Selasa, 03 Februari 2009

KASUSASTRAN

KASUSASTRAN

Tembung kasusastran asale saka tembung lingga : susastra. Oleh ater – ater ka – lan panambang -an. Tembung susastra satemene dudu tembung lingga. Linggane kang sejati : sastra, kawuwuhan wanda su kang ateges : linuwih.
Tembung lingga sastra asale saka tembung wod Cas, tegese wulang utawa wuruk. Wuwuhan tra mratelakake tembung aran. Tuladha : japa lumrah uga disaroja dadi muni : japa mantra. Was : dandan . Wastra : apa – apa kang kanggo dandan, yaiku sandhangan kang saka barang sembet. Ma : ukur. Matra : apa – apa kang kanggo ngukur utawa ukuran ( ing basa walanda meter). Raaj : mengku, nguwasani. Raastra : apa – apa kang winengku, tabah kang dikuwasani, tanah krajan.
Castra , lumrahe ing jaman saiki mung tinulis sastra, ateges : piwulang, tulis, wewaton, paugeran, kaweruh, layang kang isi kaweruh.
Susastra ateges : piwulang kang linuwih, tulis kang pinunjul, wewaton utawa paugeran kang apik banget, kaweruh kang endah, basa kang ei peni. Kasusastran, ateges kaweruh utawa kagunan kang apik banget, kagunan kang endah, amarga binabar nganggo basa kang endah utawa basa kang edi peni. Wong guna kang bisa mahyakake bab – bab nganggo basa kang endah diarani Pujangga.

Kepriye beda – bedane kawruh Kapustakan, Paramasastra, lan Kasusastran ? Mengkene :
Kapustakan iku kawruh bab isine pustaka ( isine layang, isine buku ). iya bener bab basane uga melu dirembug (dielingi) nanging sing wigati dhewe bab isine. Paramasastra iku kaweruh kang mratelakake bab benere pangrimbage tembung, benere olehe ngarani jenenge rimbag , benere olehe negesi manut rerimbagane, bener panulise ( aksara Jawa lan latin), benere pakecapane lan benere panganggone ( ing ukara) . Tuladha :
Tembung ngajawa, menawa diandharake manut kawruh paramasastra :
a) Pangrimbage : ang + ka + jawa
b) Araning rimbag : Tanduk kriya wantah
c) Tegese manut rerimbagane : Menyang (tanah) Jawa
d) Pakecapane : Ngejawa
e) Panulisane : Ngajawa ( yen sarana misah – misah wandane: nga – ja – wa
f) Panganggone ( ing ukara ) : Sang Ajisaka olehe ngajawa ambal kaping pindho.
Wondene Kasusastran iku kawruh bab endahing basa, bab basa kang endah. Dadi ora mung bab benere, nanging sing wigati banget bab endahe

Tidak ada komentar: