Senin, 26 Mei 2008

Pemerolehan Bahasa Pada Anak

PEMEROLEHAN BAHASA PADA ANAK


2.1. Ana wulan – wulan Sepisan

ana minggu – minggu sepisan bisa dingendikakake yen basa sawijining bayi yaiku tangisan. Tangisan kanggo bayi kalebu sawijining cara komunikasi kaliyan ibune utawa pawongan sing ngopeni. saumpama tangisan bayi dianalisis nganggo spektograf swara, dhewe bisa ngerti yen tangisan – tangisan kuwe beda – beda, ana bab nada, ritme, lan suwine. Tangisan amarga ngelih beda karo tangisan amarga lara.
Sauwise bayi umure udakara patang minggu, si bayi mulai ngetokake swara liya kejaba tangisan contone sawise warek nyusu bayi mulai ndenguk, senajan swara iku ora disengaja dening bayi. Ana umur udakara enem minggu bayi mulai ngerutke lambe yen nyawang ing pasuryan ibune. Si bayi ngguyu lan ngobahake sikile pratandha yen si bayi seneng. Ana umur udakara rong wulan, bayi mulai ngerti yen swarane oleh tanggapan sing nyenengake saka ibune. Kejaba iku vokalisasi awal iku ora mung “wicara” artine si bayi ngungkapake gagasan utawa perasaane, nanging si bayi uga sengaja nyoba ngomunikasikake.
Apa ta sing bisa dhewe lakoni kanggo ngrangsang ngrembakane basane si bayi ana ing wulan – wulan sepisan. Iki ngilingi ora ana daya si bayi ing wulan – wulan sepisan, sing kudu dilakoni yaiku usaha mahami basa bayi lan nglatih pangrunggone kanggo ngrunggokake swara wong liya.
Mahami basa bayi. Bayi kuwe ora tau nagis yen tanpa sebab, bisa uga bayi nangis amarga ngelih, lara, ora enak awake, hawane panas banget, lan liya – liyane. Saumpama bayi nangis artine bayi iku mbutuhake sawijining bab, mula sing kudu dhewe usahake yaiku nemokake apa ta sing bayi butuhake lan nyukupi kebutuhane. Saumpama ing wulan wulan iku metu gagasan kanggo nandur kadisiplinan si bayi, mesthine gagasan iku kudu dhewe ilangi, yen bayi nangis dhewe kudu takon karo awake dhewe “Apa ta sing bayi butuhake lan kepriye carane nyukupi kebutuhane?” mula tangisane bayi iku bisa diarani panggilan saka si bayi yen arep njaluk pitulungan. Saumpama dhewe nanggapi panggilan iku mesthi wae si bayi nduweni rasa aman lan pungkasane bisa nduweni rasa pangerten.
Nimbang si bayi. Nimbang utawa ngayun – ngayunake bayi karo ngajak wicara utawa bersenadung wis lumrah lan dilakoni karo kabeh ibu marang anake, kaya wis dadi naluri ibu. Mula ora disengaja ibu nimbang, ngajak wicara marang bayine, bab iku nduweni arti sing wigati kanggo ngrembakane basa bayi umume. Kanggo bayi ana wulan – wulan sepisan. Mesthi wae bayi ora ngerti apa sing wong liya utawa ibu omongke, naging bersenandung karo wicara karo bayi. Bayi darbe rasa yen ibu nyenengi awit awal. Kajaba iku ibu uga ngenehake kasempatan kanggo bayi supaya nglatih ngrunggakake swara pawongan wicara. Sebab sadurunge bayi ajar wicara, bayi kudu bisa mbedak – mbedakake swara ndisek.


2.2. Saka telung wulan nganti enem wulan.

Ana umur telu wulan nganti enem wulan, si bayi mulai ngoceh biyasane ocehane diwiwiti nganggo huruf sing urip “Aaa” utawa “Ooo” utawa “Aaoo” yen dhewe ngajak wicara si bayi nyauri nganggo ocehan. Mula bayi bisa kendel ngoceh yen dhewe kendel ngajak wicara lan ngocehe sithik yen dhewe ora tau ngajak wicara utawa amarga si bayi tuli. Senajan mengkono bayi umur patang wulan utawa limang wulan yen asring diajak wicara ora mung angawe akeh ngocehe wae, nanging uga bisa nbantu bayi ngetokake swara – swara sing luweh variasi. Huruf mati sing sepisan biyasane bayi ucapke yaiku huruf P, B, lan M , mula ocehane bisa karungu kaya swara “Paa”, “Baa”, “Maa”.
Yen dhewe gatekake kanthi cermat, saumpama dhewe wicara karo sawijining bayi, dhewe bisa ndelok reaksi – reaksine si bayi marang wicarane wong sing lagek wicara. Sepisanan bayi ngrunggakake kanthi cermat lan nyawang pasuryan sing wicara. Saumpama kita mandek sedela anggone wicara, bayi mesthi nagggapi nganggo ocehan. Mula yen dhewe wicara karo bayi saktenane dhewe wis ngenehi stimulasi marang si bayi kanggo ngawe swara - swara sing wis dikuwasani utawa sing gek disinaoni. Sementara dhewe wicara marang bayi, bayi nyinaoni swara kita sahingga si bayi bisa mbedakake swarane kita karo swara – swara wong liya ning sakiwa tengene utawa swara - swara liya sakliyane swara manungsa. Umur enem wulan, bayi wis bisa mbedakake swara – swara wong sing dikenal lan swara swara wong sing durung dikenal. Yen dhewe mlebu ana kamare lan ngomong karo bayi, si bayi mesthi ngguyu lan ngoceh : nanging yen wong sing ora dikenal angawe sing ora apek marang bayi, si bayi mesthi nguduhake sikep curiga lan waspada.
Bab wigati sing perlu dicatet ngenani ngrembakane basa bayi ana umur iki yaiku kelancaran lan akehe ocehan si bayi ana wulan wulan iki erat banget hubungane karo kelancaran lan kecepetane sinau basa ing dina mbesuk. Satemene kaya sing wis sebutke ing ndhuwur, akehe ocehan saiki gumantung karo awake dhewe anggone ngajak wicara marang bayi. Mula kewajiban awake dhewe sing paling pokok magayutan karo bab iki yaiku wicara sakakeh –akehe karo bayi lan ngrunggakake apa sing diomongke bayi supaya ketok kaya dialog.
Merangsang ocehan. Awake dhewe wis ngerti yen kanggo ngerangsang ocehan si bayi, dhewe kudu akeh wicara karo bayi. Senajan mengkono wicara karo si bayi ora gampang kanggo kabeh wong, mligine para bapak. Ana sing amarga ora akeh wicarane (Pendiam), ana wong sing satenane akeh wicarane, nanging nduweni rasa isin yen wicara karo bayi. Apa wae alasane, ngilingi wigatine wicara karo si bayi, bab iku kudu diusahake, dhewe kudu bisa nyingkirake rasa isin.
Ana pirang – pirang cara kanggo namengi kaewetan wicara karo bayi, kaya ta ngomong karo si bayi apa wae sing kudu dhewe lakoni kanggo si bayi, “adus sek cah ayu” “Copot sek klambine” lan liyan – liyane. Bisa uga ngudhuhake buku sing ana gambare, awake dhewe crita babagan apa ta sing ana ning gambar iku lan dhewe ethok ethok agek wicara karo bocah sing umure telung taun. Senajan si bayi ora ngerti apa sing dhewe omongke, si bayi mesthi terangsang arak nanggapi apa sing awake dhewe omongke lan seneng banget ndeleng gambar – gambar sing dhewe uduhake mau. Kanggo ngakehake wicara, bisa uga dhewe ngetokake pitakon – pitakon, kaya ta “Iki apik ya” “Wong iku arep ning endi” lan liyan – liyane.
Mirengake si bayi. Awake dhewe ora mung kudu wicara karo si bayi, nanging uga kudu ngrunggakake si bayi lan njawab yen bayi ngetokake swara. Bayi mbutuhake percakapan, ora mung ngrunggakake dhewe wicara terus terusan. Yen pas ngamong – ngomong karo bayi , sing wigati yaiku dhewe kudu wicara sing biayasa wae, ora perlu nyingkat utawa nyudha ukarane sing dhewe arep ucapake, sebab sing wenehi stimulasi marang bayi dudu pemahaman isine, nanging kelancaran lan swara wicarane kita.


2.3. Saka enem wulan tekane setaun

Wulan – wulan iki kalebu tahap perkembangan sing paling wigati kanggo ngrembakane basa si bayi. Biyasane si bayi isih tetep ngetokake ocehan – ocehan kanggo nanggapi wong sing lagi ngajak wicara. Ana umur enem wulan, kesadaran bayi marang swarane wong sing omong – omongan ning sampinge wis mulai mundhak. Ana akhir umur pitung wulan, bayi mulai kemajengan. Ocehan sing muane mung sawanda, saiki dadi rong wanda kanggo mbaleni wanda kuwe, umpamane sing maune mung “Paa” saiki dadi “Papaa” saumpama kemajengan iki wis tumeka. Mesthi wae bayi mulai nyinaoni swara – swara anyar.
Ana umur wolung sasi, biyasane bayi mulai kepencut karo wicarane wong dewasa sing ana ing sakiwa tengene, senajan pawicarane iku ora tumuju ing bayi. Bayi mulai sinau teriak supaya digatekake karo wong tuwane, mula bisa dikandhake yen bayi iku mulai ngunakake swara kanggo tujuan komunikatif tartamtu. Ana umur sangang sasi bayi mulai ngetokake swara luwih terinci nganggo serangkaian wanda, umpamane “Paa – paa – paa – paa” utawa “Maa – maa – maa – maa”. Ing wektu sing padha bayi mulai ngowahi tekanan nada swarane, mula bisa pirang – pirang nada sing bisa dirunggakake kaya takon, guyon. Terus bayi ora mung nyusun balenane wanda, nanging uga mulai nyambungake wanda sing beda – beda. Saiki bayi wis bisa ngucapake tembung tembung sing bener.
Kapan bayi mulai ngucapake tembung sing sepisan, kirane angel ditentokake. Nanging ana ing umur sepuluh sasi utawa sewelas sasi , bayi biyasane mulai nggunakake swara tartamtu kanggo ngarani araning barang tertamtu. Umpamane bayi ngandhakake “bon – bon” karo nguduhke bal. ing wektu kuwe bayi isih mbutuhake wektu kanggo nemtokake swara apa sing digunakake kanggo ngarani barang sing bayi pengini. satenane bayi ing wulan –wulan iki wis nduweni basa dhewe, sing mung bisa dingerteni karo wong – wong sing cepak karo si bayi kuwe.
Bayi ana umur udakara wolu tekan rolas sasi seneng banget nirokake swara utawa tindakane wong – wong sing ana ing sakiwa tengene. Nanging kudu dieleng – eleng yen bayi kuwe sinau wicara ora mung bisane nirokake wae, kaya manuk beo. Nanging bayi sinau wicara kaya ngerunggakake , nirokake, lan mahami. Pisanan bayi kudu ngerunggakake tembung – tembung sing diucapake karo wong liya, terus nyoba nirokake lan ngupaya mahami artine. Kanti cara kuwe bayi bisa ngucapake tembung sing nduweni arti kanggo si bayi kuwe. mula kuwe, saumpama ana anak sing durung bisa ngucapake satembung wae ning ulang taune sing sepisan, kudune dhewe ora kena cepet – cepet njukuk kesimpulan yen si bayi kuwe rendet wicarane utawa males wicara. Bisa uga bayi kuwe lagi sinau mahami tembung – tembung sing dheweke runggakake saka wong – wong sing ana ing sakiwa tengene.
Kanggo wenehi stimulasi supaya si bayi kepengin ngrunggakake, nirokake ucapan lan mahami arti tembung, ana babagan sing kudu dhewe gatekake.
Wicara langsung. Bayi sinau mahami arti tembung nganggo cara ngrunggakake tembung iku kanthi bolan - balen ing ukara – ukara sing beda – beda, ing sawijining nada swara, ekspresi rai, lan obahing awak saka wong sing wicara. Mula saumpama dhewe kepengin wenehi stimulasi supaya bayi sinau wicara, ora ana cara liya kejaba wicara langsung karo sibayi. Bayi ora bisa ngatekake lan ngrunggakake kanthi cermat yen pas ngomong - ngomong karo wong akeh. Saumpamane wae, kabeh kaluwarga ana ing ruang keluwarga lan ramen anggone among – omongan, bayi ora bisa ajar apa – apa saka percakapan kuwe, si bayi mung kaya ana ing lautan swara.
Kejaba iku, penting uga dhewe nunjuk marang sing dhewe omongke lan nggunakake tembung sing padha ing ukara – ukara sing beda, supaya ngampangake pemahamane. Umpamane, “Ana ngendi sepatune ?” (karo ngajak si bocah ngoleki sepatune). Sawise ketemu, “kok kaya ngene regete” , “Ayo sepatune tak reseke” , “rene sepatune tak dienggokake ing sikilmu”. Karo menehi jeneng ing barang – barang utawa objek – objek sing kanthi cara fisik ketok, bisa ngampangake bayi anggone nyinaoni mahami arti tembung lan bisa uga ngabungake kanthi cara langsung araning objek.
Aja ethok – ethok ora ngerti. bocah bisa temen anggone sinau wicara yen kita ngudhuhake sikep luwih anggone ngatekake bayi lan bisa mahami apa sing diomongke Bocah, lan saumpama bocah dibiji bisa mahami kekarepane dhewe. contone saumpanane dhewe dolanan bal karo bocah umur sewelas utawa rolas sasi, saumpama bale ngelindhing ing sangisore meja, dhewe bisa takon, “Endi bale?” yen bocah iku nunjuk ing sangisore meja lan dhewe njukuke, bocah kuwe darbe rasa ngerti pitakonan sing ditakokake dhewe lan darbe rasa ngerti uga apa sing bocah karepake. Utawa bisa uga dhewe kongkon”Tulung jukuke bal kuwe ?” saumpama bocah kuwe mbrangkang njukuk bal kuwe lan diaturake marang dhewe, kudune dhewe ngomong “bagus, kowe wis njukuk balmu” yen mengkana bocah wis darbe rasa yen awake wis bisa mahami apa sing dhewe karepake kanthi bener, lan bocah bisa luweh semangat anggone sinau wicara.
Magayutan karo bab iki, sing kudu digatekake yaiku aja pisan – pisan dhewe ethok – ethok ora ngerti kekarepane, mung amarga bocah salah ngucapake tembung, saumpama wae bal diucapake “bon”. Sikep iki bisa ngalanggi ngrembakane basane bocah utawa ngilangake semangate anggone sinau wicara. Luweh apek yen kanthi wicaksana dhewe ngoreksi ucapane lan tetep nunjukake yen dhewe mahami apa sing bocah karepake. Dhewe kudu maklum yen ing awale bocah ora bisa ngucapake tembung – tembung kanthi bener, nanging suwe – suwe ucapane tembung kuwe mesthi dadi bener. Mula sepisan maneh sing paling wigati yaiku dhewe kudu nunjukake penghargaan kanggo usahane bocah mujudake komunikasi karo dhewe.

Tidak ada komentar: