Sabtu, 22 Mei 2010

BETHARA GURU


BETHARA GURU

B

ethara Guru (Sang Hyang Manikmaya) iku ratuning para dewa kang nguwasani triloka/tribawana/jagad tetelu yaiku jagad luhur, jagad madya,lan jagad andhap. Tegese jagad luhur yaiku papane para dewa, jagad madya papane para manungsa, jagad andhap papane para jim, dhemit, brekasakan, lan makhluka kang ora duwe pikiran. Pusakane Bethara Guru: Cis Kalaminta (Cis Jaludara) lan Trisula. Patihe bebisik Bethara Narada (Sang Hyang Kanekaputra).

Bethara Guru gedhe panguwasane. Wenang mangreh makhluk kang wujud badan alus apadene badan wadhag. Kahyangane ing Jonggringsalaka, dumunung ing pucuking gunung Tengguru. Papan iki asring sinebut Suralaya, kang surasane padunungane para dewa. Tembung liya: Surapada, Suraloka, kahyangan, kadewatan, terkadang ditembungake kaswargan.

Suralaya iku jembar banget. Perangan – perangane ana kang dirani: Jonggringsalaka, Uttarasagara, Duksinageni, Tejamaya, Sabaluri, Ekacakra, Argadumilah, Suwelagringging, lan isih akeh maneh.

Bethara Guru putrane Sang Hyang Tunggal lan Dewi Rakti (yeng ing pedhalangan sinebut Dewi wirandi utawa Dewi Rekathawati). Dumadi saka kuningane endhog mawa cahya.

Dasanamane Bethara Guru: Sang Hyang Manikmaya, Sang Hyang Jagadpratingkah, Sang Hyang Jagadnata, Sang Hyang Pramesthi Guru, Sang Hyang Utipati, Sang Hyang Lautawalhujwa, Sang Hyang lengis, Sang Hyang Caturbuja, Sang Hyang Nilakantha, Sang Hyang Randhuwandba, Sang Hyang Samba, Sang Hyang Girinata, Sang Hyang Syiwa (Siwah).

Togog, Semar, Bethara Guru, padhadene dumadi saka endhog mawa cahya. Kulite dadi Togog, putihe dadi Semar, lan kuninge dadi Bethara Guru.

Amarga rumangsa sampurna, Manikmaya didukani ramane, awit sing sampurna iku mung Gusti kang nyipta Jagad. Manikmaya banjur kasabda yen bakal darbe cacad patang perkara: 1. Tangane papat, 2. Sikile kiwa pepes, 3. Belang putih tenggake, 4. Duwe siyung kaya raseksa. Iku mau minangka pralampitaning: ngaurip, kang tegese wong urip iku mesthi kasandhangan pepetenging ati warna papat, yaiku: lali, murka, apes, lan rusak.

Mulyantara

Djaka Lodang Nomor 42, Edisi 20 Maret 2010

Tidak ada komentar: