- Tembung camboran unduh
- Parikan lan wangsalan unduh
- Tembang Macapat unduh. supados waosan macapat punika saged dipun mirengaken sedaya, saderengipun kersaha panjenengan unduh langkung rumiyen macapat ingkang wonten salebetipun web http//ki-demang.com matur nuwun.
- Tembang Campursari unduh
- Busana Jawa unduh
- Gamelan unduh
- Layang Pribadhi unduh
- Maca Tulisan Jawa unduh
- Pidhato unduh
- Purwakanthi unduh
- Paragraf Deduktif lan Paragraf Induktif unduh
- Mendengarkan sambutan unduh
Senin, 15 Juni 2009
Pembelajaran Ngginakaken Power Point
Jumat, 17 April 2009
Minggu, 15 Maret 2009
Menulis Pidhato
Kompetensi Dasar : Menulis Pidato
Wedharing pangandikan, iku bisa digawe dawa lan ringkes. Semono uga ing bab basa kang digunakake, bisa nggunakake basa kang prasaja (biyasa) utawa basa kang rinengga ( endah ). Kabeh mau gumantung swasanane, ana ing upacara apa, sapa kang midhangetake, lan kapan wektune. Bakuning wedharing pangandhikan kudu urut – runtut ( sistematis ), cetha pilah – pilahane, isine pangandikan kudu jumbuh karo ayahane.
Babaring pangandikan, prayogine kaperang dadi telung perkara, yaiku :
1. Purwaka, yaiku atur kang pinangka pambuka
2. Isi utawa perangan wigati, yaiku wosing pangandikan ( intine kang diomomgke)
3. Wasana yaiku atur kang pinangka panutup.
Amarga ana pirang pirang warnane medharsabda (pidato) mula ana bedane ing bab isi utawa wigati utawa intine pangandikan. Wondene perangan purwaka bisa padha wae.
1. Perangan purwaka, ngemot :
a. Uluk salam utawa salam pambuka
b. Pakurmatan marang tamu
c. Puji syukur marang Gusti Allah Swt
d. Ngaturake ayahane utawa jejibahane
2. Perangan isi / wigati / inti, ngemot : (upamane wakil panitiya)
a. Ngaturake sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhe tamu.
b. Ngaturake ujuding gati / khajade ( khajade apa ?, kapan kalaksanane ? para tamu disuwun apa ?
c. Ngaturaken agunging panuwun awit pambiyantune para mudha, masyarakat,…………….lan sumbang sih saking para tamu. Ora bisa atur piwale mugi gusti ingkang males.
d. Nyuwunaken pangapunten kekurangan lan kaluputane minangka panitya.
e. Saupama ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula.
3. Peragan panutup, ngemot:
a. Kasuwun nerusake anggone lelenggahan nganti purna (rampung)
b. Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi
c. Salam panutup.
Tuladha Pidhato ketua panitya
1. Purwaka
a. Uluk salam utawa salam pambuka
Assalamu alikum wr.wb
b. Pakurmatan marang tamu
Panjeneganipun Bp Kyai…………….ingkang lebda ing babagan Agami ingkang tansah kula tengga – tengga sabdatamanipun
Panjenenganipun Bapak Kepala SMK YP “17” I Parakan ingkang tansah kula bekteni. Bapak saha Ibu Dwija dalah sedaya Kariyawan ingkang kula kurmati. Boten katalumpe dumateng sadaya siswa – siswi SMK YP “17” I Parakan ingkang cinaket ing manah.
c. Puji syukur marang Gusti Allah Swt
Saderengipun sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken manembah saha muji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang maha Luhur, nun inggih Allah Swt ingkang sampun kepareng mbabar kasarasan karaharjan dhumateng panjengan sadaya dalasan kula, saengga panjengan sadaya dalasan kula saged kempal manunggal wonten ing adicara Pengaosan akbar mengeti Maulud Nabi Muhammad Saw ing siyang punika kanthi tan manggih rubeda satunggal punapa.
d. Ngaturake ayahane utawa jejibahane
Para rawuh kakung saha putri ingkang winantu ing suka basuki.
Keparenga adeg kula ing ngriki minangka badaling kandha, wijiling atur, sulihing basa saking kadang panitya pangaosan mengeti Maulud Nabi Muhammad Saw, badhe ngaturaken ingkang minangka wigatosing atur kula. Nun inggih mekaten
2. Wigati/ isi / inti
a. Ngaturake sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhe tamu.
Ingkang sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng pilenggah dhumateng panjenengan sadaya, mugi pajenegan sadaya kersa lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, awit adicara punika menawi boten karawuhan panjengenan sadaya kados tanpa daya bebasan Aji godhong garing. Sadaya kalawau kula namung saged matur agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng panjengan sadaya.
b. Ngaturake ujuding gati / khajade ( khajade apa ?, kapan kalaksanane ? para tamu disuwun apa ?
Kaping kalihipun, kula dalah sedaya pengurusan OSIS SMK YP “17” I Parakan, magayutan kaliyan wulan Maulud punika, ngawontenaken pangaosan akbar, awit pengaosan akbar wonten wulan Maulud punika panci sampun dados program tahunan OSIS SMK YP “17” I Parakan. Wondene kula dalah sedaya panitya pengaosan ngaturi rawuh panjenengan sadaya boten wonten sanes badhe ngajak sesarengan nambah seserepan wonten ing babagan kaweruh Agami, supados nambah iman lan taqwa panjenengan sadaya lan kula anggenipun manembah wonten ngarsaning Gusti ingkang Maha Mirah.
c. Ngaturaken agunging panuwun awit pambiyantune para mudha, masyarakat,…………….lan sumbang sih saking para tamu. Ora bisa atur piwale mugi gusti ingkang males.
Kaping tiganipun Kula dalah sedaya kadang panitya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Kepala SMK YP “17” I Parakan ingkang sampun paring palilah satemah Pengaosan Akbar punika saged lumampah. Gunging panuwun ugi kaaturaken dhumateng Bapak saha Ibu Dwija ingkang sampun paring sabiyantu, inggih sabiyantu ingkang awujud eguh pratikel, bausuka, malah ugi donya brana saengga adicara punika saged lumaksana. Boten kasupen gunging panuwun ugi kaaturaken dhumateng para siswa – siswi SMK YP “17” I Parakan langkung – langkung dhumateng kepengurus OSIS SMK YP “17” I Parakan ingkang sampun kasdu paring sabiyantu wontenipun pengaosan akbar punika. Sedaya bebuden sae panjengan sadaya kalawau kula dalah sedaya kadang panitya boten saged piwales punapa – punapa, namung saged ngaturaken aguning panuwun ingkang tanpa linangkung. Sinartan puja puji ing ngarsaning Gusti ingkang Maha Suci, mugi sedaya bebuden sae panjenengan sedaya kalawau kareken dados amal sae, lan mugi Gusti Allah Swt males bebuden sae panjenengan sadaya malangkung – langkung agengipun.
d. Nyuwunaken pangapunten kekurangan lan kaluputane minangka panitya.
Para rawuh ingkang luhuring budi.
Kaping sekawanipun kula dalah sedaya panitya anggenipun ngaturi rawuh panjenengan sadaya tamtu kemawon wonten kalepatan saha kekiranganipun langkung langkung angenipun ngaturi palenggahan dhumateng panjengan sadaya, mbok bilih ndadosaken kiranging sekeca anggenipun pinarak pramila kanthi andhaping manah kula dalah sedaya kadang panitya nyuwun aguning pangkasama. Lan mbok bilih kula anggenipun ngaturi pakurmatan kirang mirasa satemah kirang damel suka renaning pengalih panjengan sadaya kula saha sedaya kadang panitya tansah hanyadhong bludeking samudra pangaksama.
e. Saupama ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula.
Kaping gagsalipun mugi ing samangkeh panjenganipun Bapak Kepala Sekolah SMK YP “17” I Parakan kersa paring pangandikan saderengipun Pengoasan Akbar punika dipun wiwiti. Saderengipun kula ngaturaken aguning panuwun.
3. Wasana
a. Kasuwun nerusake anggone lelenggahan nganti purna (rampung)
Para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan
Kersaha panjenengan sadaya nglajengaken lelenggahan kanthi mardikaning penggalih saha midhangetaken paedhoh hasanah saking panjenganipun Bapak Kyai……………………..ngatos dumugi paripurnaning pengaosan ing samangkeh.
b. Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi
Cekap semanten atur kula, nglenggana bilih anggen kula matur wonten ngarsa panjengan sadaya kathah cicir, cewer, cewet kuciwanipun, saha kirang wijang wijiling wicara, awit saking cubluk mbaliluning manah tuwin saking sepi sepen ing pangawikan, kula namung saged matur kupat sineleh ing gapura, sedaya lepat nyuwun pangapura.
c. Salam panutup.
Wasalamu alaikum wr.wb
Selasa, 03 Februari 2009
DHANDHANGGULA
Semut ireng anak anak sapi
Kebo bongkang nyabrang kali bengawan
Keyong gondhang jarak sungute
Timun wuku gotong wolu
Surabaya geger kepati
Ana wong ngoyak macan
Den wadhahi bumbung
Alun – alun Kartasura
Gajah meta cinancang wit sidaguri
Patine cineker ngajam
Tembang ing dhuwur iku kerep kaprungu ing masarakat, nanging wong sing nembang terkadang ora ngerti menawa cakepane tembang iku isi pralambang warna – warna. Mengkene mungguh oncek – oncekane.
Semut ireng pralambange Dewi Supadi putri saka Wandhan , garwa pangrembe Prabu Brawijaya, pakulitane ireng manis.
Anak – anak sapi, peputra Lembupeteng. Lumbupeteng iku kapundhut putra mantu dening Kyai Ageng Tarub, yaiku didhaupake karo Dewi Nawangsih utawa Rara Kasihan. Lembupeteng uga kasebut Bondhankejawan
Kebo bongkang, pralmbange Kyai Kebokenanga lan Kebokanigara, putrane Prabu Brawijaya kang ora karsa manjing agama Islam. Priyangung loro iku wasanane padha tumeka ing seda, yaiku kang dipralambangake : nyabrang kali bengawan. Kyai Kebokenanga disedani dening Sunan Kudus, Kyai Kebokanigara seda muksa ana ing gunung Mrapi.
Keyong gondhang jarak sungute, pralambage Mas Karebet utawa Jaka Tingkir, ing ngatase turunane wong cilik kok bisa jumeneng Ratu.
Timun wuku gotong wolu, pralambange Panembahan Senopati dijmenengake Ratu saka pambiyantune wong wolu yaiku 1) Ki Ageng Pemanahan (Ki Ageng Mataram), 2) Ki Juru Martani, 3) Ki Panjawi, 4) Ki Jurukithing, 5) Ki Buyut Wirasaba, 6) Tumenggung Majang, 7) Pangeran Made Pandhan, 8) Adipati ing Batang.
Surabaya geger kepati, pralambange bedhahe Surabaya, wong – wong ing Surabaya padha bingung pating bilulung (geger). Nalika semana kang jumeneng Adipati ing Surabaya asama Pangeran Ratu Agung : dene sing mbedah asama Tumenggung Mangun Oneng lan Tumenggung Sepanjang, utusane Sultan Agung ing Mataram.
Ana wong ngoyak macan den wadhahi bumbung, pralambange Tumenggung Urawan (utusan Mangkurat ing Kartasura) nalika nyekel kraman kanthi gampang, kang dadi panggedhene kraman Pangeran Puger.
Alun – alun Kartasura………..sabanjure, pralambange kraman aran Dirana (anake lelurahe Srati kanga ran buyut Dirada) dicekel dening Pangeran Pringgalaya (utusane sinuwun ing Kartasura). Sauwise kacekel kraman Dirana dicancang ana ing wit wringin satengahe alun – alun Kartasura, nuli dirampog sarana dicocogi dom nganti tumeka ing pati, yaiku kang dipralambangake : Patine cineker ngajam.
Ngengrengan Kasusastran Jawa. S. Padmosoekotjo. 1956
KASUSASTRAN
Tembung kasusastran asale saka tembung lingga : susastra. Oleh ater – ater ka – lan panambang -an. Tembung susastra satemene dudu tembung lingga. Linggane kang sejati : sastra, kawuwuhan wanda su kang ateges : linuwih.
Tembung lingga sastra asale saka tembung wod Cas, tegese wulang utawa wuruk. Wuwuhan tra mratelakake tembung aran. Tuladha : japa lumrah uga disaroja dadi muni : japa mantra. Was : dandan . Wastra : apa – apa kang kanggo dandan, yaiku sandhangan kang saka barang sembet. Ma : ukur. Matra : apa – apa kang kanggo ngukur utawa ukuran ( ing basa walanda meter). Raaj : mengku, nguwasani. Raastra : apa – apa kang winengku, tabah kang dikuwasani, tanah krajan.
Castra , lumrahe ing jaman saiki mung tinulis sastra, ateges : piwulang, tulis, wewaton, paugeran, kaweruh, layang kang isi kaweruh.
Susastra ateges : piwulang kang linuwih, tulis kang pinunjul, wewaton utawa paugeran kang apik banget, kaweruh kang endah, basa kang ei peni. Kasusastran, ateges kaweruh utawa kagunan kang apik banget, kagunan kang endah, amarga binabar nganggo basa kang endah utawa basa kang edi peni. Wong guna kang bisa mahyakake bab – bab nganggo basa kang endah diarani Pujangga.
Kepriye beda – bedane kawruh Kapustakan, Paramasastra, lan Kasusastran ? Mengkene :
Kapustakan iku kawruh bab isine pustaka ( isine layang, isine buku ). iya bener bab basane uga melu dirembug (dielingi) nanging sing wigati dhewe bab isine. Paramasastra iku kaweruh kang mratelakake bab benere pangrimbage tembung, benere olehe ngarani jenenge rimbag , benere olehe negesi manut rerimbagane, bener panulise ( aksara Jawa lan latin), benere pakecapane lan benere panganggone ( ing ukara) . Tuladha :
Tembung ngajawa, menawa diandharake manut kawruh paramasastra :
a) Pangrimbage : ang + ka + jawa
b) Araning rimbag : Tanduk kriya wantah
c) Tegese manut rerimbagane : Menyang (tanah) Jawa
d) Pakecapane : Ngejawa
e) Panulisane : Ngajawa ( yen sarana misah – misah wandane: nga – ja – wa
f) Panganggone ( ing ukara ) : Sang Ajisaka olehe ngajawa ambal kaping pindho.
Wondene Kasusastran iku kawruh bab endahing basa, bab basa kang endah. Dadi ora mung bab benere, nanging sing wigati banget bab endahe
Tembung kabudayan asale saka tembung lingga budaya oleh ater – ater ka- lan panambang -an. Tembung budaya kadadeyan saka pamore bu + daya. Wuwuhan bu ateges sipat utawa kahanan. Tuladhane kayata:
Bupet : sipat utawa kahanan kang pepet (ora bolong), barabudhur : pamore tembung bara (biara) + bu + dhuhur : tegese : biara (wiara, klooster) kang asipat dhuwur( luhur) .
Wondene tembung daya ateges budi (lumrah kasaroja dadi muni budidaya), nalar angen – angen panemu. Budaya ateges sipating budi, sipating nalar, utawa sipating angen- angen. Mungguh sipating budi utawanalar (angen – angen) iku jer diulah kanthi pangudi bisa mahyakake kaweruh lan kagunan warna – warna kang diarani kabudayan. Mula tembung kabudayan ya banjur ngemu teges wohing budaya, wedaring nalar utawa angen – angen, babaring pambudidaya, wohing pangulah lakuning budaya utawa akal budi.
Saka lepasing lakune akal budi utawa nalare manungsa, mahanani ing donya iki akeh kaweruh lan kagunan warna – warna kayata : agama, kaweruh teknik, tetabuhan utawa musik (gamelan) tembang , joged,lan liya – liyane. Kabeh iku mau diarani kabudayan.
Babaring pangulah lakuning budi kang banjur diarani kabudayan iku pantoge nganti tekan bab – bab kang alungremit, nganti ora gampang ninrajang ing kelairan, ora kasatmata dinulu ing netra walaka. Saweneh ana golongan kang darbe panemu menawa agama iku ora kalebu kabudayan yaiku golongane wong – wong kang padha darbe piandel (keyakinan) yen agama iku anane ing marcapada marga saka peparinge (diturunake) dening Gusti Allah dadi dare piandel menawa agama iku dudu gaweyane manungsa.
BLEGERE KABUDAYAAN JAWA
Blegere kabudayaan Jawa bisa kaperang dadi rong golongan yaiku kabudayaan batin lan kabudayaan lair. Kabudayaan batin iku kanggo kaperluaning batin (jiwa). Carane nggilut kabudayaan batin sarana laku. Dudu lakuning suku, nanging lakuning kalbu . Wong sing wis bontos ing babagan kabudayaab batin, bisa kasinungan:
1. Jejeg adeging uripe, marga batine (jiwane) ora tau gonjing ora tau tidha – tidha, ora tau was – sumelang, ora tau kegiwang marang samubarang.
2. Kawicaksanan
3. Bisa ngrungokake akasawakya utawa akasasabda ( swara ing langit, swara logos) kang njalari wong iku bisa nganggit layang “Jangka” yaiku layang kang isi pameca kadadeyan utawa kaanan kang bakal klakon. Wong kang kasinungan kaluwihan mengkono iku tembunge lumrah diarani sidik utawa weruh sadurunge winarah.
Kabudayaan lair iku kanggo kaperluane lair. Carane nggilut kabudayaan lair iku sarana sinau. Saperangane kabudayaan lair ana sing diarani Kagunan Adi luhung.
KABUDAYAAN ADI LUHUNG
Kabudayaan lair kang isi kaendahan, diarani kagunan adi luhung utawa kagunan edi peni, terkadang mung kasebut kagunan bae.
Wong kang bisa ngulah budayane utawa akal budine (nalare, angen – angene) nganti bisa mahyakake (menciptakan) apa – apa kang isi kaendahan, diarani wong guna (seniman, seniwati).
Mungguh kagunan adi luhung iku ana 6 warna yaiku :
1. Kagunan swara (langen swara utawa tembang, seni swara) yaiku kagunan adi luhung kang mahyakake swara kang endah. Endah mungguhing lagune, larase, iramane utawa cengokoke.
2. Kagunan Karawitan, yaiku kagunan kang mahyakake tetabuhan kang endah ( gamelan, musik).
3. Kagunan nggambar lan nyungging apadene natah (seni rupa, kalebu uga seni pahat lan seni lukis ) yaiku kang mahyakake rerupan kang edi peni utawa wewujudan kang endah, kayata nggambar, reca, ukir – ukiran lan liya -liyane.
4. Joged (seni tari) yaiku kang mahyakake solah bawa kang endah.
5. Tontonan (seni drama), mahyakake tetontonan (sandiwara) kang endah.
6. Kasusastran ( seni sastra), mbabarake bas kang endah kajaba saka iku ana kagunan adi luhung kang diarani pedalangan
Kagunan pedalangan kang ditindakake sarana wayang (kadadeyan saka pitung jejeran : jejeran kawitan, jejeran sabrangan, jejer bondhet, jejer pendhita utawa gara – gara, jejer uluk – uluk, jejer sumirat, jejer rina – rina) kang dipitontonake sajrone sawengi, isi babagan:
1. Mystiek kang mengku falsafah lan panembahan (Ketuhanan Yang Maha Esa).
2. Panggulawentah (Pendidikan) sarana tepa palupi yaiku wong awatak jujur wasanane luhur, wong awatak candhala wasanane cilaka.
3. Piwulang kaweruh warna – warna kang murakabi ing ngatase bebrayan Agung (masarakat) kayata : bab unggah – ungguh, tata krama, tata praja lan sapanunggalane.
4. Piwulang bab kagunan adi luhungnem warna yaiku:
a. Kagunan swara, dumunung ung tembang, suluk lan ada – ada.
b. Kagunan kapradanggan, dumunung ing lelagoning gamelan ( gendhing).
c. Kagunan nggambar lan nyungging sarta natah, dumunung ing rerenganing kelir, edine wayang, wewangun ana ing rericikane gamelan, penine grobogan ( wadhah gamelan), pulase gayor lang sapanunggalane.
d. Kagunan Joged ( lenggot bawa, kridha mataya) dumunung ing jogeding wayang.
e. Tontonan endah (seni drama ) dumunung ing lakoning wayang.
f. Kasusastran ( Seni sastra) dumunung ing cakepan tembang, suluk lan ada- ada, apadene basa kang kanggo janturan lan pocapan wayang.
SANGGAN, PANINGSET SAHA LAMBANG KALPIKA
Rehning lamaran sampun katampi saha pancasan inggih sampun golong gilig ateges karekat bebesanan sampun dados. Ing wekdal ingkang sae lajeng dipun adani upacara pasrah sanggan paningsetan.
Adicara pasrah sanggan punika nggadhahi ancas paring paningset saking kulawarga kakung dhumateng kulawarga putri. Cathetabipun putra kakung ningseti putri calon jatukramanipun. Ing papan sanes wonten ingkang mastani tukon.
Pasrah sanggan saha lambang kalpika punika minangka satunggaling cara utawi sarana paningsetan. Adicara pasrah sanggan lan lambang kalpika punika saged dipuntindakaken piyambak – piyambak utawi kagarba dados satunggal. Dene tumindakipun saged mirunggan, saged ugi kanthi prasaja.
Ubarampenipun adicara pasrah sanggan saha lambang kalpika :
1. Kalpika ingkang kawadhahan ing kandhaga alit
Limrahipun wujud pethi utawi kreta alit ingkang sinepuh perak utawi kemasan. Kalpika utawi seser wujudipun ali – ali bunder gilig boten sigar penjalin ingkang mawi pedhotan. Maknanipun tresnanipun ingkang badhe gesang tembayatan boten wonten telasipun, saking awal dumugi akhiripun , saking donya dumugi delahan.
2. Ageman putri sapengadek : kebayak, nyamping, kotang, kendhit utawi angkin, lan sapanunggalanipun.
Maknanipun : putra kakung badhe nyekapi sedaya kabetahaning garwa, nutupi sedaya wewados utawi saru sikuning garwa, ngemuli lair lan batosipun, temah garwa boten kawudan utawi boten kacingkrangan.
3. Rerenggan pelik – pelik : gelang, kalung, suweng, lan sapanunggalanipun
Maknanipun : Putra kakung tansah badhe ngudi dumoroting garwa, boten badhe tumindak ingkang saged ndadosaken kuceming garwa, satemah saged tepa palupining brayat.
4. Jadah, wajik, jenang lan sapanunggalanipun.
Maknanipun : Wos ketan menawi taksih wujud las – lasan taksih kemepyur, nanging menawi sampun kaolah dados jadah, wajik, lan sapanunggalaipun luluh dados satunggal, loro – loroning atunggal. Nadyan wujud jalu wanita saged saeka kapti ing pakarti, saeka praya ing sedya. Lapis warni abrit lan pethak punika minangka pralambang manunggaling rah lan sum – suming kakung putri. Rah saha sumsum punika boten saged kapisahaken. Pisah kekalihipun ateges sirna. Kados sedyanipun risang calon penganten ingkang pepacangan, boten wonten ingkang kuwawi misahaken kekalihipun kajawi oncating nyawa saking raga.
5. Woh – wohan : jeram, manggis, nanas, salak, lan sapanunggalanipun.
Maknaipun : Mugi tresnanipun kakung putri punika saged mujudaken woh ingkang sejati tumuju ing ancas ingkang sinedya nuninggih palakrama.
6. Suruh ayu lan gedhang ayu.
Maknaipun : Suruh pindha lumah lan kurepe, nadyan beda rupane nanging tunggal rasane. Sanadyan mijil tanapi wanita, menawi sampun manunggal ing rasa cipta, rasa miwah karsanipun, keklihipun badhe saged saeka praya ing sedya, saeka kapti ing pakarti. Sedaya wau namung awit saking tempuking rasa tresna lan asih. Pisang limrahipun pisang raja, amrih kakung putri tumindakipun pinindha raja ingkang sarwa – sarwi tanggel jawab.
7. Cengkir gadhing ( saged kagambar pepethan wayang Kumajaya – Ratih, Janaka – Sambadra).
Maknanipun : cengir punika isi toya ingkang suci mugi tresnanipun jalwestri wau linambaran tresna ingkang suci kados paraga wayang kasebut.
8. Arta utawi Buwuh
Maknanipun : Buwuh punika menawi dipun kerata dados imbuh imbuh anggenipun badhe ewuh. Tiyang mantu punika panci badhe kagungan damel utawi ewuh.
9. Urip – urip : ayam (lancur lan dhara) utawi kambangan utawi Banyak sajodho.
Maknanipun : Ingkang badhe jejodhohan sageda tanggel jawab dhumateng baryatipun kados dene urip – urip mau.
Awit saking kemajengan jaman, ubarampe kasebut saged kapesen utawi tumbas dados. Lumrahipun ubarampe pinetha peksi, ayam, utawi banyak ingkang winadhahan baki. Ubarampe katambah roti – roti, utawi nyamikan sanesipun.
Jumat, 30 Januari 2009
Macapat lan Sekar Gendhing
Tembang Macapat uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe paugeran pupuh (bait), guru gatra (cacahing larikan), guru wilangan (cacahing wanda = suku kata), lan guru lagu (tibaning swara saben pungkasaning gatra (larikan) tembang utawa dong ding.
A. Kasusastran kang tinemu ing gendhing ;
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku Lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan
4. Gamelan yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras ( swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen – uen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing / pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung
12. gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara / pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan / lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating penabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka yaiku tetabuha kang kanggo bukani gendhing.
B. Watak lan pangangone tembang macapat
1. Pocung watak kendho tanpa greget saur, bisa kanggo medharake sembrana, lsp
2. Maskumambang watak nalangsa, kanggo medharake rasa prihatin.
3. Gambuh watak wani, wanuh, rumaket lan kulina. Prayogi kanggo paring pitutur, utawi sesorah ingkang ngemu raos radi sereng.
4. Magatruh watak Sedih kanggo medharake rasa memelas, getun, lan prihatin.
5. Kinanthi watak seneng, tresna, asih, grapyak, prayogi kagem suka pitutur raos tresna.
6. Asmaradana watak Watak sedhih prihatos , sengsem gandhrung. Mathuk kanggo cariyos sedhih lan asmara.
7. Mijil watak gandrung, prihatin anggone golek ilmu, metuning ras pitutur, medharake bukaning crita, mangayubagya.
8. Pangkur watak watak sereng, kejem, nantang, mathuk kanggo pitutur sereng, crita perang.
9. Durma watak Galak nantang, nesu lan muntab
10. sinom watak grapyak, sumanak, renyah.
11. Dhandhanggula watak kewes ,luwes, resep prayoga kanggo apa wae.
12. Girisa watak gagah mawanti – wanti bisa kanggo wulang wuruk, nggambarake kaendahaning alam.
13. Balabak watak sembrana cocog kanggo lelucon.
14. Wirangrong watak duwe prabawa gedhe, bisa kanggo wulang wuruk, nggambarake kaendahaning alam.
15.Juru demung watak kenes mathuk kanggo peprenesan.
Jumat, 02 Januari 2009
MACA CEPET
MACA CEPET
Standar Kompetensi : Mampu membaca cepat teks non sastra dengan berbagai tujuan dan mengapresiasikan karya sastra.
Kompetensi Dasar : Membaca cepat berbagai teks nonsastra dengan kecepatan 120 – 180 kata / menit.
Seserepan
- Maca Cepet
- Caranipun maca cepet
Maca cepet ingkang dipun wastani kasil menawi saben menit sampun saged pikantuk 250 tembung, menawi dereng saged kedah dipun wangsuli malih kanthi cara :
- Maca jroning batin, konsentrasi
- Suwanten lembut cekap kapireng piyambak
- Ampun ngginakaken tuding utawa driji
- Ampun ngobahaken sirah,mripat tumuju wonten wacan
- Ampun wangsuli tembung ingkang sampun kawaos
- Ampun dipun eja aksaranipun
Ketrampulan dasar maca
- Ketrampilan nguaosi mripat
- Ketrampilan nguaosi tembung, frasa
- Ketrampilan nguaosi tembung kunci.
Cara maca ingkang saged cepet angsal informasi
a. Cara Skimming : Cara maos kangge madosi bab – bab ingkang wigati kanthi cepet.
Tuladhanipun : Madosi pokok permasalahan, pemanggih tiyang utawi ingkang wigati kanthi boten maos sedaya.
b. Cara Scanning : Cara maos kangge madosi kabar informasi ingkang sampun dipun betahaken. Caranipun cekap dipun waos bagian ingkang dipun padosi kemawon.
Tuladhanipun : Madosi nomor telpon wonten buku telpon, madosi tembung ing kamus, madosi nomer indeks lan sanensipun.
- Wacan
Wacenen kanthi cepet lan etungen saben sakmenite !
KIRAB BUDAYA ING TEMANGGAL PURWOMARTANI
Memetri Budaya Jawi lan Mengeti
Kirab budaya kang diadani minggu 17 Agustus 2008 mapan ing Temanggal, Purwomartani, Kalasan, Sleman, Yogyakarta katon regeng lan disengkuyung masarakat. Masarakat
Kanggo memetri budaya Jawa ing papan iki uga diadani pentas kesenian kayata, tari –tarian klasik, jathilan, lan wayang kulit sawengi natas kanthi Dhalang Gandhung Jadmiko, lan Dhalang cilik Bayu Praba Prasaba Adji. Masarakat Temanggal miwiti ngadani kirab budaya iki kanthi pangajab supaya masarakat ing sakiwa tengene bisa memetri budaya lan tradhisi kang saiki kurang greget.
Kirab budaya punika kangge memetri dhusun Temanggal mliginipun, lan kangge nglestantunaken tradhisi kados damel tumpeng saubarampenipun, damel gunungan sanking who - wohan ingkang manika warni, pala kasimpar, pala kapendhem, pala gumantung, ugi saking manika warni asil tetanen sasampunipun kirab sedaya ingkang ndherek kirab lajeng kendhuri lan dhahar sareng “Ngendikane Drs. H. Haryadi Ketua Panitya Acara Kirab Budaya marang Djaka Lodang.
Ana ing arak – arakan karnaval katon ngarep dhewe Barisan Tolak Balak.Barisan iki dumadi saka wong kang didandani kaya wong edan, wong kang pawakane cilik nanging
Masarakat Temanggal ana ing panghargyan mengeti
Dening : Tatiek Poerwa
Kapendhet saking Kalawarti Djaka Lodang Nomer 14 edisi 6 September 2008
Kaca 23.
TUGAS
Wangsulana pitakon – pitakon ngisor iku kanthi bener lan pener !
1. Kirab Budaya ing Dhusun Temanggal Purwomartani punika nggadhahi tema punapa ?
2. Kanggo memetri budaya Jawa ing dhusun Temanggal uga diadani pagelaran wayang kulit sewengi natas. Sapa wae dhalange ?
3. Gunungan kang dikirab cacahe ana loro, apa wae ?
4. Apa sesantine masarakat Dhusun Temanggal ana ing panghargyan mengeti
5. Wacan ing dhuwur iku kapendhet saka ngendi ?
MACA EKSTENSIF
MACA EKSTENSIF
Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan non sastra dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.
Kompetensi Dasar : Membaca Ekstensif teks non sastra dari berbagai sumber.
Seserepan.
Ekstensif : bersifat menjangkau secara luas
Maca Ekstensif tegese maca kang nduweni ancas supaya antuk informasi ingkang wiyar.
- Wacan
ING ALUN ALUN KIDUL NGAYOGYAKARTA ANA CANDHI
Acara Supermi go launching lan pencatatan Rekor Muri kang mapan Alun – alun Kidul Yogyakarta, setu 9 Agustus 2008 diwujudi kanthi gawe Replika Candhi Borobudur saka Mei Instant. Salah sijine kreator kang asmane Mas Gosong menehi katrangan : “Acara iki pancen spektakuler. Gawe Replika Candhi Borobudur kang ukurane 12,2 X 12,2 meter iki ngentekake 77.480 supermi lan ditandangi jroning wektu seminggu. Sawise dicathet Muri, bakal diaturake GKR Pembayun lan bakal disalurake liwat Dinas Sosial”.
Kejaba gawe Replika Candhi Borobudur ing Alun –alun Kidul uga dicawisake 5.000 porsi Supermi Go, kanggo ngenalake marang masarakat menawa Indofood ing wektu iki duwe produk anyar Supermi mau kanthi telung rasa yaiku Supermi Goreng Rasa Ayam Bawang kang disingkat gobang Goreng Rasa Kari utawa Gokar, Goreng Rasa Soto disebut Goso.
Pancen anggone ngadani acara “Pemecahan Muri “ iki minangka ajang kanggo promosi bab produk anyar Supermi marang masarakat. Kejaba ana acara mangan lan nonton Candhi
Kejaba hiburan musik, masarakat bisa nonton semifinal lan final Supermi Soccer. Acara mau diprakarsai dening PT. Indofood Sukses Makmur Tbk Noodle Division Jawa Tengah – Daerah Istimewa Yogyakarta. General manager PT. Indofood Sukses Makmur Tbk Jateng – DIY Abdulrachman nandhesake yen Pemecahan Muri iku mujudake salah sijine rerangken acara Peluncuran Gobang, Gokar, lan Goso.
Dening : Tatiek Poerwa.
Kapendhet saking Kalawarti Djaka Lodang No. 13 Edisi Agustus 2008. hal 28.
- Wangsulana Pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi bener.
- Apa kang dadi isi pokoke wacan ing dhuwur ?
- Tulisna isi pokok wacan ing dhuwur ! paling sithik saparagrap !
- Saka ngendi sumbere wacan ing dhuwur ? (jeneng, taun, nomor halaman)
- Supermi nduweni telung rasa, apa wae rasane ?
- Kanggo apa PT. Indofood Sukses Makmur Tbk nganakake acara Supermi Go Lounching lan pencatatan Rekor Muri kang mapan Alun – alun Kidul Yogyakarta ? Apa pamanggihmu (pendapatmu).
C. Coba golekna tembung – tembung kang durung dingerteni !
