Dewi Wiyodhi. Peputra loro, yaiku Dewi Kanekawati (dadi garwane Resi Seta), lan Bethara Malangdewa.
Sanadyan dedege cebol, nanging Bethara Narada digdaya. Jembar kawruhe, watake jujur, grapyak semanak, lan seneng geguyon.
Bethara Narada seneng mratapa ing samudra. Awake ora bisa teles dening terta lan ora bisa kumelem ing samudra. Amarga sapa genturing tapane, tejane sumunar katon saka ing Jonggringsalaka, satemah kapriksan dening Bethara Guru.
Bethara Guru nuli dhawuh marang para dewa supaya nyowanake Bethara Narada. Kabeh dewa utusane mau ora ana kang bisa mungkasi karya. Wasana Bethara Guru dhewe kang tumurun ing samodra.
Sawise adu arep, Bethara Guru ngendika kang surasane ngremehake lan ngina, sarta mamerake panguwasane.
Bethara Narada mudhar tapa, bantur gumuyu latah kanthi ngendika, “kowe ngaku ratuning para dewa lan nguwasani tri bawana, nanging emane isih demen umuk sesongaran, senengane ngina marang sapadha – padha. Apa tumindak mengkono iku kena kanggo patuladhan ? coba yen kowe ngaku luwih tuwa, gage wangsulana pitakonku iki. Panase apa kang ngungkuli panase geni ? wong utama kuwi kang kepiye ? kejaba gadhung lan kecubung apa kang bisa njalari mendem ?”
Bethara Guru ora bisa mangsuli
Bethara Narada banjur asung katrangan, “kang ngungkuli panase geni iku panasing atine manungsa. Kang sinebut wong utama iku wong kang seneng dedana, tetembungane becik, ora gelem goroh, lan ora gelem serik atine liyan. Saliyane gadhung lan kecubung, kang bisa njalari mendem iku rupa bagus lan ayu, derajat, pangkat, panguwasa, kamulyan, lan kawibawan.
“Bethara Guru rumangsa kurang putus ing kawruh, nuli ngakoni yen kalah tuwa tinimbang Bethara Narada. Bethara Narada banjur kaboyong menyang kahyangan, dipasrahi kalenggahan patih ing kahyangan, sarta kaparingan papan ing kahyangan Sidiudaludal (Suduk pangudaludal).
(Mulyantara)
Djaka Lodang nomor 44. Edisi 3 April 2010

Jumat, 28 Mei 2010

URIP

Urip
Bisa bungah uga bisa susah
Lamun bungah yen tan ana godha
Lamun susah yen nandhang cidra
Kabeh mau mung gilir gumanti
Yen ana bungah mesthi ana susah
Yen ana awan mesthi ana bengi
Iku wis kodrat saking Gusti kang murbeng dumadi
Aku bajur kelingan marang ngendikane wong tuwa
“Lhe yen lagi seneng kuwi aja seneng banget”
“yen lagi susah uga aja klarut marang rasa susah mau”
Iku mung gumantung ing rasa
Yen sira bisa ngreksa rasa kang ana ing badhane dhewe
Tan mokal sira bisa urip ayem tentrem, bagya mulya

Dening: Suradi
28 Mei 2010

GUGON TUHON

GUGON TUHON
Gugon : sipat utawa wewatakan sing gampang banget, nggugu marang guneme wong utawa dedongengan.
Tuhon : sipat utawa wewatakan sing gampang mituhu manut marang guneme wong utawa dedongengan.
Dadi gugon tuhon iku watak kang gampang banget nggugu lan manut guneme wong utawa dedongengan sing maune ora perlu digugu amarga ora ana bukti nyatane. Nanging nyumanggakake marang para pamaos “percaya mangga maido kena”. Manut wong - wong kang nggugu marang gugon tuhon mratelakake: yen ora nggugu marang gugon tuhon bakal nemu bebendu utawa sesiku kayata:
a. Dadi mangsane Bethara Kala.
b. Bisa sangsara panguripane.
c. Bisa anake entek mati
d. Bisa ora kedawa umure.
Kanggo nebus kaluputane kudu disranani slametan, nanggap wayang lakon “Murwa Kala” slametan kanggo ngilangi bebendu iku diarani “Murwat”. Dene sing klebu gugon tuhon ana warna loro yaiku:
A. Wasita Sinandhi
Wasita sinandhi tegese pitutur kang sinamun ora dilairake kanthi satemene. Padatan liyane gugon tuhon kang awujud wasita sinandhi iki diarani “Aradan”, lumrahe malah dikantheni tembung “ora ilok” kang satemene “ora becik”.
Tuladha:
1. Gawe omah tanpa tutup keyong.
2. Wong nugelake gandhik, lan nggempalake pipisan.
3. Ngrubuhake dandang.
4. Omah sing lawange lan butulane terusan.
5. Seneng kudhung kukusan.
6. Manggan lungguh pipen lawang.
7. Mbuang tuma.
8. Ngandhut lungguh tampah.
9. Sumur ing ngajengan.
10. Seneng lungguh ing bantal.
11. Wong mangan karo turon (wong waras).
12. Ngidoni genthong utawa sumur
13. Menehi dijaluk bali, mundhak bali gondhok.
14. Ngguyuh karo ngadeg, apa maneh wanita.
15. Wanita lungguh jegang.

B. Bocah Sukerta
Kang diarani Bocah Sukerta yaiku bocah kang manut kapercayan, bisane slamet lan urip kudu diruwat, lan ditanggapake wayang lakon Murwakala. Bocah Sukerta ku lamun wis diruwat wis ora kalebu memangsane Bethara Kala, satemah bisa lestari uripe.
Bocah utawa anak kang kalebu Sukerta:
1. Bocah ontang – anting : bocah lanang kang tanpa tunggal.
2. Bocah unting – unting : bocah wadon siji tanpa tunggal.
3. Bocah uger – uger lawang : bocah lanang loro kakang adhi.
4. Bocah kembang sepasang : bocah wadon loro kakang adhi.
5. Bocah cukil dulit : bocah wadon telu kakang adhi.
6. Bocah gotong mayit : bocah lanang telu kakang adhi.
7. Bocah saka panggung : bocah lanang papat kakang adhi.
8. Bocah sarimpi : bocah wadon papat kakang adhi.
9. Bocah pandhawa : bocah lanang lima kakang adhi.
10. Bocah panca gati : bocah wadon lima kakang adhi.
11. Bocah kedhana kedhini : bocah loro lanang wadon kakang adhi.
12. Bocah sendhang kapit pancuran : bocah telu lanang, wadon, lanang, kakang adhi.
13. Bocah pancuran kapit sendhang : bocah telu lanange ana tengah, kakang adhi.
14. Bocah kembar : bocah kang lair bareng.
15. Bocah gondhang kasih : bocah kembar ireng lan bule / pakulitane beda.
16. Bocah dhampit : bocah kembar lanang wadon.
17. Bocah karendha : bocah kembar nunggal bungkus.
18. Bocah bungkus : bocah lair sabungkuse.
19. Bocah tawang gantungan : bocah kembar laire ganti dina.
20. Bocah ipil – ipil : bocah lima, siji wadon papat lanang.
21. Bocah pondangan : bocah lima, siji lanang papat wadon.
22. Bocah margana : bocah lair, ing tengah dalan.
23. Bocah jimpena : bocah lair, durung ganep sasine.
24. Bocah gilir kacang : bocah lair urut lanang lan wadon.
25. Bocah julung caplok : bocah lair bareng surup surya.
26. Bocah julung kembang : bocah lair bareng plethiking surya.
27. Bocah julung sungsang : bocah lair beneri tengah awan.
28. Bocah sumala : bocah cacat wiwit lair.
29. Bocah wahana : bocah lair bareng ana keramean.
30. Bocah wuyungan : bocah lair bareng kesripahan.

GAYA BASA

GAYA BASA

Gaya basa ateges cara – carane manungsa migunakake basa, amrih gampang ditampa lan kepenak dirungokake.

Kang kalebu gaya basa upamane:

A. Asimilasi yaiku luluhing utawa sudaning pakecapan (garban = sandhi).

Tuladha:

1. Jaya + ing = jayeng

2. Nara +pati = narpati

B. Metafora yaiku unen – unen nganggo pepindhan (diupamakake).

Tuladha:

1. R. Setyaki sapukuwating praja Dwarawati.

2. Rr. Sumi dadi kembanging desa Campuranom

C. Alegori yaiku metafora kang ditulis nganggo ukara dawa banget.

Tuladha:

Gesangipun manungsa punika palwa upaminipun, dipun ombang –ambingaken alun ing samudra, katempuh ing sindhung Ali wawar. Yen boten wegig juru mudhinipun tuwin boten waspada, saged kelem pun baita utawa sumyur ing padhas karang.

D. Personifikasi yaiku pepindhan janma

Tuladha:

1. Sumpahe disekseni bumi langit.

2. Bengawan Solo lakune ngalor menggak – menggok nrajang gunung Kendheng.

3. Gunung Merapi yen gelem watuk nggegirisi.

E. Metonimia yaiku lira – lirune jeneng.

Tuladha:

1. Le, aku tukokna gudang garam.

2. Wingi ana Ramayana tubrukan karo Arjuna

3. Apik Nasional tinimbang Sanyo

F. Hiperbola yaiku pepindhan sing kliwat utawa kaladuk.

Tuladha:

1. Swarane kaya bledheg.

2. Surake kaya mbelah – mbelahna bumi.

3. Lakune kaya kilat.

G. Euphesisme yaiku unen – unen sing surasane luwih alus (basa rinengga).

Tuldaha:

1. Mati = murud ing kasedan jati = tilar donya

2. Dadi manten = nambut silaning akrami.

3. Semaput = lali ing purwa duksina

H. Ironi yaiku unen – unen sing nyaritakake kosok balen pinangka kanggo ngece.

Tuladha:

1. Bocah iki pintere ora jamak, mangsa 4 X 4 bae ora bisa.

2. Sregep temen jam wolu lagi tengi.

I. Anomatope yaiku tembung kang mratelakake jeneng metu saka uni utawa swarane.

Tuladha:

1. Bedhug saka swara dhug – dhug.

2. Emprit saka swara prit – prit.

3. Kenthongan saka swara thong - thong

J. Metatesis yaiku lira – liruning panggonaning aksara ing tembung.

Tuladha:

1. Arca = reca

2. Ardi = redi

3. Almari = lemari

4. Raksasa = rasaksa

K. Epentesis yaiku muwuhi aksara sajroning tembung.

Tuladha:

1. Amarta = ngamarta

2. Sikandhi = srikandhi

Sabtu, 22 Mei 2010

RADEN SADEWA


RADEN SADEWA (SAHADEWA)

Raden Sadewa (Sahadewa) putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya wuragile Pandhawa. Kembarane Raden Sadewa asmane Raden Nakula. Wujude Nakula lan Sadewa kembar, kembar rupa, swara, lan busana.
Nalika timure, Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen, kasatriyane Sadewa ing Baweratalun (Bumiretawu).
Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.
Raden Sadewa titising bhatara Aswin, dewa tabib. Wiwit cilik digulawenthah dening Dewi Kunthi. Wujude Raden Sadewa satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.
Ing lakon Babad Alas Mretani, Raden Tangsen bisa ngasorake yudane Jim Sadewa (riwayat liya sinebut Ditya Sapulebu), satemah Jim Sadewa mau masrahake kasatriyane, yaiku Baweratalun lan paring Aji Pramanajati kang dayane bisa ngerti sadurunge winarah.
Kanthi dayane Aji Pramanajati, Raden Sadewa bisa mbatang sayembara cangkriman “sejatining lanang, sejatining wadon”. Banjur didhaupake klawan Dewi Srengginiwati, putrane Prabu Bhadawanganala, ratu ing gisik samudra. Sabanjure peputra Sidapeksa.
Ing lakon Sudamala, Raden Sadewa sing ragane kapanjingan Bathara Guru, bisa ngruwat Bathari Durga. Sang Bathari banget panarimane marang Raden Sadewa. Dening Sang Bethari Raden Sadewa pinaringan asma “Sudamala” tegese ngresikake rereged. Sarta kadhawuhan nggarwa Dewi Padapa, anake Begawan Tambrapetra ing padhepokan Prangalas.
Mulyantara
Djaka Lodang Nomor 36, 6 Pebuari 2010

RADEN NAKULA


RADEN NAKULA

Raden Nakula putrane Prabu Pandhu lan Dewi Madrim. Satriya sumendhining Pandhawa (kakang ragil). Kagungan rayi siji tunggal rama ibu, kekasihe Raden Sadewa. Wujude Nakula lan Sadewa, kembar. Kembar rupa, swara, lan busana.
Nalika timure, Raden Nakula kekasih Raden Pinten, dene Raden Sadewa kekasih Raden Tangsen. Kasatriyane Raden Nakula ing Sawojajar.
Sedulure beda ibu ana telu, yaiku : 1. Prabu Puntadewa, 2. Raden Wrekudara, 3. Raden Janaka. Puntadewa, Wrekudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa, sinebut kadang Pandhawa, saka tembung linggane Pandhu lan hawa tegese putra Pandhu.
Manut layang Purwacarita, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Srengganawati, putrane Sang Hyang Badhawanganala. Karo Dewi Srengganawati iki, Raden Nakula peputra siji sesilih Dewi Sri Tanjung.
Manut layang Pustaja Raja, garwane Raden Nakula sesilih Dewi Suyati, putrane Prabu Kridhakerata, ratu ing Awuawulangit. Nakula klakon nggarwa Dewi Suyati sawise bisa ngalahake Indrakesata. Karo Dewi Suyati iki, Raden Nakula peputra loro, yaiku: Raden Pramusinta lan Dewi Pramuwati.
Wujude Raden Nakula satriya bagus, mbranyak pasemone. Watake jujur lan bekti marang sedulur tuwa.
Ngarepake pungkase perang Bharatayuda, Raden Nakula lan Sadewa disraya dening Prabu Kresna supaya sowan ing ngarsane Prabu salya (uwake / pakdhene) kanthi ngliga keris, pasrah pati urip. Dhawuh iki ditindakake, satemah Prabu Salya mblakakake isen – isening atine lan nyuwun tandhing mungsuh Prabu Puntadewa. Satemah dadi srana menange Bharatayuda tumrap Pandhawa.
Mulyantara
Djaka Lodang nomor 35, 30 Januari 2010

RADEN ARJUNA


RADEN ARJUNA (JANAKA)


Raden Arjuna (Janaka) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Kasatriyane ing Madukara. Wujude satriya bagus tanpa cacad. Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga (Jannah). Janaka saka tembung jannahuka, tegese swargamu. Mula sapa sing kepengin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen.

Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigel ing samubarang, seneng tetulung marang sapa bae, mula ditresnani dening sapa bae. Ora mokal yen garwane pirang – pirang. Bojo akeh iki tegese Janaka ditresnani dening sapa bae. Yen priya ngondhangake kasudibyane, yen wanita ngondhangake sigiting citra.

Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh (ilmu), sugih gaman lan mantran, sugih guru. Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji telung warna, yaiku : 1. Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating lakune Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli lakuning barat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan, 3. Aji Sempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer.

Pusakane pirang – pirang. Kang asring digunakake : Keris Pulanggeni, Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama, Pasopati.

Mulyantara

Djaka Lodang Nomor 34, 23 Januari 2010