Selasa, 28 Oktober 2008

Modul Basa Jawa Kelas X

NELPON

Wong yen arep nelpon iku kudu ngatekake unggah –ungguh basa kang trep. Dhewe arep matur utawa nelpon marang sapa ? upama marang wong kang luwih sepuh mesthi wae kudu nganggo basa kang trep, tegese aja ngantek mbasake awake dhewe. Awit nelpon iku yen ing jaman globalisasi saiki wis ora aneh maneh, mesthi wae saora orane saben wong ngerti malah akeh kang wis tau lan asring (sering) nggunakake kang jenenge media elektronik yaiku telpon utawa HP kanggo sesrawungan.

Yen arep nelpon kang kudu digatekaken yaiku :
ing sajrone matur ana ing telpon kudu sopan.
nggunakake basa kang trep, aja mbasakake awake dhewe
ukarane uga jumbuh karo swasana apa lagi susah, seneng, prehatin lan sapiturute.
luwih becike yen awake dhewe kang nelpon, iku kang pisanan ngucapake salam.

Tuladha Nelpon
1. wawan pangandikan ana ing telpon arep nyuwun pirsa kegiatane.
Adi : Assalamu alaikum, wilujeng siyang Pak ?
Pak Mad : Walaikum salam , wilujeng siyang
Punika sinten nggih ?
Adi : Kula Adi Pak.
Pak Mad : Ana apa Di ?
Adi : Badhe nyuwun priksa Pak, benjang dinten sabtu punika kegiyatanipun milahi tabuh pinten Pak ?
Pak Mad : Kegiyantane kawiwitan jam 9 Di. Lha wingi apa kowe ora melu rapat ?
Adi : Boten Pak , kula wangsul rumiyen jalaran wonten satunggiling perkawis ingkang boten saged kula tilaraken.
Pak Mad : O nggana, sesok yen teka rene radha gasik wae.
Adi : Nggih Pak, ngaten rumiyen Pak , sasampunipun kula ngaturaken agunging panuwun pak sedaya pawartanipun. Sugeng siyang Pak.
Pak Mad : Nggih, sugeng siyang Di.
Adi : Assalamu alaikum
Pak Mad : Walaikum salam.

2. wawan pangandikan ana ing telpon badhe atur bebungah (hadiah)
Paijem : Halo, wilujeng siyang pak.
Paijo : Siyang..
Paijem : Bapak kula saking Bank BRI Cabang Temanggung badhe ngaturi warta bilih panjenengan pikantuk bebungah wonten ing Undian Britama inggih punika satunggal motor Yamaha Mio. Selamet nggih pak
Paijo : Saestu Bu, Nggih matur suwun sanget Bu wartanipun. Lajeng kados pundi caranipun kula mendhet bebungah punika ?




Paijem : Panjenengan benjang dinten rebo tanggal 20 Agustus 2008 tabuh sedasa siyang tindak kemawon wonten ing Bank BRI Cabang Temanggung, kaliyan ngasta Foto copy KTP lan Buku Tabungan Britama kagunganipun panjenengan.
Paijo : O…nggih Bu. Matur suwun. Benjang dinten Rebo kula sowan mrika.
Paijem : Nggih nganten kemawon Pak, matur suwun, sugeng siyang.
Paijo : Sami – sami Bu, siyang

3. wawang pangandikan (omong – omongan) ana ing telpon marang kancane kang wis tepang.
Marno : hallo, assalamu alaikum.
Marni : walaikum salam,
Marno : piye kabare ni ?
Marni : apik no, lha sampeyan dhewe kabare piye no ?
Marno : Ya pangestune sampeyan aku apik ni, ni jarene santo sampeyan arep rabi, apa tenan ni ?
Marni : Iya aku meh rabi, aku njaluk donga pangastune wae muga – muga ora ana apa – apa.
Marno : O..ya ni, tak tak dongake muga – muga bisa langeng lan lancer ora ana rubeda. Lha calone sampeyan omahe ngendi ?
Marni : Calone aku omahe ana ing candiroto.
Marno : Kapan Resepsine Ni ?
Marni : bar bada No, sampeyan aja lali ya No teka neng omahe aku, yen lali awas !!
Marno : Ya Ni, aku ora lali. Nanging yen resepsine wis cepak ngomongi ya Ni.
Marni : Iya No. aku ora bakal lali, sampeyan lhak kancane aku kang paling raket ta. Lha sampeyan kapan arep ngantenan No ?
Marno : Mbuh Ni, aku durung siyap, kejaba durung siyap uga durung oleh calon.
Marni : Mulane luru ora mung nyambut gawe wae !
Marno : Ngece…., apa sampeyan gelem nglurakake aku Ni ?
Marni : Luru dhewe wae, mengko yen dilurakake ora cocok.
Marno : O..ya, nek ngono aku sesok tak luru dhewe wae. Didongakake ya Ni muga – muga aku enggal oleh ya Ni.
Marni : Ya No, Tak dongake.
Marno : Ya ngono wae ya Ni, gampang tak sambung maneh kapan – kapan.
Marni : O..ya No, matur nuwun ya No.
Marno : ya padha – padha. Asslamu alaikum
Marni : Walaikum salam

Senin, 13 Oktober 2008

ELING.................

Sedulurku
Ana ngendi saiki sliramu
Wis suwi ra ketemu
Apa kowe isih kelingan marang aku
Saben dina dak antu - antu
Ana ngendi ta saiki dunungmu
Apa malah saiki lali marang aku
Aku.............kancamu
Awit cilik bareng - bareng dolanan
Padha cangkriman
Padha parikan
Padha wangsalan
Padha gendhingan
Padha macapatan
padha maca geguritan
lain isih akeh liyane
Apa kabeh mau kowe wis lali
Kurugan budaya manca negari
Eling ta...eling......
Kowe aja gampang nglalekake marang budayane
Mengko geblinger, kuwalat
Ya wis aku mung ngelingke
Ndang eling marang sedulurmu
Kang wis suwe ngantu - antu
Muga - muga Gusti Paring Pangestu
Marang sedulurku

Dening : Suradi