Jumat, 09 Juli 2010
BAMBANG IRAWAN
Bambang Irawan iku satriya wijiling pertapan, atmajane Raden Arjuna lan Dewi Ulupi.
Bambang Irwan watak wantune anteng jatmika, prasaja, kenceng kekarepane. Wiwit lair tekan dewasane, mapan ing Peratapan Yasarata. Digulawenthah dening ibu lan eyange. Tokoh iki arang dikelirake. Kocape ing lakon wayang Irawan Rabi, Prabu Gambiranom, lan Kresna Duta.
Ing lakon Irawan Rabi, Prabu Kresna nedya malakramakake putrane putri kang sesilih Dewi Titisari (Sitisari) klawan Bambang Irawan putra Madukara. Nanging Prabu Baladewa datan pareng, supaya diwurungake, amarga Prabu Baladewa disraya narendra ing Ngastina mundhut Dewi Titisari, bakal kadhaupake klawan Raden Sarojakusuma (Lesmana Mandrakumara).
Prabu Kresna pakewuh marang kadang wredha, banjur murungake rembug Madukara.
Raden Arjuna ora terima. Sigra nimbali putra penganten anyar kang lagi pepasihan, Raden Abimanyu lan Dewi Siti Sundari. Sawise tinodhi banjur pinegatake. Abimanyu kantaka. Dewi Siti Sundari didhawuhi bali marang Dwarawati dikantheni abdi emban siji.
Nadyan abot pepalange, wusanane Bambang Irawan klakon dhaup klawan Dewi Titisari.
Ing lakon Prabu Gambiranom, amarga ngregem panah Rodha Dhadhali (panah Arjuna), Irawan dadi digdaya banget, saengga bisa jumeneng ratu kanthi jejuluk Prabu Gambiranom.
Sang Prabu darbe prajurit wanita kang sinebut Ladrangmungkung, prajurit iki digdaya banget.
Prabu Gambiranom didhawuhi ibune ngrangket Raden Arjuna. Klakon Raden Arjuna tinawan dening prajurit – prajurit wanita, diadepake marang Sang Dewi Ulupi. Arjuna ditagih kuwajibane anggone ora paring nafkah batin sawetara sasi. Wusana banjur pondhongan, manjing tilamsari.
Ing lakon Kresna Duta, Irawan mireng kabar yen Pandhawa wis timbul, mapan ing nagara Wiratha, diayomi Prabu Matswapati. Kapara wis nglampahake duta pamungkas yaiku Prabu Kresna. Nyuwun separone nagara Ngastina lan njaluk baline Negara Indraprastha sajajahane. Nanging lakuning duta gagal, ora entuk gawe.
Irawan gage ngadhep Begawan Jayawilapa, nyuwun pangestu nedya sowan para Pandhawa, bakal ngatonake bekti marang pepundhen. Eyange ora marengake, amarga wektu iku tiba dina pringkelan (naase) Irawan. Nanging Irawan ora sabar ngenteni dina sesuk, Irawan nekad budhal.
Kacarita kang nganglang ing dirgantara, Wil Kalasrenggi saka Negara Guwabarong. Kekiter ngupadi Raden Arjuna, nedya males ukum patine wong tuwane (Prabu Jathagimbal) kang du king nguni mati mungsuh Raden Arjuna.
Weruh satriya bagus nasak alas ing wayah bedhug tengange, kinira iku Raden Arjuna. Kalasrenggi sigra niyup, nyokot janggane Bambang Irawan. Irawan kaget. Sigra narik dhuwung, nglangga gulune Kalasrenggi. Lelorone mati sampyuh.
Mulyantara
Djaka Lodang nomor 05 Edisi 3 Juli 2010
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar