Senin, 26 Mei 2008

Simbok.......lan Bapak

Tahun 1984 simbok nglahirake bayi saka guwa garbane.....bocah bayi sing lucu tur nyenengake iku pancen wis dicadhang - cadhang supaya ndang lair ing marcapada, supaya bisa dadi tambahing tali katrisnan ing antarane simbok karo bapake. bayi iku lair ing rumah sakit, nalika semana laire bayi iku bapake lagi gerah nemen, simboke nglahirake bayi mau kanthi thoh nyawa.......daya - daya ngupakara supayane bisa slamet sakabehane ya bayine uga kawilujengane dhewe...... alhamdulillah bayi sing kok idam - idamake dening keluwarga kuwe bisa lair kanthi pinaringan sih kawelasaning Gusti ingkang murba ing dumadi saengga slamet rahayu laire........nalika bapake mireng yen bayi sing dikandut sisihane mau lair lanang kanthi wilujeng, bapak nggadhahi pangajab ing ngajeng "mbok bilih Gusti Allah angganjar wilujeng ing samangkeh putraku yen Khitan, tak khitan ing Mbogem Yokyakarta"............banjur bayi iku dijenengi karo wong tuwane simboke utawa simbahe.......kanthi jeneng sing apik supayane ing tembe bisa dadi putra kang migunani kanggo keluwarga uga kanggo wong liya.....ora nyana yen bayi sing dak citake mau jebule awakku dhewe..................... ora karasa yen saiki aku wis gedhe .....nanging aku tansah nyuwun ing ngarsane Gusti ingkang maha Wikan muga - muga simbok karo bapak sing wis ngopeni aku awit aneng rahim simbak nganti tekan saiki , Gusti ingkang maha kuasa tansah paring panjang umur saha kawilujengan dhateng simbok kalayan Bapak sumrambah dhumateng sedaya keluwarga...........amin - amin

Tidak ada komentar: