Jumat, 02 Januari 2009

MACA TEKS RUMPANG

Standar kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks nonsastra berbahasa Jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.

Kompetensi Dasar : Membaca teks rumpang

Seserepan.

Jenengane wae teks rumpang yaiku teks kang durung komplit.

  1. Wacan.

AJA DEMEN NGETUNG BECIKE DHEWE

Wis lumrah, yen wong lair ing alam donya duwe sipat lan sikep kepengin ngetokake dhiri pribadine 1)………………………………….. Embuh iku tumindak sikap dalah sifat sing ala utawa becik.

2)………………………………………, banjur diketokake kabecikane ing sangareping liyan. Kabeh iku mau dijarag, amrih wong liya ngerteni apa sing wis ditindake. Njarag ngumukke, pamer kekuwatan dalah keluwihan sing diduweni. Apa wae sing ditindakake rumangsane bener lan pener. Mungguhing wong yen kepengin uripe ing bebrayan agung, tansah disinengkuyung dening liyan, aja pisan – pisan nganggep piyambake bener dhewe.

Utamane nalika ambyur ing pasrawungan, perkumpulan, dalah organisasi – organisasi. 3)………………………………………………………… Sebab sikap dalah sipat sing kaya mengkono iku, bisa nuwuhake pambiji saka wong liya kurang becik.

Babagan kasebut salaras karo wewarah utawa ungkapan tinggalane leluhur kita, utamane bebrayan Jawa yaiku 4)………………………………………….. Yen kita gelem sinau kanthi permati, wewarah kasebut ngemot pitutur luhur kang dhuwur pangajine.

Aja dhemen ngetung becike dhewe, ngemot pitutur amrih wong tansah, 5)……………………….. semono uga panemune liyan. Aja pisan – pisan nganggep piyambake unggul dhewe, apik lan bener dhewe.

Senadyan iku bener ara apik yen diketok – ketokake. Tataran ilmu sing paling dhuwur, dalah liyane .upamane materi ora kudu di umumake.urip iku diibarat pari wae tansaya tuwa lan mentes.( ana isine),malah tumungkul.semono uga wong paling becik yaiku, 6)………………………………………… Ngunakake dhadhane,amrih kaluwihan sing diduweni dimangerteni liyan.

7)……………………………………………,iku luwih becik diamalake marang liyan.aja banjur kepinterane kanggo minteri .kebecikan-kebecikane sing wis ditindakake aja dietung kanthi njlimet. Kabeh tumindak sing becik diikhlasake. Aja diuthik-uthik wola-wali,amrih dimangerteni liyan

Wewarah “Aja ngetung becike dhewe” iku lair karana padinane wong Jawa.8)…………………………………… Nindakake kesalahan utawa kekhilafan iku lumrah. Ora ana wong sing uripe sampurna sakabehe.

Dadi saupama ana wong liya nindakake kesalahan, 9)………………………, aja banjur diala – ala. Bisa wae liya dina awake dhewe nindakake pakaryan kang padha.

Wis jamak lumrah, wong iku kadunungan sipat dalah sikap lalen. Kanthi mengkono, 10)………………………………………….dalah salah yen dinulu, paling becik aja melu nyampuri urusane. Apa maneh, nganti ngelek – elek. Diangep wae piyambake khilaf.

Ana bacute………………………………………………………………………..

Dening : Atien

Kapendhet saking Kalawarti Djaka Lodang Nomor 20, edisi Oktober 2008. hal 13

  1. Coba paragrap ing dhuwur jangkepana nganggo ukara – ukara ing ngandhap.
    1. Pancen sok ana wong sing nduweni watak becik
    2. “Aja dhemen ngetung becike dhewe”
    3. Saupama nduweni kaluwihan,embuh iku babagan ilmu,materi,aja banjur angone ndangak kedhuwuren.
    4. Mbok menawa iku wis dadi sikap dhasare
    5. Nora becik yen nduweni sikap lan sipat, dhiri pribadhine luwih apik, pinter, lan sapanunggalane
    6. ngregani, ngurmati wong liya
    7. “manungsa iku kadunungan sipat apes”
    8. Nduweni kaluwihan ilmu
    9. nalika wong liya nindakake pakaryan sing kurang bener
    10. kekhilafan kanthi sengaja utawa ora
  1. Golekna pokoke ukara ing saben paragrap !

MACA PAWARTA

MACA PAWARTA

Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan nonsastra berbahasa Jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.

Kompetensi Dasar : Membaca berita

Maca saking pawarta Televisi.

Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.

Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :

  1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
  2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
  3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
  4. pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
  5. sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres

Tuladha Pawarta Televisi

Teks Pawarta; Jogja TV

Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.

Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.

Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.

Teks Pawarta; TVRI Jogja

Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.

Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.

PARAGRAP DEDUKTIF LAN PARAGRAP INDUKTIF

PARAGRAP DEDUKTIF LAN PARAGRAP INDUKTIF

Standar Kompetesnsi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan nonsastra berbahasa jawa dengan berbagai teknik membacauntuk berbagai tujuan

Kompetensi Dasar : Membaca intensif paragrap deduktif dan induktif

Seserepan

  1. Paragrap Deduktif lan Paragrap Induktif

Paragrap iku dumadi saka kumpulan ukara –ukara kan nduweni siji ide pokok (kalimat utama) lan ditambah anane ukara – ukara panjlentreh ( kalimat penegas).

Syarat paragrap bisa diarani apik menawa :

    1. Nduweni kohesi (nyambung babagan ujude).

paragrap kang apik kudu nduweni ukara – ukara kang nyawiji jumbuh saka wujude.

Kanggo niteni anane kohesi bisa ditonton saka ukara –ukara kang migunakake :

a. Tembung penunjuk kayata : iki, iku, kuwe, kawe, lan sapanunggalane

b. Tembung sesulih ( ing basa indonesia diarani kata ganti orang)

c. Ngambali tembung kang dadi undering ide pokok.

    1. Kohorensi, paragrap dianggep nyawiji menawa kabeh ukara kompak padha nyengkuyung topik.

Manut mapane pokoke ukara ( kalimat Utama ), paragrap dibedakake dadi lima yaiku paragrap Deduktif, paragrap Induktif, paragrap Deduktif – Induktif, Paragrap Ineratif, lan Paragrap deskriptif/naratif. Nanging kang dibahas ana ing kompetensi iki mung loro wae yaiku paragrap deduktif lan paragrap induktif.

1. Paragrap Deduktif

Paragrap Deduktif yaiku paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragraph, banjur kasusul ukara – ukara panjlentreh. Pokoke ukara (kalimat utama) ora kudu manggon ana ing ukara pisanan, bisa manggon ana ing ukara kapindho jalaran ana paragrap kang ukara pisanan awujud ukara transisi ( perekat ).

Tuladha paragrap Deduktif.

Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing apik. Ora ana manungsa sing kepengin nemu kedadeyan sing ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka. Yen bisa nemoni kedadeyan sing nyenengake iku sinebut beja, dene yen nemoni kedadeyan ora nyenengake adate banjur diarani cilaka.

2. Paragrap Induktif

Paragrap Induktif yaiku paragrap kang ukara utamane manggon ana ing sisih buri paragrap. Adate ukara utama ana paragrap Induktif nggunakake konjungsi penyimpul antar ukara kayadene : dadi, mula, lan sapanunggalane, nanging iku ora mutlak, jalaran akeh uga ukara utama kang ora kudu diwiwiti ngganggo konjungsi kasebut.

Tuladha Paragrap Induktif.

Prabeya kanggo transportasi saya suwe saya mundhak. Rega – rega barang kabutuhan urip saben dinane uga melu mundhak saengga rakyat cilik ora kuwat tetuku kanggi nyukupi kabutuhaning urip. Kauripane rakyat cilik saya mundhak susah. Iku mau jalaran saka mundhake rega BBM wiwit minggu –minggu iki glunjak banget regane.

  1. Wacan

BOCAH KELEMON

Angel Open – openane

Bocah kang awake kelemon biyasane luwih akeh kang ngalami bab – bab kang kurang prayoga tumrap kesehatan, becik kesehatan mental lan kesehatane awak menawa ketandhingake karo bocah kang bobote normal. Mengkono pratelane Dr. Sarah A. Mustillo salah sawijining peneliti saka pusat Medis Universitas Duke ing Durham, Carolina sisih lor.

Panaliten sajerone wolung taun tumrap bocah kang cacahe 1. 000, kabeh bocah turunan Eropa kang padha dene kelemon antuk sawetara sesurupan. Bocah kang kelemon ora lanang ora wadon akeh kang nduweni tandha penyimpangan psikologis ing antarane asring padha nerak aturan. Bocah – bocah lanang kang kelemon uga gampang depresi.

“Trep – trepane tumrap sesurupan bab bocah kang kelemon iku ana gandheng cenenge karo akehe risiko bab kesehatan, uga ana gandheng cenenge karo bab penyimpangan psikologis, malah uga dumadi marang bocah – bocah kang umur welasan taun,” mengkono Mustillo weh katrangan kaya kang dibiwarakake dening Rueters sawetara wektu kapungkur.

Sawise diteliti kanthi permati awak kang kelemon cedhak karo lelara ing antarane paru – paru, weteng, lan lelara kang ana gegayutane karo sirkulasi. Malahan sajerone isih bocah ana kang wus wiwit ketaman lara jantung, lara gula, lan lara kanker usu, mangka isih sajrone mangsa mundhak gedhe lan mundhak pinter.

Ana bacute……………………………………………………………….

Dening : Yudhet Wahyudi AN

Kapandhet saking Kalawarti Djaka Lodang, Edisi 6 September 2008 nomor 14

Kaca 18

Tugas.

Coba saka wacan ing dhuwur golekana ukara pokoke ( kalimat utama) ing saben paragrap !

Kasusastran Jawa mujudake sumber budaya kang ngandhut tapsiran dhuwur. Isine nglimputi crita raja –raja, piwulang moral, filosofi urip lan panguripan, piwulang budi pekerti, tamba tradhisiyonal tumrap manika warna lelara, tata upacara adapt, mantra – mantra panaluk manika rupa bebaya, seni karawitan, beksan, jogged, pewayangan lan liyane.

Kasusastran kang arupa naskah kuna iku asil tulisan tangan ing godhong lontar, kulit kayu, lulang kewan, penjalin, pring, lemah lempung, keramik apadene dluwang. Aksara kang digunakake uga maneka rupa, ana kang nganggo aksara Jawa, arap pegan, Bali, sunda, Aceh, Batak lan liyane.

PIDHATO

PIDHATO

v Tegesipun Pidhato

Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.

Kegiyatan micara ing samgarepe wong akeh bisa kabagi dadi loro, yaiku :

a. Wong kang pidhato nalika rampung anggone menehi sesuluh marang pamiarsane,

lan ora menehi kalodhangan kanggo takon utawa menehi tanggepan.

Tuladhane kayata ceramah, wara-wara, lan khotbah.

  1. Wong kang pidhato nalika rampung banjur menehi wektu marang pamiarsa kanggo menehi tanggepan.

Tuladhane kayata diskusi lan rapat.

Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing ngisor iki.

a. Naliti prakara kanthi

1) Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakal digayuh.

2) Naliti pamiarsa kayata lanang kabeh utawa wedhok kabeh, umure rata-rata

Piro, lsp.

3) Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi mangsa

Apa.

4) Milih lan mbatesi topic.

b. Nata pidhato kanthi

1) Nglumpukake bahan.

2) Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).

3) Ngandarake kanthi cetha.

c. Gladhen kanthi migatekake

1) Intonasi utawa lagu swara

2) Sikap

3) Gaya basa

4) Wirama

Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan

Pambuka, yaiku :

a. Nata pokok-pokok pikiran

b. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok

c. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato)

d. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis ditata.

Tata cara (metode) pidhato bisa katindakake kanthi :

a. Cara naskah

Pidhato kanthi cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung. Cara iki nduweni kekurangan, yaiku kaku amarga antarane pidhato lan pamiarsa ora bisa bebas anggone padha nyawang sarta lagu ukara (intonasi).

b. Cara apalan

Cara iki akeh digunakake dening wong kang nembe ajar pidhato yaiku kanthi cara nyawisake naskah (teks) banjur diapalake.

c. Cara impromptu

Cara iki rada bedha karo loro cara sadurunge yaiku pidhato ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh lan pengalaman kagiyatan micara bisa katindakake kanthi lancer.

d. Cara ekstemporan

Cara iki namung nganggo cathetan cilik kang isine balunganing karangan. Cara pidhato iki ora ngapalake tembung-tembung nanging bisa ngembangake nganggo basane dhewe.

v Tegesipun Pranatacara saha Pamedharsabda

Pranatacara asring sinebat master of ceremony (MC) pambyawara, pranata adicara, paranata titilaksana, utawi pranata laksitanibg adicara. Regeng, rancag, nges, lan botenipun satunggaling adicara seperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, utawi pentas (show) , lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan , lan panghargyan, sanadyan mekaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon.

Pamedhar sabda inggih punika paraga ingkang kajibah mbabar satunggiling prekawis ( wacana ). Ing tata upacara panghargyan pamedharsabda mundhi dhawuhipun ingkang hamengku gati, upaminipun paraga ingkang kajibah ngaturaken pambagyaharja, utawi ingkang kajibah ngaturaken panuwun dhateng para takziah ingkang sampun ndherek bela sungkawa

(wakil kulawarga), atur pambela sungkawa wakil saking para takziah, utawa atur panglibur dhumateng kulawarga ingkang nandhang dhuhkita.

v Tatacara Pidato

Wonten salebeting pidato, sikep sarira ugi kedah dipun gatosaken supados saged mranani ingkang mirengakaken. Tuladhanipun sikep ingkang kirang meranani kadosta :

1. Jumeneng kanthi lelendhehan papan wicara

2. Jumeneng kanthi lelambahan setunggal suku.

3. Salira ngewah – ewahi ( nganeh – anehi)

4. Mbesengut

5. Asring ngebahaken satunggiling sarira.

6. nglebetaken sarira wonten ing sak celana..

7. Boten nggatosaken ingkang midhangetaken.

8. Asring ningali nginggil. Lan sapanunggalane

Wondene ingkang kedah dipun gatosaken inggih punika perkawis – perkawis kadosta :

1. swanten ingkang los saha mantep.

2. irama swanten kedah trep selaras kaliyan kawontenan

3. rancaking pamicara kedah selaras kaliyan tandha – tandha wicara.

v Kepriye Urutane Isi Pidato

Supaya bisa cetha lan narik kawigatene pamireng / audience, isine pidhato kudu ditata utawa diracik kanthi urutan kang tumata. Bab perangane isi pidhato , tuladha cengkorongan ( karangka ) kaya mangkene :

1. Uluk salam/ salam pambuka

2. Purwaka basa

a. Atur pakurmatan

b. Puji syukur dhateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Kuwasa

c. Atur Panuwun / ngaturaken ayahan

3. Surasane basa / isi pidhato

4. Wasana Basa ( Ukara kang mungkasi pidhato)

5. Salam Panutup

v Tuladha Pidhato

1. Atur Pasrah pinanganten Kakung

Assalamu alaikum wr. Wb

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin

Pamjenenganipun Bapak ……….sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelengahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa………………ingkang pantes sinugata ing tata krani. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa………… sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas…………………..dene wigatosing perlu nuninggih mekaten

Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa ………………sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa…………………sekaliyan garwa dalasan sedaya kadang kulawarga.

Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas……………….mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa ……………………ingkang nama rara ayu…………..miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengambyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancer tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.

Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu alaikum wr.wb.

2.

Assalamu alikum wr. Wb.

Panjenenganipun para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung langkung dhumateng para pangemban – pamgembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah

Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten ing dalemipun Bapa……………..tan manggih rubeda tuwin sambikala.

Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi.

Keparenga kula ing mriki minagka sesulihipun panjenengan bapa…………….ingkang ari kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning sepuh nuninggih amarhargya putra amiwaha siwi putra putrinipun ingkang nama risang Bagus………………………..jinatu krama dening rara ayu ……………..atmaja putrinipun bapa ………………….ingkang lenggah pidalem ing ………………wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah rikala dinten ……………surya kaping …………………..wonten ing KUA……………kanthi pranatan agami islam.

Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun idi pangestunipun sambet kalayan hajatipun bapa……………. Kalawau.

GEGURITAN, MACAPAT, CAMPURSARI

GEGURITAN

Tandha – tandhane geguritan :

1. Kapantha – pantha dadi bait utawa pada

2. Saben ukara ganti baris ( larikan = gatra )

3. Tetembungan lan ukarane ringkes, isine mentes lan ana bobote sastra.

4. Ekspresi lan rasa pangrasane penulis bebas.

5. Tema utawa underane crita angel dipahami

6. Ana sing nganggo purwakanthi (sajak) la nana sing ora nganggo.

Carane ngripta ( nganggit = ngarang ) geguritan :

1. Nemtokake tema utawa underane geguritan.

2. Kosentrasi kang seriyus kanggo golek imajinasi.

3. Milih tembung kang mentes lan ana bobote sastra.

4. Ngrakit ukara kang ringkes, dipantha – pantha dadi bait utawa pada.

5. saben ukara kanthi larikan (gatra).

6. Yen perlu nganggo purwakanthi (sajak) ben enak diwaca lan gampang diapalke.

7. Diwaca bola – bali kanggo ngukur cocok apa orane karo underane crita, lan aja nganti kaya gancaran kang dipantha – pantha dadi bait.

8. Menehi sesirah utawa judul.

Carane ngapresiasi geguritan :

1. Konsentrasi kang serius kanggo miwiti apresiasi.

2. Diwaca bola – bali kanthi lagu ( intonasi ), lafal ( ucapan) lan aksen (tekanan) kang bener.

3. Ngerti karep lan imajinasine penulis, senajan mung kira – kira.

MACAPAT

Pathokane tembang macapat.

1. Pocung : 12u – 6a – 8i – 12a

2. Maskumambang : 7u – 6a – 8i – 8a

3. Gambuh : 7u – 10u – 12i – 8u – 8o

4. Magatruh : 12u – 8i – 8u – 81 – 8o

5. Kinanthi : 8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i

6. Asmaradana : 8i – 8a – 8e – 8a – 7a – 8u – 8a

7. Mijil : 10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6u

8. Pangkur : 8a – 11i – 8u – 7a – 12u – 8a – 8i

9. Durma : 12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7a

10. Sinom : 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a

11. Dhandhanggula : 10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 6u – 8a – 12i – 7a

Tuladha Tembang macapat :

Pocung

Ngilmu iku kalakoni kanthi laku 12 u

Lekase lawan kas 6a

Tegese kas nyantosani 8i

Setya budya pangekese dur angkara. 12a

Asmaradana

Pratelane wong akrami 8i

Dudu bandha dudu rupa 8a

Hamung ati pawitane 8e

Luput pisan kena pisan 8a

Yen gampang luwih gampang 7a

Yen angel angel kalangkung 8u

Tan kena tinambak arta 8a

Gambuh

Sekar gambuh ping catur 7u

Kang cinatur polah kang kalantur 10u

Tanpa tutur katula tual katali 12i

Kadaluwarsa katutuh 8u

Kapatuh pan dadi awon 8o

Dhandhanggula

Pamitaku nimas sida asih 10 i

Atut runtut tansah reruntungan 10a

Ing sarina sawengine 8e

Datan ginggang sarambut 7u

Lamun adoh caket ing ati 9i

Yen cedhak tansah mulat 7a

Sida asih tuhu 6u

Pindha mimi lan mintuna 8a

Ayo nimas bareng hanetepi wajib 12i

Sida asih bebrayan 7a

TEMBANG CAMPURSARI

Tembang – tembang campursari kathah ingkang ngginakaken purwakanthi guru swara, punika supados sae menawi dipun mirengaken lan gampil dipun apalaken.

Tuladha Tembang campursari ingkang ngginakaken Purwakanthi guru swara :

Cintaku sekonyong – konyong koder.

Cintaku sekonyong – konyong koder

Karo kowe cah ayu sing bakul lemper

Lempere pancen Super

Resik tur anti laler

Yen dipangan neng sirah rasa mbliyer

………………………………………..

Ketar ketir ati tansah ketar ketir

Yen tak pikir aku kaya lampu senthir

Mobat – mabit sribat – sribit

Yen kena angina sing sumribit

……………………………….

Aja Sujana

Aku wis ngaku salah kandha sak nyatane

Saka ati ramung ana lambe

Geni sing neng ati

Enggal disirami

Ya ben adhem kaya dhek wingi

Mbok wis aja sujana

Aja nyeksa raga

Trisna kuwi mesthi ana godha

Mawa sing neng dhadha

Enggal dileremna

Ya ben tentrem kaya dhek semana

Ronce – ronce melati benange lawe

Pupus klapa sing ngelengke

Nganti tuwa aku isih trisna kowe

Senajan ana godha sepira akehe.

Kangen

Pitung sasi lawasé nggonku ngentèni

Mung sliramu wong bagus kang dadi ati

Rina wengi mung tansah tak impi-impi Jroning ati

kangenku setengah mati

Jenang gula ya mas ya mbok aja lali

Ngèlinana rikala jaman semana

Sliramu janji aku setya ngentèni

Lahir batin tresnaku setengah mati

Reff:

………………………………………………………………….

LAYANG PRIBADHI

LAYANG PRIBADI

Standar kompetensi : Mampu menulis surat dan pidato serta menulis huruf Jawa.

Kompetensi dasar : Menulis Surat Pribadi.

A. Seserepan.

Layang utawa nawala yaiku basa kang diaturake nganggo tulisan utawa salah sijining piranti komunikasi kang awujud tulisan.

Layang pribadhi iku wujude kaya layang lumrahe. Sing dadi pratandhane menawa layang iku kalebu layang pribadhi yaiku pigunane. Tegese layang mau digunakake pribadhi marang pribadhi lan isine ngrembug perkara pribadhi utawa ora perkara kadinasan. mula saka kuwi basa kang digunakake ing layang pribadhi luwih longgar. Karepe basa ing layang pribadhi ora kaiket dening aturan - aturan kang baku nanging mung kaiket dening peprenah antarane kang ngirim layang lang kang dikirimi layang. Nanging basane layang pribadhi bisa ngoko bisa uga krama gumantung kalungguhane wong sing dikirimi layang. Menaw kang dikirimi layang kuwi kanca sepadha - padha utawa peprenahe luwih enom, layang bisa ditulis nganggo basa ngoko. ananging yen kang nampa layang peprenahe luwih tuwa utawa dhuwur kalungguhane, prayogane layang mau katulis nganggo basa krama.

Sanajan layang pribadhi duwe kalonggaran babagan basa lan perkara kang dirembug, layang pribadhi ora kena ninggalake subasita lan tata krama. layang pribadhi uga kudu ditulis kanthi cetha, gampang dipahami dening kang nampa layang. kanthi mengkono layang mau ora nimbulake kabingungan lan kesalahpahaman, utamane kanggone sing nampa layang.

Manut basa, isi, sipat lan asale, layang bisa kaperang dadi papat, yaiku :

a. Surat (layang) resmi.

b. Surat ( layang ) dinas.

c. Surat ( layang) niaga

d. Surat (layang) pribadhi.

Peprincene gawe layang :

1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.

2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :

a. Rinengga sugenging pakurmatan.

b. Tansah winantu suka basuki.

c. Katentreman lan karahayon

d. Winantu ing bagya mulya.

e. Sembah sungkem.

3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep - arep supaya kang dikirimi uga slamet.

4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.

5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :

a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.

6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.

Parakan, 21 Agustus 2008

7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :

a. Saking ingkang putra

b. Bapakmu ing omah

c.Adhimu saka paran, lsp

8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.

9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.

B. Tuladha gawe layang

1. Layang anak marang wong tuwa.

Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)

Jln. Aip Mungkar Parakan

Temanggung.

Sembah sungkem, (2)

Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak sah Ibu ugi mekaten. amin. (3)

Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae, amin. (4)

Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)

(6) Semarang, 26 Nopember 2008

(7) Saking ingkang putra

(8)

(9) Hadi Prawira

2. Layang ulem

Nambut silaning akrami:

Dra. NIKEN NASTITI
KRT. Tedjaningrat

Kaliyan

Drs. MARYAN UTAMA
Letkol Sumaryan

Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 Desember 2006
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta

Ngayogyakarta, 1 Desember 2006

Nuwun wiyosipun,

Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula penganten kekalih, mbenjang ing:

Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi
Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta

Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur nuwun sanget. Nuwun.

Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih



3.Tuladha Serat Ulem Supitan

Supitan:

1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA

Gresipun:
Jumuah Wage, 8 Desember 2006
Pukul 09.00 enjang
ing Dokter Supit Padmasuri
Jampiroso Temanggung

Parakan, 1 Desember 2006

Nuwun wiyosipun,

Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20 Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan Parakan, temanggung


Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.

Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih

4. layang Kitir Lelayu

Innalillahi wa inna ilaihi roji’un

Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip 1939) pukul 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna:

KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)

Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2006 pukul 14.00

Ngayogyakarta, 24 Desember 2006

Ingkang duhkita

*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)

Senin, 10 November 2008

Download Aksara Jawa

Panjenengan ingkang badhe ngersakaken font Aksara Jawa ngeklik kemawon wonten ngriki