Selasa, 03 Februari 2009

DHANDHANGGULA

DHANDHANGGULA

Semut ireng anak anak sapi
Kebo bongkang nyabrang kali bengawan
Keyong gondhang jarak sungute
Timun wuku gotong wolu
Surabaya geger kepati
Ana wong ngoyak macan
Den wadhahi bumbung
Alun – alun Kartasura
Gajah meta cinancang wit sidaguri
Patine cineker ngajam

Tembang ing dhuwur iku kerep kaprungu ing masarakat, nanging wong sing nembang terkadang ora ngerti menawa cakepane tembang iku isi pralambang warna – warna. Mengkene mungguh oncek – oncekane.
Semut ireng pralambange Dewi Supadi putri saka Wandhan , garwa pangrembe Prabu Brawijaya, pakulitane ireng manis.
Anak – anak sapi, peputra Lembupeteng. Lumbupeteng iku kapundhut putra mantu dening Kyai Ageng Tarub, yaiku didhaupake karo Dewi Nawangsih utawa Rara Kasihan. Lembupeteng uga kasebut Bondhankejawan
Kebo bongkang, pralmbange Kyai Kebokenanga lan Kebokanigara, putrane Prabu Brawijaya kang ora karsa manjing agama Islam. Priyangung loro iku wasanane padha tumeka ing seda, yaiku kang dipralambangake : nyabrang kali bengawan. Kyai Kebokenanga disedani dening Sunan Kudus, Kyai Kebokanigara seda muksa ana ing gunung Mrapi.
Keyong gondhang jarak sungute, pralambage Mas Karebet utawa Jaka Tingkir, ing ngatase turunane wong cilik kok bisa jumeneng Ratu.
Timun wuku gotong wolu, pralambange Panembahan Senopati dijmenengake Ratu saka pambiyantune wong wolu yaiku 1) Ki Ageng Pemanahan (Ki Ageng Mataram), 2) Ki Juru Martani, 3) Ki Panjawi, 4) Ki Jurukithing, 5) Ki Buyut Wirasaba, 6) Tumenggung Majang, 7) Pangeran Made Pandhan, 8) Adipati ing Batang.
Surabaya geger kepati, pralambange bedhahe Surabaya, wong – wong ing Surabaya padha bingung pating bilulung (geger). Nalika semana kang jumeneng Adipati ing Surabaya asama Pangeran Ratu Agung : dene sing mbedah asama Tumenggung Mangun Oneng lan Tumenggung Sepanjang, utusane Sultan Agung ing Mataram.
Ana wong ngoyak macan den wadhahi bumbung, pralambange Tumenggung Urawan (utusan Mangkurat ing Kartasura) nalika nyekel kraman kanthi gampang, kang dadi panggedhene kraman Pangeran Puger.
Alun – alun Kartasura………..sabanjure, pralambange kraman aran Dirana (anake lelurahe Srati kanga ran buyut Dirada) dicekel dening Pangeran Pringgalaya (utusane sinuwun ing Kartasura). Sauwise kacekel kraman Dirana dicancang ana ing wit wringin satengahe alun – alun Kartasura, nuli dirampog sarana dicocogi dom nganti tumeka ing pati, yaiku kang dipralambangake : Patine cineker ngajam.

Ngengrengan Kasusastran Jawa. S. Padmosoekotjo. 1956

2 komentar:

Suprapto mengatakan...

tembang dhandhanggulanipun sae, mangga sesarengan nglestantunaken basa jawi.

suradi, S.Pd mengatakan...

mangga, amrih Basa Jawa saged tetep lestari ngantos dumugi salami - lami