GUNUNGAN (KAYON)
W |
ayang gunungan tegese tetironing gunung. Wujude kaya tumpeng rinengga gambar kekayon gedhe mung siji, jenenge wit purwa sejati utawa kayu purwaning dumadi. Oyode wit tumancep ing lemah, dadi kekuwataning gunung, lan pang – pangane kebak kewan isen – isening alas. Sisihe oyod ana banaspatine kang rambute mengangah. Sangisore oyod ana blumbang rinengga gambar elar winangun bledhegan. Sangisore blumbang ana gambar omah/kedhaton, jinaga raseksa loro nggawa pedhang lan tameng.
Maknane wit kang tumanjem ing lemah, banaspati, blumbang lan elar kang rineka bledhegan (makara) iku simbul bumi, geni, banyu, lan angin, kang mujudake anasir dumadine manungsa. Bleger jagading manungsa dumadi saka patang anasir kasebut. Mula saka kuwi, gunungan uga disebut Kayon (saka tembung Khayun sing tegese urip). Mula jroning gunungan isine sakehing makhluk urip, kayata macan, bantheng, ula, kethek, kidang – menjangan, sarta maneka warna iber – iberan, kang mujudake simbol napsu/kekarepan.
Kayu/kajeng
Ing jroning kayon (urip), gambar sing wajib ana iku wit Kayu Purwaning Dumadi. Kayu/kajeng simbol pangarep –arep. Kayu/kajeng tegese pangarep –arep urip luwih sampurna. Supaya urip sampurna mau kaleksanan, mula wong urip ing jagad iki aja mung nuruti hawa napsu (dilambangake raseksa loro lan maneka kewan), lurus/lempeng bae, manut tuntunaning agama (wit Purwa Sejati kang delege lempeng), sucenana atimu lan mikira kanthi wening (blumbang), supaya matimu antuk papan kang becik ing sisihe Gusti sing gawe jagad (pucuk gunung/papan sing dhuwur dhewe).
Urip kang satemene iku urip sawise mati. Ruh (sukma) sing wis uwal saka babadaning raga, bakal urip langgeng ing alam barzah. Jagad iki minangka papan golek amal kanggo sangu urip ing akhirat.
Gunane Gunungan
Ing jroning pagelaran wayang, gunungan duwe piguna: 1. Tandha wiwite pagelaran wayang, 2. Tandha genti adegan/papan, 3. Nggambarake swasana. 4. Nggambarake wewujudan kang ora ana wayange, 5. Kanggo genti waktu, 6. Nggambarake banyu, geni, angin, alas, 7. Tandha rampunge pagelaran wayang.
Mulyantara
Djakal lodang Nomor 37, 13 Januari 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar