Rabu, 18 November 2009

Cerkak kanthi irah - irahan "Pembantu"

Saking panyuwunanipun mas Aziz ingkang ngersakaken cerkak kanthi irah - irahan "Pembantu " asil karyanipun NK Widiastuti ingkang kaemot wonten ing kalawarti Jaya Baya, no 28 Maret 1999 saged panjenengan unduh wonten ngriki. unduh

Kamis, 12 November 2009

LAYANG IBER - IBER

    Layang iber - iber inggih menika layang ingkang wosipun perkawis pribadi, ingkang kaandharaken saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang nyerat.

    layang lelayu inggih menika layang ingkang wosipun pawarta kematian.

    layang kitir inggih menika layang ingkang wosipun cekak aos menapa perlunipun lan dipunkintun lumantar pos.Tambah Gambar

    layang ulem atawi undhangan inggih menika layang menika atur dhateng tiyang sanes supados tiyang ingkang dipunulemi rawuh ing papan lan wkdal ingkang sampun katemtokaken.

    Tuladha layang iber -iber

    Kang pandonga marang anakku

    Irawan, Ing Jakarta

    Wiyose ngger, sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep disunatake, mula yen ora ana alangan sawiji apa kowe mulih sadurunge tanggal sepuluh, saperlu arep dakjak urun rembug.

    wasana banget ing pangarep - arepku, lan sapungkure layang iki kabeh kulawarga tansah ginanjar slamet.

    Parakan, 22 Nopember 2009

    Wong tuwamu:


    Suradi

    Tuladha layang kitir

    Katur Mas Bayu, ing dalem

    Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju kagem piyambak aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit Ngesti Waluya Parakan.

    Dene anggonku mbalekake mengko bengi.

    Parakan, 22 Nopember 2009

    Adhimu :


    Sunaryo




Senin, 12 Oktober 2009

ADMINISTRASI GURU

Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP) kalebet piranti ingkang baku saderengipun guru amiwiti mulang, awit RPP punika ngemot kegiyatan - kegiyatan ingkang badhe dipun ayahi wonten salebetipun pembelajaran. RPP Basa Jawa Kelas XI saged kaunduh wonten ngriki

Sabtu, 10 Oktober 2009

Materi

Owah owahaning swara lan tembung garba
Parikan

Tembang Macapat

Asmaradana

Dhuh kenya kang dadi ati
Aku tresna marang ira
Tresnaku kang salawase
Tan sirna nadyan kagodha
Tan luntur kena tirta
Tresnaku setya satuhu
Muga mulya nganti tuwa

Rabu, 30 September 2009

Senin, 15 Juni 2009

Pembelajaran Ngginakaken Power Point

Ingkang ngersakaken pembelajaran basa Jawa ingkang ngginakaken microsoft power point saged kaundhuh wonten ngandhap punika :
  1. Tembung camboran unduh
  2. Parikan lan wangsalan unduh
  3. Tembang Macapat unduh. supados waosan macapat punika saged dipun mirengaken sedaya, saderengipun kersaha panjenengan unduh langkung rumiyen macapat ingkang wonten salebetipun web http//ki-demang.com matur nuwun.
  4. Tembang Campursari unduh
  5. Busana Jawa unduh
  6. Gamelan unduh
  7. Layang Pribadhi unduh
  8. Maca Tulisan Jawa unduh
  9. Pidhato unduh
  10. Purwakanthi unduh
  11. Paragraf Deduktif lan Paragraf Induktif unduh
  12. Mendengarkan sambutan unduh

Minggu, 15 Maret 2009

Menulis Pidhato

MENULIS PIDATO

Kompetensi Dasar : Menulis Pidato

Wedharing pangandikan, iku bisa digawe dawa lan ringkes. Semono uga ing bab basa kang digunakake, bisa nggunakake basa kang prasaja (biyasa) utawa basa kang rinengga ( endah ). Kabeh mau gumantung swasanane, ana ing upacara apa, sapa kang midhangetake, lan kapan wektune. Bakuning wedharing pangandhikan kudu urut – runtut ( sistematis ), cetha pilah – pilahane, isine pangandikan kudu jumbuh karo ayahane.
Babaring pangandikan, prayogine kaperang dadi telung perkara, yaiku :
1. Purwaka, yaiku atur kang pinangka pambuka
2. Isi utawa perangan wigati, yaiku wosing pangandikan ( intine kang diomomgke)
3. Wasana yaiku atur kang pinangka panutup.
Amarga ana pirang pirang warnane medharsabda (pidato) mula ana bedane ing bab isi utawa wigati utawa intine pangandikan. Wondene perangan purwaka bisa padha wae.
1. Perangan purwaka, ngemot :
a. Uluk salam utawa salam pambuka
b. Pakurmatan marang tamu
c. Puji syukur marang Gusti Allah Swt
d. Ngaturake ayahane utawa jejibahane
2. Perangan isi / wigati / inti, ngemot : (upamane wakil panitiya)
a. Ngaturake sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhe tamu.
b. Ngaturake ujuding gati / khajade ( khajade apa ?, kapan kalaksanane ? para tamu disuwun apa ?
c. Ngaturaken agunging panuwun awit pambiyantune para mudha, masyarakat,…………….lan sumbang sih saking para tamu. Ora bisa atur piwale mugi gusti ingkang males.
d. Nyuwunaken pangapunten kekurangan lan kaluputane minangka panitya.
e. Saupama ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula.
3. Peragan panutup, ngemot:
a. Kasuwun nerusake anggone lelenggahan nganti purna (rampung)
b. Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi
c. Salam panutup.

Tuladha Pidhato ketua panitya
1. Purwaka
a. Uluk salam utawa salam pambuka
Assalamu alikum wr.wb
b. Pakurmatan marang tamu
Panjeneganipun Bp Kyai…………….ingkang lebda ing babagan Agami ingkang tansah kula tengga – tengga sabdatamanipun
Panjenenganipun Bapak Kepala SMK YP “17” I Parakan ingkang tansah kula bekteni. Bapak saha Ibu Dwija dalah sedaya Kariyawan ingkang kula kurmati. Boten katalumpe dumateng sadaya siswa – siswi SMK YP “17” I Parakan ingkang cinaket ing manah.
c. Puji syukur marang Gusti Allah Swt
Saderengipun sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken manembah saha muji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang maha Luhur, nun inggih Allah Swt ingkang sampun kepareng mbabar kasarasan karaharjan dhumateng panjengan sadaya dalasan kula, saengga panjengan sadaya dalasan kula saged kempal manunggal wonten ing adicara Pengaosan akbar mengeti Maulud Nabi Muhammad Saw ing siyang punika kanthi tan manggih rubeda satunggal punapa.
d. Ngaturake ayahane utawa jejibahane
Para rawuh kakung saha putri ingkang winantu ing suka basuki.
Keparenga adeg kula ing ngriki minangka badaling kandha, wijiling atur, sulihing basa saking kadang panitya pangaosan mengeti Maulud Nabi Muhammad Saw, badhe ngaturaken ingkang minangka wigatosing atur kula. Nun inggih mekaten
2. Wigati/ isi / inti
a. Ngaturake sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhe tamu.
Ingkang sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng pilenggah dhumateng panjenengan sadaya, mugi pajenegan sadaya kersa lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, awit adicara punika menawi boten karawuhan panjengenan sadaya kados tanpa daya bebasan Aji godhong garing. Sadaya kalawau kula namung saged matur agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng panjengan sadaya.
b. Ngaturake ujuding gati / khajade ( khajade apa ?, kapan kalaksanane ? para tamu disuwun apa ?
Kaping kalihipun, kula dalah sedaya pengurusan OSIS SMK YP “17” I Parakan, magayutan kaliyan wulan Maulud punika, ngawontenaken pangaosan akbar, awit pengaosan akbar wonten wulan Maulud punika panci sampun dados program tahunan OSIS SMK YP “17” I Parakan. Wondene kula dalah sedaya panitya pengaosan ngaturi rawuh panjenengan sadaya boten wonten sanes badhe ngajak sesarengan nambah seserepan wonten ing babagan kaweruh Agami, supados nambah iman lan taqwa panjenengan sadaya lan kula anggenipun manembah wonten ngarsaning Gusti ingkang Maha Mirah.
c. Ngaturaken agunging panuwun awit pambiyantune para mudha, masyarakat,…………….lan sumbang sih saking para tamu. Ora bisa atur piwale mugi gusti ingkang males.
Kaping tiganipun Kula dalah sedaya kadang panitya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Kepala SMK YP “17” I Parakan ingkang sampun paring palilah satemah Pengaosan Akbar punika saged lumampah. Gunging panuwun ugi kaaturaken dhumateng Bapak saha Ibu Dwija ingkang sampun paring sabiyantu, inggih sabiyantu ingkang awujud eguh pratikel, bausuka, malah ugi donya brana saengga adicara punika saged lumaksana. Boten kasupen gunging panuwun ugi kaaturaken dhumateng para siswa – siswi SMK YP “17” I Parakan langkung – langkung dhumateng kepengurus OSIS SMK YP “17” I Parakan ingkang sampun kasdu paring sabiyantu wontenipun pengaosan akbar punika. Sedaya bebuden sae panjengan sadaya kalawau kula dalah sedaya kadang panitya boten saged piwales punapa – punapa, namung saged ngaturaken aguning panuwun ingkang tanpa linangkung. Sinartan puja puji ing ngarsaning Gusti ingkang Maha Suci, mugi sedaya bebuden sae panjenengan sedaya kalawau kareken dados amal sae, lan mugi Gusti Allah Swt males bebuden sae panjenengan sadaya malangkung – langkung agengipun.
d. Nyuwunaken pangapunten kekurangan lan kaluputane minangka panitya.
Para rawuh ingkang luhuring budi.
Kaping sekawanipun kula dalah sedaya panitya anggenipun ngaturi rawuh panjenengan sadaya tamtu kemawon wonten kalepatan saha kekiranganipun langkung langkung angenipun ngaturi palenggahan dhumateng panjengan sadaya, mbok bilih ndadosaken kiranging sekeca anggenipun pinarak pramila kanthi andhaping manah kula dalah sedaya kadang panitya nyuwun aguning pangkasama. Lan mbok bilih kula anggenipun ngaturi pakurmatan kirang mirasa satemah kirang damel suka renaning pengalih panjengan sadaya kula saha sedaya kadang panitya tansah hanyadhong bludeking samudra pangaksama.
e. Saupama ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula.
Kaping gagsalipun mugi ing samangkeh panjenganipun Bapak Kepala Sekolah SMK YP “17” I Parakan kersa paring pangandikan saderengipun Pengoasan Akbar punika dipun wiwiti. Saderengipun kula ngaturaken aguning panuwun.
3. Wasana
a. Kasuwun nerusake anggone lelenggahan nganti purna (rampung)
Para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan
Kersaha panjenengan sadaya nglajengaken lelenggahan kanthi mardikaning penggalih saha midhangetaken paedhoh hasanah saking panjenganipun Bapak Kyai……………………..ngatos dumugi paripurnaning pengaosan ing samangkeh.
b. Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi
Cekap semanten atur kula, nglenggana bilih anggen kula matur wonten ngarsa panjengan sadaya kathah cicir, cewer, cewet kuciwanipun, saha kirang wijang wijiling wicara, awit saking cubluk mbaliluning manah tuwin saking sepi sepen ing pangawikan, kula namung saged matur kupat sineleh ing gapura, sedaya lepat nyuwun pangapura.
c. Salam panutup.
Wasalamu alaikum wr.wb

Selasa, 03 Februari 2009

DHANDHANGGULA

DHANDHANGGULA

Semut ireng anak anak sapi
Kebo bongkang nyabrang kali bengawan
Keyong gondhang jarak sungute
Timun wuku gotong wolu
Surabaya geger kepati
Ana wong ngoyak macan
Den wadhahi bumbung
Alun – alun Kartasura
Gajah meta cinancang wit sidaguri
Patine cineker ngajam

Tembang ing dhuwur iku kerep kaprungu ing masarakat, nanging wong sing nembang terkadang ora ngerti menawa cakepane tembang iku isi pralambang warna – warna. Mengkene mungguh oncek – oncekane.
Semut ireng pralambange Dewi Supadi putri saka Wandhan , garwa pangrembe Prabu Brawijaya, pakulitane ireng manis.
Anak – anak sapi, peputra Lembupeteng. Lumbupeteng iku kapundhut putra mantu dening Kyai Ageng Tarub, yaiku didhaupake karo Dewi Nawangsih utawa Rara Kasihan. Lembupeteng uga kasebut Bondhankejawan
Kebo bongkang, pralmbange Kyai Kebokenanga lan Kebokanigara, putrane Prabu Brawijaya kang ora karsa manjing agama Islam. Priyangung loro iku wasanane padha tumeka ing seda, yaiku kang dipralambangake : nyabrang kali bengawan. Kyai Kebokenanga disedani dening Sunan Kudus, Kyai Kebokanigara seda muksa ana ing gunung Mrapi.
Keyong gondhang jarak sungute, pralambage Mas Karebet utawa Jaka Tingkir, ing ngatase turunane wong cilik kok bisa jumeneng Ratu.
Timun wuku gotong wolu, pralambange Panembahan Senopati dijmenengake Ratu saka pambiyantune wong wolu yaiku 1) Ki Ageng Pemanahan (Ki Ageng Mataram), 2) Ki Juru Martani, 3) Ki Panjawi, 4) Ki Jurukithing, 5) Ki Buyut Wirasaba, 6) Tumenggung Majang, 7) Pangeran Made Pandhan, 8) Adipati ing Batang.
Surabaya geger kepati, pralambange bedhahe Surabaya, wong – wong ing Surabaya padha bingung pating bilulung (geger). Nalika semana kang jumeneng Adipati ing Surabaya asama Pangeran Ratu Agung : dene sing mbedah asama Tumenggung Mangun Oneng lan Tumenggung Sepanjang, utusane Sultan Agung ing Mataram.
Ana wong ngoyak macan den wadhahi bumbung, pralambange Tumenggung Urawan (utusan Mangkurat ing Kartasura) nalika nyekel kraman kanthi gampang, kang dadi panggedhene kraman Pangeran Puger.
Alun – alun Kartasura………..sabanjure, pralambange kraman aran Dirana (anake lelurahe Srati kanga ran buyut Dirada) dicekel dening Pangeran Pringgalaya (utusane sinuwun ing Kartasura). Sauwise kacekel kraman Dirana dicancang ana ing wit wringin satengahe alun – alun Kartasura, nuli dirampog sarana dicocogi dom nganti tumeka ing pati, yaiku kang dipralambangake : Patine cineker ngajam.

Ngengrengan Kasusastran Jawa. S. Padmosoekotjo. 1956

KASUSASTRAN

KASUSASTRAN

Tembung kasusastran asale saka tembung lingga : susastra. Oleh ater – ater ka – lan panambang -an. Tembung susastra satemene dudu tembung lingga. Linggane kang sejati : sastra, kawuwuhan wanda su kang ateges : linuwih.
Tembung lingga sastra asale saka tembung wod Cas, tegese wulang utawa wuruk. Wuwuhan tra mratelakake tembung aran. Tuladha : japa lumrah uga disaroja dadi muni : japa mantra. Was : dandan . Wastra : apa – apa kang kanggo dandan, yaiku sandhangan kang saka barang sembet. Ma : ukur. Matra : apa – apa kang kanggo ngukur utawa ukuran ( ing basa walanda meter). Raaj : mengku, nguwasani. Raastra : apa – apa kang winengku, tabah kang dikuwasani, tanah krajan.
Castra , lumrahe ing jaman saiki mung tinulis sastra, ateges : piwulang, tulis, wewaton, paugeran, kaweruh, layang kang isi kaweruh.
Susastra ateges : piwulang kang linuwih, tulis kang pinunjul, wewaton utawa paugeran kang apik banget, kaweruh kang endah, basa kang ei peni. Kasusastran, ateges kaweruh utawa kagunan kang apik banget, kagunan kang endah, amarga binabar nganggo basa kang endah utawa basa kang edi peni. Wong guna kang bisa mahyakake bab – bab nganggo basa kang endah diarani Pujangga.

Kepriye beda – bedane kawruh Kapustakan, Paramasastra, lan Kasusastran ? Mengkene :
Kapustakan iku kawruh bab isine pustaka ( isine layang, isine buku ). iya bener bab basane uga melu dirembug (dielingi) nanging sing wigati dhewe bab isine. Paramasastra iku kaweruh kang mratelakake bab benere pangrimbage tembung, benere olehe ngarani jenenge rimbag , benere olehe negesi manut rerimbagane, bener panulise ( aksara Jawa lan latin), benere pakecapane lan benere panganggone ( ing ukara) . Tuladha :
Tembung ngajawa, menawa diandharake manut kawruh paramasastra :
a) Pangrimbage : ang + ka + jawa
b) Araning rimbag : Tanduk kriya wantah
c) Tegese manut rerimbagane : Menyang (tanah) Jawa
d) Pakecapane : Ngejawa
e) Panulisane : Ngajawa ( yen sarana misah – misah wandane: nga – ja – wa
f) Panganggone ( ing ukara ) : Sang Ajisaka olehe ngajawa ambal kaping pindho.
Wondene Kasusastran iku kawruh bab endahing basa, bab basa kang endah. Dadi ora mung bab benere, nanging sing wigati banget bab endahe
KABUDAYAN

Tembung kabudayan asale saka tembung lingga budaya oleh ater – ater ka- lan panambang -an. Tembung budaya kadadeyan saka pamore bu + daya. Wuwuhan bu ateges sipat utawa kahanan. Tuladhane kayata:
Bupet : sipat utawa kahanan kang pepet (ora bolong), barabudhur : pamore tembung bara (biara) + bu + dhuhur : tegese : biara (wiara, klooster) kang asipat dhuwur( luhur) .
Wondene tembung daya ateges budi (lumrah kasaroja dadi muni budidaya), nalar angen – angen panemu. Budaya ateges sipating budi, sipating nalar, utawa sipating angen- angen. Mungguh sipating budi utawanalar (angen – angen) iku jer diulah kanthi pangudi bisa mahyakake kaweruh lan kagunan warna – warna kang diarani kabudayan. Mula tembung kabudayan ya banjur ngemu teges wohing budaya, wedaring nalar utawa angen – angen, babaring pambudidaya, wohing pangulah lakuning budaya utawa akal budi.
Saka lepasing lakune akal budi utawa nalare manungsa, mahanani ing donya iki akeh kaweruh lan kagunan warna – warna kayata : agama, kaweruh teknik, tetabuhan utawa musik (gamelan) tembang , joged,lan liya – liyane. Kabeh iku mau diarani kabudayan.
Babaring pangulah lakuning budi kang banjur diarani kabudayan iku pantoge nganti tekan bab – bab kang alungremit, nganti ora gampang ninrajang ing kelairan, ora kasatmata dinulu ing netra walaka. Saweneh ana golongan kang darbe panemu menawa agama iku ora kalebu kabudayan yaiku golongane wong – wong kang padha darbe piandel (keyakinan) yen agama iku anane ing marcapada marga saka peparinge (diturunake) dening Gusti Allah dadi dare piandel menawa agama iku dudu gaweyane manungsa.


BLEGERE KABUDAYAAN JAWA

Blegere kabudayaan Jawa bisa kaperang dadi rong golongan yaiku kabudayaan batin lan kabudayaan lair. Kabudayaan batin iku kanggo kaperluaning batin (jiwa). Carane nggilut kabudayaan batin sarana laku. Dudu lakuning suku, nanging lakuning kalbu . Wong sing wis bontos ing babagan kabudayaab batin, bisa kasinungan:
1. Jejeg adeging uripe, marga batine (jiwane) ora tau gonjing ora tau tidha – tidha, ora tau was – sumelang, ora tau kegiwang marang samubarang.
2. Kawicaksanan
3. Bisa ngrungokake akasawakya utawa akasasabda ( swara ing langit, swara logos) kang njalari wong iku bisa nganggit layang “Jangka” yaiku layang kang isi pameca kadadeyan utawa kaanan kang bakal klakon. Wong kang kasinungan kaluwihan mengkono iku tembunge lumrah diarani sidik utawa weruh sadurunge winarah.

Kabudayaan lair iku kanggo kaperluane lair. Carane nggilut kabudayaan lair iku sarana sinau. Saperangane kabudayaan lair ana sing diarani Kagunan Adi luhung.

KABUDAYAAN ADI LUHUNG

Kabudayaan lair kang isi kaendahan, diarani kagunan adi luhung utawa kagunan edi peni, terkadang mung kasebut kagunan bae.
Wong kang bisa ngulah budayane utawa akal budine (nalare, angen – angene) nganti bisa mahyakake (menciptakan) apa – apa kang isi kaendahan, diarani wong guna (seniman, seniwati).
Mungguh kagunan adi luhung iku ana 6 warna yaiku :
1. Kagunan swara (langen swara utawa tembang, seni swara) yaiku kagunan adi luhung kang mahyakake swara kang endah. Endah mungguhing lagune, larase, iramane utawa cengokoke.
2. Kagunan Karawitan, yaiku kagunan kang mahyakake tetabuhan kang endah ( gamelan, musik).
3. Kagunan nggambar lan nyungging apadene natah (seni rupa, kalebu uga seni pahat lan seni lukis ) yaiku kang mahyakake rerupan kang edi peni utawa wewujudan kang endah, kayata nggambar, reca, ukir – ukiran lan liya -liyane.
4. Joged (seni tari) yaiku kang mahyakake solah bawa kang endah.
5. Tontonan (seni drama), mahyakake tetontonan (sandiwara) kang endah.
6. Kasusastran ( seni sastra), mbabarake bas kang endah kajaba saka iku ana kagunan adi luhung kang diarani pedalangan

Kagunan pedalangan kang ditindakake sarana wayang (kadadeyan saka pitung jejeran : jejeran kawitan, jejeran sabrangan, jejer bondhet, jejer pendhita utawa gara – gara, jejer uluk – uluk, jejer sumirat, jejer rina – rina) kang dipitontonake sajrone sawengi, isi babagan:
1. Mystiek kang mengku falsafah lan panembahan (Ketuhanan Yang Maha Esa).
2. Panggulawentah (Pendidikan) sarana tepa palupi yaiku wong awatak jujur wasanane luhur, wong awatak candhala wasanane cilaka.
3. Piwulang kaweruh warna – warna kang murakabi ing ngatase bebrayan Agung (masarakat) kayata : bab unggah – ungguh, tata krama, tata praja lan sapanunggalane.
4. Piwulang bab kagunan adi luhungnem warna yaiku:
a. Kagunan swara, dumunung ung tembang, suluk lan ada – ada.
b. Kagunan kapradanggan, dumunung ing lelagoning gamelan ( gendhing).
c. Kagunan nggambar lan nyungging sarta natah, dumunung ing rerenganing kelir, edine wayang, wewangun ana ing rericikane gamelan, penine grobogan ( wadhah gamelan), pulase gayor lang sapanunggalane.
d. Kagunan Joged ( lenggot bawa, kridha mataya) dumunung ing jogeding wayang.
e. Tontonan endah (seni drama ) dumunung ing lakoning wayang.
f. Kasusastran ( Seni sastra) dumunung ing cakepan tembang, suluk lan ada- ada, apadene basa kang kanggo janturan lan pocapan wayang.

SANGGAN, PANINGSET SAHA LAMBANG KALPIKA

SANGGAN, PANINGSET SAHA LAMBANG KALPIKA

Rehning lamaran sampun katampi saha pancasan inggih sampun golong gilig ateges karekat bebesanan sampun dados. Ing wekdal ingkang sae lajeng dipun adani upacara pasrah sanggan paningsetan.
Adicara pasrah sanggan punika nggadhahi ancas paring paningset saking kulawarga kakung dhumateng kulawarga putri. Cathetabipun putra kakung ningseti putri calon jatukramanipun. Ing papan sanes wonten ingkang mastani tukon.
Pasrah sanggan saha lambang kalpika punika minangka satunggaling cara utawi sarana paningsetan. Adicara pasrah sanggan lan lambang kalpika punika saged dipuntindakaken piyambak – piyambak utawi kagarba dados satunggal. Dene tumindakipun saged mirunggan, saged ugi kanthi prasaja.

Ubarampenipun adicara pasrah sanggan saha lambang kalpika :
1. Kalpika ingkang kawadhahan ing kandhaga alit
Limrahipun wujud pethi utawi kreta alit ingkang sinepuh perak utawi kemasan. Kalpika utawi seser wujudipun ali – ali bunder gilig boten sigar penjalin ingkang mawi pedhotan. Maknanipun tresnanipun ingkang badhe gesang tembayatan boten wonten telasipun, saking awal dumugi akhiripun , saking donya dumugi delahan.
2. Ageman putri sapengadek : kebayak, nyamping, kotang, kendhit utawi angkin, lan sapanunggalanipun.
Maknanipun : putra kakung badhe nyekapi sedaya kabetahaning garwa, nutupi sedaya wewados utawi saru sikuning garwa, ngemuli lair lan batosipun, temah garwa boten kawudan utawi boten kacingkrangan.
3. Rerenggan pelik – pelik : gelang, kalung, suweng, lan sapanunggalanipun
Maknanipun : Putra kakung tansah badhe ngudi dumoroting garwa, boten badhe tumindak ingkang saged ndadosaken kuceming garwa, satemah saged tepa palupining brayat.
4. Jadah, wajik, jenang lan sapanunggalanipun.
Maknanipun : Wos ketan menawi taksih wujud las – lasan taksih kemepyur, nanging menawi sampun kaolah dados jadah, wajik, lan sapanunggalaipun luluh dados satunggal, loro – loroning atunggal. Nadyan wujud jalu wanita saged saeka kapti ing pakarti, saeka praya ing sedya. Lapis warni abrit lan pethak punika minangka pralambang manunggaling rah lan sum – suming kakung putri. Rah saha sumsum punika boten saged kapisahaken. Pisah kekalihipun ateges sirna. Kados sedyanipun risang calon penganten ingkang pepacangan, boten wonten ingkang kuwawi misahaken kekalihipun kajawi oncating nyawa saking raga.
5. Woh – wohan : jeram, manggis, nanas, salak, lan sapanunggalanipun.
Maknaipun : Mugi tresnanipun kakung putri punika saged mujudaken woh ingkang sejati tumuju ing ancas ingkang sinedya nuninggih palakrama.
6. Suruh ayu lan gedhang ayu.
Maknaipun : Suruh pindha lumah lan kurepe, nadyan beda rupane nanging tunggal rasane. Sanadyan mijil tanapi wanita, menawi sampun manunggal ing rasa cipta, rasa miwah karsanipun, keklihipun badhe saged saeka praya ing sedya, saeka kapti ing pakarti. Sedaya wau namung awit saking tempuking rasa tresna lan asih. Pisang limrahipun pisang raja, amrih kakung putri tumindakipun pinindha raja ingkang sarwa – sarwi tanggel jawab.
7. Cengkir gadhing ( saged kagambar pepethan wayang Kumajaya – Ratih, Janaka – Sambadra).
Maknanipun : cengir punika isi toya ingkang suci mugi tresnanipun jalwestri wau linambaran tresna ingkang suci kados paraga wayang kasebut.
8. Arta utawi Buwuh
Maknanipun : Buwuh punika menawi dipun kerata dados imbuh imbuh anggenipun badhe ewuh. Tiyang mantu punika panci badhe kagungan damel utawi ewuh.
9. Urip – urip : ayam (lancur lan dhara) utawi kambangan utawi Banyak sajodho.
Maknanipun : Ingkang badhe jejodhohan sageda tanggel jawab dhumateng baryatipun kados dene urip – urip mau.

Awit saking kemajengan jaman, ubarampe kasebut saged kapesen utawi tumbas dados. Lumrahipun ubarampe pinetha peksi, ayam, utawi banyak ingkang winadhahan baki. Ubarampe katambah roti – roti, utawi nyamikan sanesipun.

Jumat, 30 Januari 2009

Macapat lan Sekar Gendhing

MACAPAT

Tembang Macapat uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe paugeran pupuh (bait), guru gatra (cacahing larikan), guru wilangan (cacahing wanda = suku kata), lan guru lagu (tibaning swara saben pungkasaning gatra (larikan) tembang utawa dong ding.

A. Kasusastran kang tinemu ing gendhing ;
1. Cakepan yaiku syair, tetembungan kang dienggo ing tembang.
2. Cengkok yaiku Lak – luking swara kanggo nglagokake tembang.
3. Gendhing yaiku swara lelagoning gamelan
4. Gamelan yaiku Piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata ; bonang, kendhang, gong kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp.
5. Laras yaiku rasa thinthingane swara cendhak nganti swara dhuwur.
6. Titi laras yaiku angka minangka gantine laras ( swara cendhak tekan swara dhuwur).
7. Pathet yaiku ukuran cendhek lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang.
8. Pedhotan yaiku pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik.
9. Senggakan yaiku unen – uen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing / pradangga
10. Swarawati yaiku waranggana, pesindhen, penyanyi putri.
11. Wiraswara yaiku penyanyi kakung
12. gerong yaiku tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing gerong para wiraswara / pradangga.
13. Sindhenan yaiku tetembangan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan / lelagoning gendhing.
14. Irama yaiku ukuran rindhik rikating penabuhing gamelan.
15. Bawa yaiku tembang kang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan.
16. Buka yaiku tetabuha kang kanggo bukani gendhing.

B. Watak lan pangangone tembang macapat
1. Pocung watak kendho tanpa greget saur, bisa kanggo medharake sembrana, lsp
2. Maskumambang watak nalangsa, kanggo medharake rasa prihatin.
3. Gambuh watak wani, wanuh, rumaket lan kulina. Prayogi kanggo paring pitutur, utawi sesorah ingkang ngemu raos radi sereng.
4. Magatruh watak Sedih kanggo medharake rasa memelas, getun, lan prihatin.
5. Kinanthi watak seneng, tresna, asih, grapyak, prayogi kagem suka pitutur raos tresna.
6. Asmaradana watak Watak sedhih prihatos , sengsem gandhrung. Mathuk kanggo cariyos sedhih lan asmara.
7. Mijil watak gandrung, prihatin anggone golek ilmu, metuning ras pitutur, medharake bukaning crita, mangayubagya.
8. Pangkur watak watak sereng, kejem, nantang, mathuk kanggo pitutur sereng, crita perang.
9. Durma watak Galak nantang, nesu lan muntab
10. sinom watak grapyak, sumanak, renyah.
11. Dhandhanggula watak kewes ,luwes, resep prayoga kanggo apa wae.
12. Girisa watak gagah mawanti – wanti bisa kanggo wulang wuruk, nggambarake kaendahaning alam.
13. Balabak watak sembrana cocog kanggo lelucon.
14. Wirangrong watak duwe prabawa gedhe, bisa kanggo wulang wuruk, nggambarake kaendahaning alam.
15.Juru demung watak kenes mathuk kanggo peprenesan.

Jumat, 02 Januari 2009

MACA CEPET

MACA CEPET

Standar Kompetensi : Mampu membaca cepat teks non sastra dengan berbagai tujuan dan mengapresiasikan karya sastra.

Kompetensi Dasar : Membaca cepat berbagai teks nonsastra dengan kecepatan 120 – 180 kata / menit.

Seserepan

  1. Maca Cepet

  1. Caranipun maca cepet

Maca cepet ingkang dipun wastani kasil menawi saben menit sampun saged pikantuk 250 tembung, menawi dereng saged kedah dipun wangsuli malih kanthi cara :

  1. Maca jroning batin, konsentrasi
  2. Suwanten lembut cekap kapireng piyambak
  3. Ampun ngginakaken tuding utawa driji
  4. Ampun ngobahaken sirah,mripat tumuju wonten wacan
  5. Ampun wangsuli tembung ingkang sampun kawaos
  6. Ampun dipun eja aksaranipun

Ketrampulan dasar maca

  1. Ketrampilan nguaosi mripat
  2. Ketrampilan nguaosi tembung, frasa
  3. Ketrampilan nguaosi tembung kunci.

Cara maca ingkang saged cepet angsal informasi

a. Cara Skimming : Cara maos kangge madosi bab – bab ingkang wigati kanthi cepet.

Tuladhanipun : Madosi pokok permasalahan, pemanggih tiyang utawi ingkang wigati kanthi boten maos sedaya.

b. Cara Scanning : Cara maos kangge madosi kabar informasi ingkang sampun dipun betahaken. Caranipun cekap dipun waos bagian ingkang dipun padosi kemawon.

Tuladhanipun : Madosi nomor telpon wonten buku telpon, madosi tembung ing kamus, madosi nomer indeks lan sanensipun.

  1. Wacan

Wacenen kanthi cepet lan etungen saben sakmenite !

KIRAB BUDAYA ING TEMANGGAL PURWOMARTANI

Memetri Budaya Jawi lan Mengeti Kamardikan RI

Kirab budaya kang diadani minggu 17 Agustus 2008 mapan ing Temanggal, Purwomartani, Kalasan, Sleman, Yogyakarta katon regeng lan disengkuyung masarakat. Masarakat wis katon guyub rukun lan raket pasrawungane. Ana ing kirab budaya kanth tema : Memetri Dhusun Temanggal 11 ing Panghargyan Agung Kamrdikan Republik Indonesia kang kaping 63, masarakat Temanggal kepengin ngleluri lan memetri tingglane para leluhur.

Kanggo memetri budaya Jawa ing papan iki uga diadani pentas kesenian kayata, tari –tarian klasik, jathilan, lan wayang kulit sawengi natas kanthi Dhalang Gandhung Jadmiko, lan Dhalang cilik Bayu Praba Prasaba Adji. Masarakat Temanggal miwiti ngadani kirab budaya iki kanthi pangajab supaya masarakat ing sakiwa tengene bisa memetri budaya lan tradhisi kang saiki kurang greget.

Kirab budaya punika kangge memetri dhusun Temanggal mliginipun, lan kangge nglestantunaken tradhisi kados damel tumpeng saubarampenipun, damel gunungan sanking who - wohan ingkang manika warni, pala kasimpar, pala kapendhem, pala gumantung, ugi saking manika warni asil tetanen sasampunipun kirab sedaya ingkang ndherek kirab lajeng kendhuri lan dhahar sareng “Ngendikane Drs. H. Haryadi Ketua Panitya Acara Kirab Budaya marang Djaka Lodang.

Ana ing arak – arakan karnaval katon ngarep dhewe Barisan Tolak Balak.Barisan iki dumadi saka wong kang didandani kaya wong edan, wong kang pawakane cilik nanging wis yuswa ditugasi nyebar beras kuning sadawane dalan, banjur ana kang acacat tangane nggawa sapu. Kajaba iku uga ana barisan Drum Band, barisan perawat, guru, para tani, kesenian jathilan, bergada barisan kang ngusung Gunungan cacahe 2 yaiku gunungan kang digawe saka maneka warna woh – wohan lan gunungan kang digawe saka wulu wetuning bumi, banjur barisan para olahragawan “berprestasi”. Kirab dibudhlalake saka plataran sesepuh dhusun Temanggal tumuju Kantor Kelurahan Purwomartani, sabanjure bali maneh ana dalem sesepuh Temanggal saperlu kendhuri tasyakuran kanthi tumpeng salawuhe kanggo dhahar bareng masarakat Temanggal.

Masarakat Temanggal ana ing panghargyan mengeti Kamardikan RI kang kaping 63 lan memetri Dhusun Temanggal iki duwe sesanti : “Pandhawa Mangun Gapuraning Jagad Anyar, Rahayuning Para manggalaning Praja kanthi Nyawiji ing tekad lan niyat” muga muga kabeh kang dadi panuwunan masarakat temanggal bisa dadi kanyatan lan diijabahi dening Gusti kang Maha Widhi. Pancen memetri kan ngleluri tinggalane leluhur iku ora entheng nanging yen dilandhesi kanthi tekad lan niyat kang kuwat, kabeh mau bakal gampang lan ora krasa abot.

Dening : Tatiek Poerwa

Kapendhet saking Kalawarti Djaka Lodang Nomer 14 edisi 6 September 2008

Kaca 23.

TUGAS

Wangsulana pitakon – pitakon ngisor iku kanthi bener lan pener !

1. Kirab Budaya ing Dhusun Temanggal Purwomartani punika nggadhahi tema punapa ?

2. Kanggo memetri budaya Jawa ing dhusun Temanggal uga diadani pagelaran wayang kulit sewengi natas. Sapa wae dhalange ?

3. Gunungan kang dikirab cacahe ana loro, apa wae ?

4. Apa sesantine masarakat Dhusun Temanggal ana ing panghargyan mengeti Kamardikan RI kang kaping 63 ?

5. Wacan ing dhuwur iku kapendhet saka ngendi ?

MACA EKSTENSIF

MACA EKSTENSIF

Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan non sastra dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.

Kompetensi Dasar : Membaca Ekstensif teks non sastra dari berbagai sumber.

Seserepan.

Ekstensif : bersifat menjangkau secara luas

Maca Ekstensif tegese maca kang nduweni ancas supaya antuk informasi ingkang wiyar.

  1. Wacan

ING ALUN ALUN KIDUL NGAYOGYAKARTA ANA CANDHI BOROBUDUR

Acara Supermi go launching lan pencatatan Rekor Muri kang mapan Alun – alun Kidul Yogyakarta, setu 9 Agustus 2008 diwujudi kanthi gawe Replika Candhi Borobudur saka Mei Instant. Salah sijine kreator kang asmane Mas Gosong menehi katrangan : “Acara iki pancen spektakuler. Gawe Replika Candhi Borobudur kang ukurane 12,2 X 12,2 meter iki ngentekake 77.480 supermi lan ditandangi jroning wektu seminggu. Sawise dicathet Muri, bakal diaturake GKR Pembayun lan bakal disalurake liwat Dinas Sosial”.

Kejaba gawe Replika Candhi Borobudur ing Alun –alun Kidul uga dicawisake 5.000 porsi Supermi Go, kanggo ngenalake marang masarakat menawa Indofood ing wektu iki duwe produk anyar Supermi mau kanthi telung rasa yaiku Supermi Goreng Rasa Ayam Bawang kang disingkat gobang Goreng Rasa Kari utawa Gokar, Goreng Rasa Soto disebut Goso.

Pancen anggone ngadani acara “Pemecahan Muri “ iki minangka ajang kanggo promosi bab produk anyar Supermi marang masarakat. Kejaba ana acara mangan lan nonton Candhi Borobudur ing Alun – alun Kidul kanthi gratis, panitiya uga bukak bazaar lan nyuguhake manika warna hiburan. Band lokal kang melu nyengkuyung yaiku Sri Rejeki lan artis saka ibu kota yaiku Project Pop.

Kejaba hiburan musik, masarakat bisa nonton semifinal lan final Supermi Soccer. Acara mau diprakarsai dening PT. Indofood Sukses Makmur Tbk Noodle Division Jawa Tengah – Daerah Istimewa Yogyakarta. General manager PT. Indofood Sukses Makmur Tbk Jateng – DIY Abdulrachman nandhesake yen Pemecahan Muri iku mujudake salah sijine rerangken acara Peluncuran Gobang, Gokar, lan Goso.

Dening : Tatiek Poerwa.

Kapendhet saking Kalawarti Djaka Lodang No. 13 Edisi Agustus 2008. hal 28.

  1. Wangsulana Pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi bener.
  1. Apa kang dadi isi pokoke wacan ing dhuwur ?
  2. Tulisna isi pokok wacan ing dhuwur ! paling sithik saparagrap !
  3. Saka ngendi sumbere wacan ing dhuwur ? (jeneng, taun, nomor halaman)
  4. Supermi nduweni telung rasa, apa wae rasane ?
  5. Kanggo apa PT. Indofood Sukses Makmur Tbk nganakake acara Supermi Go Lounching lan pencatatan Rekor Muri kang mapan Alun – alun Kidul Yogyakarta ? Apa pamanggihmu (pendapatmu).

C. Coba golekna tembung – tembung kang durung dingerteni !

WACANA NARASI, DISKRIPSI, EKSPOSISI, ARGUMENTASI, PERSUASI

WACANA NARATIS , DISKRIPSI, EKSPOSISI, ARGUMENTASI, DAN PERSUASI

Standar Kompetensi : Mampu menuliskan ungkapan gagasan dalam bentuk wacana narasi, diskripsi, eksposisi, argumentasi dan persuasi.
Kompetensi Dasar : Menuliskan Wacana Tentang Budaya Jawa

A. WACAN NARASI (NYERITAKAKE)
Wacan naratif yaiku wacan kang mbudidaya nyritakake prastawa utawa kedadeyan kaya - kaya wong kang maca nyekseni dhewe utawa ngalami dhewe prastawa mau. Utawa wacan kang nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu. wacana narasi iku adate mentingake urutan lan biyasane ana tokoh ing sajroning crita.
Wacana Narasi ana warna loro :
1. Narasi Ekspositoris
Narasi Ekspositoris yaiku wacana kang mung menehi
katrangan lugu / apa anane. upamane : Siswa nyeritakake kedadeyan ana ing jjero kelas nalika piwulangan Basa Jawa. utawa Jaksa nyritakake kedadeyan rajapati ing pengadilan.
Tuladha :
Jam enem Darmi mangkat enyang pasar arep kulakan. teane ngisor wit trembesi dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh. Ngerti yen Darmi mati, Darmo mlayu ngiprit.
2. Narasi Sugestif
Narasi sugestif yaiku wacana kang ngracik kanthi runtut nganti bisa nggugah pangangen - angene waong kang maca. upamane : dongeng ( Aji saka ), cerkak, Novel, Roman.
Tuladhane ;
Cerkak ( cerita cekak )
Pak Guru
Parjó lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak karo ngalamún. Sêpédha mótór kridhitané diparkir ånå ngarêpé.
Hèlêm loro ånå jênêngé anaké, Nardi lan Sunarmi dicènthèlaké kiwa têngên sêtang. Kåncå-kancané lagi wédangan ånå warúng mburiné dhèwèké. Ora lêt suwé Nardi nyêdhaki Parjó.
"Sês, Pak Guru!?" Nardi nawani rókók.
"Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!" sêmauré Parjó karo ngrógóh kanthóngan ngêtókaké rókóké.
Nardi durúng sêmpat lunggúh ånå swårå rådå bantêr. Suarané Bu Wagiyêm, bakúl bumbón tanggané Nardi.
"Ayo Dhík Nardi, gèk ndang ditêrké. Wís kawanan jé...! Mau tanginé kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni."
Tanpå ngucap Nardi têrús nyandhak karungé Bu Wagiyêm. Disèlèhké ndhuwúr tèngki, têrús bablas. Ninggalké pêlúk síng kêmêndhêng. Parjó dhèwèkan manèh....ngalamún.
Parjó kèlingan ucapané Nardi rikålå nawani rókók. Sêbutan síng diucapké kåncå-kåncå pêngojèk liyané. Pak Guru Parjó, lêngkapé bapak dóktórandús Parjó. Parjó nèk ésúk pancèn guru ånå SMP íng désané. Lan nyandhang gêlar sarjana. Sarjana PMP. Síng sabêndina nêrangké babagan pêmêrintahan marang muríd-muríd íng sêkolahé, nêrangké babagan pêmêríntahan démokrasi kang njunjúng kêadilan, pêmêríntahan síng adhêdhasar manút amanat pêndêritaan rakyat, pêmêríntahan síng dilandhêsi ukúm kanggo kabèh kawulané ora mandhang pangkat lan drajad kabèh kênå ukúm síng pådhå, Nêgårå kang nganút dhémokrasi. Anti KKN lan liyå liyané. Sêbutan Pak Guru rikålå nyambi ngojèk janjané rasané risi, níng suwé-suwé sindhirané kåncå-kancané ora dirasakké. Miturút Parjó ngojèk kuwi pêkêrjaan halal lan ora ngrugèkaké liyan.
"Pak guru ki ora nguman umani, rêjêki kanggo kancané síng ora duwé gawéan yó... mèlu diarah, lawóng wís digaji gêdhé...préi dibayar. Lha kók sêmpat-sêmpaté ngojèk. Åpå ora isín nèk kêtêmu muríd-muríd nèng ndalan?" sindhirané kåncå-kåncå pêngojèk karo guyónan.
"Ora orané..., rêzêki sing ngatúr Gústi Allah..., rêzêki ora mungkín klèru!" sémauré Parjó sak kêcêkêlé.
"Wah nèk ngono kuwi kétók guruné..." suarané kåncå-kancané barêng karo pådhå ngguyu barêng.
Pisan manèh Parjó kèlingan limang tahún kêpungkúr. Rikålå isíh kuliah...rikålå isíh sinau. Sêkolah sinambi nggarap sawah sak pathók, dadi burúh lan nyambút gawé sêrabutan sak kêcêkêlé. Kabèh dilakóni kanti sênêng. Amargå duwé gêgayuhan lan pêngarêp-arêp, mêngko nèk wís nyandhang gêlar sarjana mêsti uripé bakal ånå owah-owahan, dadi wóng síng kajèn kéringan dadi pégawai. Alhamdulillah amargå têkún anggoné sinau akhiré Parjó lulús sarjana. Tahún pisanan nyoba mèlu ndhaftarké dadi pêgawé nêgri. Awan, ésúk, soré lan bêngi tansah sinau kanggo ngadhêpi mbók mênåwå ånå tèstíng pênêrimaan pêgawé.
Dinå kang ditunggu-tunggu têka, dinå kanggo ujian masuk dadi PNS. Mangkat tèstíng kanti gagah sêmangat êmpat lima. Yakin mêsti iså nggarap kabèh.... Têrús tèstíng diwiwiti. Kabèh soal iså dijawab kanti bênêr, kari nunggu pêngumuman.... Ditåmpå, têrús dadi Calón Pégawai Nêgêri Sipil alias CPNS. Tanpå kélangan dhuwit.... Aku êmóh nèk dadi pêgawai nganggo dhuwit, êmóh yèn KKN.... Lha wóng dhuwít kók diwènèhké wóng sugíh. Pådhå waé ngingóni wóng lémpóh.... Ngono pikiré Parjó.
Sak wisé têlúng minggu dinå pêngumuman têkå, têrús mangkat niliki pêngumuman pênêrimaan CPNS. Diatúraké nomêr-nomêr síng ditåmpå, nangíng nomêré Parjó.... blóng.... ora ånå. Taún kapíng loro yå hasilé pådå waé.... Taún kapíng têlu, papat, limå.... Sami mawón.... Mupús.
Rikålå ngancík taún kapíng pitu idéalismêné mulai luntúr. Sajaké wís ngancík jaman sak iki kabèh-kabèh kudu nganggo isiné sak alias dhuwit.
"Ééé.... Blaik tênan, arêp dadi pêgawé kók angèlé ora jamak," Parjó grundêlan nèng ngarêpé Drs Parimín kåncå kuliahé rikålå mampir nèng omahé.
"Kowé gêlêm åpå piyé? Sasi ngarêp ånå pêndhaptaran manèh. Níng kåyå biasané. Jaman saiki kudu nganggo (Parimín nggèsèkké jêmpól karo drijiné). Léwat tanggaku síng kêrjå nèng kånå dijamín!" sêmauré Parimín karo ngangkat jêmpól.
"Têrús pira?" Parjó nyaút kanti cêkak.
"Sak iki pasarané têkan séwidak!"
Blaik.... Trèmbèlané, lha kók kåyå wóng bakulan, kåyå blantík! Kuwi yå dhuwít kabèh?!" Parjo sêmaúr karo njêgègès.
"Mbúh Jó! Dikandhani kók malah cêngèngèsan," Parimín sajak anyêl.
"Têrús carané piyé? Jaminané piyé? Upåmå ora kêtåmpå piyé? Åpå dhuwité iså bali? Êngko gèk ngapusi?" pitakoné Parjó kåyå udan.
"Ora mungkín, piyayiné nèk dibayar sak iki ora gêlêm kuwi jênêngé nyókól! Lha wóng aku kaé mbayaré pênuh nèk wís kêtåmpå, nèk kowé gêlêm ayo njalúk tulúng rånå! Iki dudu KKN lho, lha wóng njalúk tulúng. Umpåmå nganggo dhuwít mbayaré kuwi nèk wis kêtampå... pinångkå ucapan têrima kasih alias matúr nuwún!"
"Kuwi alias ya mbayar.... Ya KKN. Lha kélangan dhuwít!" Parjó nyaút gunémané Parimín.
"Ya! sak karêpmu síng ngarani!" Parimín rådå anyêl.
Êmbúh piyé céritané ngêrti-ngêrti Parjó nyarujuki usulé Parimin. Parjó karo Parimín sidå mêngadakan pêrjanjian tidak têrtulis kathi cathêtan ucapan têrima kasih Rp 60 juta. Ångkå síng cukúp fantastik kanggoné Parjó. Rikålå ånå pêndhaptaran Parjó ndaptarké manèh sawisé olèh Kartu Pêndaftaran têrús dipotokopi, dititipaké marang tanggané Parimín.
Wis têkan titi mangsané, pêmêríntah dhaérah nggatèkaké nasibé pårå guru síng wís ngabdi suwé. Pênêrimaan PNS diutamakké síng pêngabdian lan umuré wís akèh, kêrsané Gústi Allah, Parjó mêmênuhi syarat. Parjó ditêtêpaké ditåmpå dadi CPNS. Nangíng ora ngêrti åpå mêrgå bantuan åpå mêrgå liyané, amargå rikålå kabèh kåncå-kancané sak angkatan ditakóni ora ånå síng nganggo dhuwít babar blas.
Parjó kêtampa kanthi råså sêtêngah-sêtêngah, yå sênêng, yå susah. Sênêngé mêrgå síng diidham-idhamaké pitúng tahún wís kêcêkêl. Nangíng síng ndadèkaké susahé, sak iki kudu nggólèk dhuwít sêwidak yutå. Pêrjanjian wis kêbacút ditèkên. Sawisé rêmbugan karo bojoné, diputusaké nyilíh dhuwít marang tanggané síng dódól matêrial, kanthi jaminan sértipikat lêmah warisané. Lan anakan sabên wulan têlúng pêrsèn. Ditambah adól mangsan sawah sak pathók warisan såkå mårå tuané suwéné limang tahún.
Nêm tahún lawasé Parjó wís rêsmi dadi Pégawai Nêgêri Sipil (PNS), nèk mangkat nganggo PSH nècis. Nangíng nganti saiki, nganti anaké wis loro durúng ngrasakké blanjané, amarga SK pêgawéné dititipaké ånå bank. Jangkané sêpulúh tahún kanggo nutúp utangan rikålå mlêbu dadi pêgawé lan krédhit pit móntóré.
"Dhúh Gústi tibaké dadi pêgawé nganggo cårå ngéné iki malah susah, pénak gèk dadi tani biyèn kaé, éntúk sithík dipangan sithík ora dioyak-oyak utang." Parjó ngunjal ambêgan. Atiné tambah gêtêm-gêtêm rikålå ånå wartå ing surat kabar, sing nêrangaké manåwå ånå oknum PNS nåmpå sógókan ditangkêp polisi amargå apús-apús. Barêng ditêlusur tibaké óknum mau síng nåmpå dhuwit sêwidak yutå såkå dhèwèké.
"Pak Guru tangi! Ayo aku têrké mulíh.... Ngalamún waé!" Sartónó pagawé pabrík tèkstil ing kutha nggugah lamunané Parjó.
"Éh.... iyå... iyå..., lho kók yah méné wís mulíh, Sar?" Parjó gêragapan karo nggolèki srandhalé.
"Anu Pak guru.... Mau ora dha mlêbu nyang pabrík. Níng dha nyang kabupatèn. Dhémo nuntút kênaikan gaji," suarané Sartónó katón sêmangat têrús mlumpat nyang sadhêl.
"Mêngko nèk síng dhémo malah dipêcat anakmu tók pakani åpå?"
"Êhmmm...." Sartónó ora biså njawab.
::Déning: P Dasihanto FD::
Sumber : Jagad Jawa - Solopos

Bedane Narasi Ekspositoris lan Narasi Sugestif :
Narasi Ekspositoris Narasi Sugestif
1. Njembarake wawasan utawa pangerten.
2. Mbeberake katrangan bab prastawa.
3. Adhedhasar nalar supaya padha sarujuk.
4. Basa Informatif, tembung denotatif. 1. Mbeberake makna kang sinandi.
2. Nguripake pangangen - angen (imajinasi)
3. Nalar mung Kanggo nggayuh surasa (makna), yen perlu nalar dilirwakake
4. Basa figuratif, tembunge konotatif.





B. WACAN DISKRIPTIF (NGGAMBARAKE).
Wacana Diskriptif yaiku wacana kang nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya - kaya ana ngarepe wong kang maca.
Tuladha :
Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. lawange wis ora bisa diinepake, tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku - buku utawa piranti liyane kang arep disimpen ana kono.
Museum Diponegoro
Museum iki manggon ing Magelang, persis ing Jalan Diponegoro no. 1. Gedhunge manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidhenan Kedu kang dibangun 1810. Ing kene, mbiyen Pangeran Dipanegara (Diponegoro) diapusi dening Walanda. Ing museum iki kasimpen meja kursi kang ana guratane kuku Pangeran Dipanegara, klambi kang ukuran dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter, digawe seka bakal (kain) shantung. Ana uga kitab Tahrib, bale kanggo sholat, 7 (pitung) cangkir, lan maneka warna liyane.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Keterangan :
Wacana di atas menggambarkan tentang barang-barabg milik pangeran Diponegara yang disimpan di Museum Diponegara, barang yang disimpan antara lain : baju yang tingginya 1,57 meter dan lebarnya 1,35 meter, yang terbuat dari kain Santhung, serta terdapat kitab Tharib, balai untuk sholat, 7 cangkir, dan masih banyak yang lainnya.

C. WACANA EKSPOSISI (NYERITAKAKE PROSES)
Sajroing wacana eksposisi dibeberake anane analisa proses nganggo cara narasi. Narasai kang mengkono mau diarani narasi ekspositoris/ narasi teknis, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining prastawa kang dibeberake. Dadi ancase wacana eksposisi yaiku maparake, njlentrehake ( menjelaskan), ngaturake informasi, mengajarkan lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari supaya pamaos bisa nampa utawa narima. Wacana elsposisi adate digunakake kanggo mbabarake pengetahuan / ilmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab. tuladhane upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan sapanunggalane.
Tuladha
Mendhem ari-ari
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing). Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan).Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ket: wacana diatas merupakan ekposisi dapat dilihat dari adanya penjeklasan yang merupakan kata kunci dari wacana eksposisi. Paragraf diatas menjelaskan tentang upacara mendhem ari-ari disitu dijelaskan tentang makna istilah mendhem ari-ari dan juga tata urutan upacara. Dijelaskan pula simbol-simbol yang ada dalam upacara adat tersebut.

Gedhang

golèkGedhang (ngoko) utawa Pisang (krama) iku sing thukul nglompok ing dhaérah tropis. Tandhuran gedhang kagolong kulawarga Musaceae. Ana pirang jinis gedhang sing warnané werna-werna, ananging mèh kabèh sing didol ing pasar utawa supermarket warnané yèn wis mateng lan rupané nglengkung. Gedhang akèh ngandhung kalium. Kembang gedhang diarani jantung.
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Ket: paragraf diatas termasuk wacana ekposisi. Wacana tersebut menerangkan tentang buah gedhang atau pisang dari segi asal-usulnya dan juga jenisnya.



D. WACANA ARGUMENTASI (PANEMU)
Wacana argumentasi yaiku wacana kang mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang dikarepake panulis/ kang ngomong.
Tuladha :
BASA JAWA LAN BUDI PAKARTI
Basa Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mBoten kraos ugi pikantuk pelajaran budi pakarti. Paling mBoten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti. Lare-lare kala wau badhe luwih ngajeni tumrap tiyang sanes, kaliyan tiyang ingkang dipunjak micanten, ugi luwih ngajeni tiyang ingkang luwih sepuh saking piyambakipun.
Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Babagan menika amargi bebasan-bebasan ing basa Jawa menika ngandhut kapribaden manungsa ing Indonesia. Tegesipun, sedaya ingkang sae, ingkang endah ing pangraosan dipunungkapaken mawi tetembungan basa Jawi. Isi lan unenipun tetembungan menika saged dipunpahami kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan:
1. “gemi, nastiti, ngati-ati”
Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mBoten pareng boros wonten gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mBoten sae. Nastiti menika ateges mBoten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mBoten usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mBoten sae/kelentu), manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan ingkang wonten ing masarakat.
2. “tegen, mugen, rigen”
Tegen menika ateges mBoten nDamel tiyang sanes kuciwa_mliginipunipun ingkang dados semahipun, utawa dados tiyang menika kedah kurmat kaliyan garwanipun. Mugen ateges menawi tiyanng menika kedahipun saged dipercaya kaliyan tiyang sanes, utawi manungsa menika kedah saged nDadosaken tiyang sanes percaya kaliyan piyambakipun. Rigen menika ateges menapa ingkang dipuntindakaken menika saged nDadosaken manpangat kangge tiyang sanes.
3. “titi, rukti, rumanti”
Titi menika ateges tiyang menika mboten pareng sembrana anggenipun tumindak. Rukti ateges manungsa menika kedah dadhah penampilan ingkang sae, pantes lan mBoten ngisin-isini. Dene rumanti menika ateges saged nyekapi, utawi menawi dados garwa ingkang sae menika kedah saged nyekapi kabetahanipun ngangge penghasilan ingkang punpikantuk.

E. WACANA PERSUASI ( PANGAJAK).

Paragrap persuasi iku sambugane saka kembangane saka paragrap argumentasi. persuasi sepisanan ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha kanggo nyakinanke pamaos. banjur dibarengi nganggo ajakan, bujukan ,rayuan, imbauan utawa saran marang pamaos. bedane paragrap argumentasi lan paragrap persuasi. paragrap argumentasi kang dadi bakune yaiku salah benere gagasan / pendapat. nek paragrap persuasi ngarep - arep supaya pamaos melu karo kekarepane panulis.
Tuladha :
praktik pidato iku gedhe banget mupangate. saben praktik pidato iku mesthi duweni pengalaman kang paling nyensemake ati. saya kulina anggone praktik pidato, mbuh iku gladhen utawa praktik pidato temenan bakal saya akeh pengalaman batin kang diduweni. saka pengalaman batin mau pamicara nemokake cara - cara pidato sing efektif lan nyenengake. saya akeh daya pikat kang ditemokake lan saya kerep dipraktike, bakal saya akeh pengalaman pamaos.
wis ora mokal maneh yen praktik pidato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa percaya dhiri. yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bisa ngayahi tugas kanthi tenang tanpa ana godha ( kaya rasa isin ), wedi lan grogi. percaya dhiri mau kang dadi modal pisanan kanggo ngayuh keberhasilan pidato. mula supaya mahir lan trampil pidato, panjengan kudu nglakoni praktik pidato.

MACA TEKS RUMPANG

Standar kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks nonsastra berbahasa Jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.

Kompetensi Dasar : Membaca teks rumpang

Seserepan.

Jenengane wae teks rumpang yaiku teks kang durung komplit.

  1. Wacan.

AJA DEMEN NGETUNG BECIKE DHEWE

Wis lumrah, yen wong lair ing alam donya duwe sipat lan sikep kepengin ngetokake dhiri pribadine 1)………………………………….. Embuh iku tumindak sikap dalah sifat sing ala utawa becik.

2)………………………………………, banjur diketokake kabecikane ing sangareping liyan. Kabeh iku mau dijarag, amrih wong liya ngerteni apa sing wis ditindake. Njarag ngumukke, pamer kekuwatan dalah keluwihan sing diduweni. Apa wae sing ditindakake rumangsane bener lan pener. Mungguhing wong yen kepengin uripe ing bebrayan agung, tansah disinengkuyung dening liyan, aja pisan – pisan nganggep piyambake bener dhewe.

Utamane nalika ambyur ing pasrawungan, perkumpulan, dalah organisasi – organisasi. 3)………………………………………………………… Sebab sikap dalah sipat sing kaya mengkono iku, bisa nuwuhake pambiji saka wong liya kurang becik.

Babagan kasebut salaras karo wewarah utawa ungkapan tinggalane leluhur kita, utamane bebrayan Jawa yaiku 4)………………………………………….. Yen kita gelem sinau kanthi permati, wewarah kasebut ngemot pitutur luhur kang dhuwur pangajine.

Aja dhemen ngetung becike dhewe, ngemot pitutur amrih wong tansah, 5)……………………….. semono uga panemune liyan. Aja pisan – pisan nganggep piyambake unggul dhewe, apik lan bener dhewe.

Senadyan iku bener ara apik yen diketok – ketokake. Tataran ilmu sing paling dhuwur, dalah liyane .upamane materi ora kudu di umumake.urip iku diibarat pari wae tansaya tuwa lan mentes.( ana isine),malah tumungkul.semono uga wong paling becik yaiku, 6)………………………………………… Ngunakake dhadhane,amrih kaluwihan sing diduweni dimangerteni liyan.

7)……………………………………………,iku luwih becik diamalake marang liyan.aja banjur kepinterane kanggo minteri .kebecikan-kebecikane sing wis ditindakake aja dietung kanthi njlimet. Kabeh tumindak sing becik diikhlasake. Aja diuthik-uthik wola-wali,amrih dimangerteni liyan

Wewarah “Aja ngetung becike dhewe” iku lair karana padinane wong Jawa.8)…………………………………… Nindakake kesalahan utawa kekhilafan iku lumrah. Ora ana wong sing uripe sampurna sakabehe.

Dadi saupama ana wong liya nindakake kesalahan, 9)………………………, aja banjur diala – ala. Bisa wae liya dina awake dhewe nindakake pakaryan kang padha.

Wis jamak lumrah, wong iku kadunungan sipat dalah sikap lalen. Kanthi mengkono, 10)………………………………………….dalah salah yen dinulu, paling becik aja melu nyampuri urusane. Apa maneh, nganti ngelek – elek. Diangep wae piyambake khilaf.

Ana bacute………………………………………………………………………..

Dening : Atien

Kapendhet saking Kalawarti Djaka Lodang Nomor 20, edisi Oktober 2008. hal 13

  1. Coba paragrap ing dhuwur jangkepana nganggo ukara – ukara ing ngandhap.
    1. Pancen sok ana wong sing nduweni watak becik
    2. “Aja dhemen ngetung becike dhewe”
    3. Saupama nduweni kaluwihan,embuh iku babagan ilmu,materi,aja banjur angone ndangak kedhuwuren.
    4. Mbok menawa iku wis dadi sikap dhasare
    5. Nora becik yen nduweni sikap lan sipat, dhiri pribadhine luwih apik, pinter, lan sapanunggalane
    6. ngregani, ngurmati wong liya
    7. “manungsa iku kadunungan sipat apes”
    8. Nduweni kaluwihan ilmu
    9. nalika wong liya nindakake pakaryan sing kurang bener
    10. kekhilafan kanthi sengaja utawa ora
  1. Golekna pokoke ukara ing saben paragrap !

MACA PAWARTA

MACA PAWARTA

Standar Kompetensi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan nonsastra berbahasa Jawa dengan berbagai teknik membaca untuk berbagai tujuan.

Kompetensi Dasar : Membaca berita

Maca saking pawarta Televisi.

Menawi salah satunggiling tiyang maos pawartos dipun pocapaken kanthi cetha ingkang saged kapireng dening tiyang sanes, cara maos mekaten dipun wastani cara “maos teknik” tiyang sanes saged medhot ingkang bakenipun perkawis / pawarta.

Ingkang kedah dipun gatosaken cara maos teknik inggih punika :

  1. Pocapan (lafal) : nggatekake aksara vocal punapa konsonan.
  2. Lagu ukara inggih punika gegayutan kaliyan andhap inggiling swara / nada.
  3. Kawijangan pocapan inggih punika gamblang dipun mirengaken saha leres tumraping pangagem basa.
  4. pandhelenging netra sasaged saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
  5. sikep maos kaudia ingkang santun miwah leres

Tuladha Pawarta Televisi

Teks Pawarta; Jogja TV

Tempat Pembuangan Sampah Akhir, Ngablak, Sitimulyo, Piyungan, Bantul dipunbikak wiwit taun 1996. Papan ingkang reged lan ngganda kasebat tumraping tetiyang ing sakiwatengening TPA pranyata boten ndadosaken perkawis menapa-menapa, kepara mujudaken papan ingkang ngrejekèni. Ing wekdal sakawit, sakdèrèngipun TPA menika dipunbikak, kawontenaning masyarakat ing sakiwatengening papan kasebat mrihatosaken. Nanging sasampunipun TPA dipunbikak, panggesanganing warga mbaka sekedhik saya mindhak saé awit ndayakaken uwuh ing papan menika.

Salah satunggaling warga masyarakat Ngablak, Ahyar, ugi nélakaken bilih sasampunipun TPA Ngablak dipunbikak, kios ban lan tambal banipun ugi saya ramé. Kejawi menika, warga ing sakiwatengen ugi saged pidamel pados rongsokan uwuh menapa déné ngingah lembu, saéngga panggesanganipun saya mindhak.

Para warga ing sakiwatengening TPA sewaunipun boten mangertos menawi uwuh menika wonten pangaosipun. Sasampunipun kathah tetiyang saking sajawining rangkah pados rongsok ing papan kasebat, para warga nembé gumregah tumut pados rongsok lan pranyata panggesanganipun ugi saya saé.

Teks Pawarta; TVRI Jogja

Kadang Tani mliginipun ing tanah Jawi, menawi badhé wiwit nanem wonten ing sabin tansah nindakaken Adicara Metri Sawah utawi Wiwitan. Upacara menika minangka panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, supados asiling tetanèn ing mangkénipun saged kalis saking ama lan bebendu. Ing jaman modern menika, mbokbilih sampun kathah warga ingkang mboten mangertosi ngèngingi tradhisi menika. Pramila, Masyarakat Tradhisi Bantul ingkang dipunsengkuyung déning Mahasiswa ISI Ngayogyakarta ngadani upacara wiwitan kang dipunrawuhi wakil Bupati Bantul, Sumarno.

Upacara kawiwitan kanthi mendhet winih pantun saking setunggaling sabin kagunganipun warga ing Bulak Pangkah, Sumberagung, Jetis, Bantul. Upacara Wiwitan menika dipunlajengaken wonten ing Lapangan Sumberagung. Pantun winih menika miturut tradhisi rumiyin dipunbagèkaken dhumateng sedaya kadang tani ingkang dipungéndhong déning sesepuhipun Dhusun. Wonten ing Lapangan Sumberagung, upacara Wiwitan dipunlajengaken dhahar tumpeng lan sekul wiwitan. Sekul wiwitan ingkang dipunwungkus ron pisang, saksampunipun dipundongani, lajeng kabagi dhumateng laré-laré. Swasana regeng sanget awit sedaya warga sami rebatan sekul wiwitan ingkang dipunjangkepi sambel Gepeng. Kanggé acara Ruwatan sawah saklajengipun ugi dipungelar ringgit Kancil minangka jangkeping acara merti sawah. Kejawi menika, masyarakat ugi dipunlipur déning manéka warna seni lan paméran kerajinan.

PARAGRAP DEDUKTIF LAN PARAGRAP INDUKTIF

PARAGRAP DEDUKTIF LAN PARAGRAP INDUKTIF

Standar Kompetesnsi : Mampu membaca dan memahami berbagai teks bacaan nonsastra berbahasa jawa dengan berbagai teknik membacauntuk berbagai tujuan

Kompetensi Dasar : Membaca intensif paragrap deduktif dan induktif

Seserepan

  1. Paragrap Deduktif lan Paragrap Induktif

Paragrap iku dumadi saka kumpulan ukara –ukara kan nduweni siji ide pokok (kalimat utama) lan ditambah anane ukara – ukara panjlentreh ( kalimat penegas).

Syarat paragrap bisa diarani apik menawa :

    1. Nduweni kohesi (nyambung babagan ujude).

paragrap kang apik kudu nduweni ukara – ukara kang nyawiji jumbuh saka wujude.

Kanggo niteni anane kohesi bisa ditonton saka ukara –ukara kang migunakake :

a. Tembung penunjuk kayata : iki, iku, kuwe, kawe, lan sapanunggalane

b. Tembung sesulih ( ing basa indonesia diarani kata ganti orang)

c. Ngambali tembung kang dadi undering ide pokok.

    1. Kohorensi, paragrap dianggep nyawiji menawa kabeh ukara kompak padha nyengkuyung topik.

Manut mapane pokoke ukara ( kalimat Utama ), paragrap dibedakake dadi lima yaiku paragrap Deduktif, paragrap Induktif, paragrap Deduktif – Induktif, Paragrap Ineratif, lan Paragrap deskriptif/naratif. Nanging kang dibahas ana ing kompetensi iki mung loro wae yaiku paragrap deduktif lan paragrap induktif.

1. Paragrap Deduktif

Paragrap Deduktif yaiku paragrap kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep paragraph, banjur kasusul ukara – ukara panjlentreh. Pokoke ukara (kalimat utama) ora kudu manggon ana ing ukara pisanan, bisa manggon ana ing ukara kapindho jalaran ana paragrap kang ukara pisanan awujud ukara transisi ( perekat ).

Tuladha paragrap Deduktif.

Lumrah manungsa iku duwe pepenginan sing apik. Ora ana manungsa sing kepengin nemu kedadeyan sing ala. Mula banjur ana tembung beja lan cilaka. Yen bisa nemoni kedadeyan sing nyenengake iku sinebut beja, dene yen nemoni kedadeyan ora nyenengake adate banjur diarani cilaka.

2. Paragrap Induktif

Paragrap Induktif yaiku paragrap kang ukara utamane manggon ana ing sisih buri paragrap. Adate ukara utama ana paragrap Induktif nggunakake konjungsi penyimpul antar ukara kayadene : dadi, mula, lan sapanunggalane, nanging iku ora mutlak, jalaran akeh uga ukara utama kang ora kudu diwiwiti ngganggo konjungsi kasebut.

Tuladha Paragrap Induktif.

Prabeya kanggo transportasi saya suwe saya mundhak. Rega – rega barang kabutuhan urip saben dinane uga melu mundhak saengga rakyat cilik ora kuwat tetuku kanggi nyukupi kabutuhaning urip. Kauripane rakyat cilik saya mundhak susah. Iku mau jalaran saka mundhake rega BBM wiwit minggu –minggu iki glunjak banget regane.

  1. Wacan

BOCAH KELEMON

Angel Open – openane

Bocah kang awake kelemon biyasane luwih akeh kang ngalami bab – bab kang kurang prayoga tumrap kesehatan, becik kesehatan mental lan kesehatane awak menawa ketandhingake karo bocah kang bobote normal. Mengkono pratelane Dr. Sarah A. Mustillo salah sawijining peneliti saka pusat Medis Universitas Duke ing Durham, Carolina sisih lor.

Panaliten sajerone wolung taun tumrap bocah kang cacahe 1. 000, kabeh bocah turunan Eropa kang padha dene kelemon antuk sawetara sesurupan. Bocah kang kelemon ora lanang ora wadon akeh kang nduweni tandha penyimpangan psikologis ing antarane asring padha nerak aturan. Bocah – bocah lanang kang kelemon uga gampang depresi.

“Trep – trepane tumrap sesurupan bab bocah kang kelemon iku ana gandheng cenenge karo akehe risiko bab kesehatan, uga ana gandheng cenenge karo bab penyimpangan psikologis, malah uga dumadi marang bocah – bocah kang umur welasan taun,” mengkono Mustillo weh katrangan kaya kang dibiwarakake dening Rueters sawetara wektu kapungkur.

Sawise diteliti kanthi permati awak kang kelemon cedhak karo lelara ing antarane paru – paru, weteng, lan lelara kang ana gegayutane karo sirkulasi. Malahan sajerone isih bocah ana kang wus wiwit ketaman lara jantung, lara gula, lan lara kanker usu, mangka isih sajrone mangsa mundhak gedhe lan mundhak pinter.

Ana bacute……………………………………………………………….

Dening : Yudhet Wahyudi AN

Kapandhet saking Kalawarti Djaka Lodang, Edisi 6 September 2008 nomor 14

Kaca 18

Tugas.

Coba saka wacan ing dhuwur golekana ukara pokoke ( kalimat utama) ing saben paragrap !

Kasusastran Jawa mujudake sumber budaya kang ngandhut tapsiran dhuwur. Isine nglimputi crita raja –raja, piwulang moral, filosofi urip lan panguripan, piwulang budi pekerti, tamba tradhisiyonal tumrap manika warna lelara, tata upacara adapt, mantra – mantra panaluk manika rupa bebaya, seni karawitan, beksan, jogged, pewayangan lan liyane.

Kasusastran kang arupa naskah kuna iku asil tulisan tangan ing godhong lontar, kulit kayu, lulang kewan, penjalin, pring, lemah lempung, keramik apadene dluwang. Aksara kang digunakake uga maneka rupa, ana kang nganggo aksara Jawa, arap pegan, Bali, sunda, Aceh, Batak lan liyane.

PIDHATO

PIDHATO

v Tegesipun Pidhato

Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanathi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.

Kegiyatan micara ing samgarepe wong akeh bisa kabagi dadi loro, yaiku :

a. Wong kang pidhato nalika rampung anggone menehi sesuluh marang pamiarsane,

lan ora menehi kalodhangan kanggo takon utawa menehi tanggepan.

Tuladhane kayata ceramah, wara-wara, lan khotbah.

  1. Wong kang pidhato nalika rampung banjur menehi wektu marang pamiarsa kanggo menehi tanggepan.

Tuladhane kayata diskusi lan rapat.

Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing ngisor iki.

a. Naliti prakara kanthi

1) Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakal digayuh.

2) Naliti pamiarsa kayata lanang kabeh utawa wedhok kabeh, umure rata-rata

Piro, lsp.

3) Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi mangsa

Apa.

4) Milih lan mbatesi topic.

b. Nata pidhato kanthi

1) Nglumpukake bahan.

2) Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).

3) Ngandarake kanthi cetha.

c. Gladhen kanthi migatekake

1) Intonasi utawa lagu swara

2) Sikap

3) Gaya basa

4) Wirama

Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan

Pambuka, yaiku :

a. Nata pokok-pokok pikiran

b. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok

c. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato)

d. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis ditata.

Tata cara (metode) pidhato bisa katindakake kanthi :

a. Cara naskah

Pidhato kanthi cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung. Cara iki nduweni kekurangan, yaiku kaku amarga antarane pidhato lan pamiarsa ora bisa bebas anggone padha nyawang sarta lagu ukara (intonasi).

b. Cara apalan

Cara iki akeh digunakake dening wong kang nembe ajar pidhato yaiku kanthi cara nyawisake naskah (teks) banjur diapalake.

c. Cara impromptu

Cara iki rada bedha karo loro cara sadurunge yaiku pidhato ora nyawisake luwih dhisik bahan amarga wektune cumpen nanging kanthi adhedasar kapinteran, kawruh lan pengalaman kagiyatan micara bisa katindakake kanthi lancer.

d. Cara ekstemporan

Cara iki namung nganggo cathetan cilik kang isine balunganing karangan. Cara pidhato iki ora ngapalake tembung-tembung nanging bisa ngembangake nganggo basane dhewe.

v Tegesipun Pranatacara saha Pamedharsabda

Pranatacara asring sinebat master of ceremony (MC) pambyawara, pranata adicara, paranata titilaksana, utawi pranata laksitanibg adicara. Regeng, rancag, nges, lan botenipun satunggaling adicara seperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Pranatacara inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, utawi pentas (show) , lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan , lan panghargyan, sanadyan mekaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon.

Pamedhar sabda inggih punika paraga ingkang kajibah mbabar satunggiling prekawis ( wacana ). Ing tata upacara panghargyan pamedharsabda mundhi dhawuhipun ingkang hamengku gati, upaminipun paraga ingkang kajibah ngaturaken pambagyaharja, utawi ingkang kajibah ngaturaken panuwun dhateng para takziah ingkang sampun ndherek bela sungkawa

(wakil kulawarga), atur pambela sungkawa wakil saking para takziah, utawa atur panglibur dhumateng kulawarga ingkang nandhang dhuhkita.

v Tatacara Pidato

Wonten salebeting pidato, sikep sarira ugi kedah dipun gatosaken supados saged mranani ingkang mirengakaken. Tuladhanipun sikep ingkang kirang meranani kadosta :

1. Jumeneng kanthi lelendhehan papan wicara

2. Jumeneng kanthi lelambahan setunggal suku.

3. Salira ngewah – ewahi ( nganeh – anehi)

4. Mbesengut

5. Asring ngebahaken satunggiling sarira.

6. nglebetaken sarira wonten ing sak celana..

7. Boten nggatosaken ingkang midhangetaken.

8. Asring ningali nginggil. Lan sapanunggalane

Wondene ingkang kedah dipun gatosaken inggih punika perkawis – perkawis kadosta :

1. swanten ingkang los saha mantep.

2. irama swanten kedah trep selaras kaliyan kawontenan

3. rancaking pamicara kedah selaras kaliyan tandha – tandha wicara.

v Kepriye Urutane Isi Pidato

Supaya bisa cetha lan narik kawigatene pamireng / audience, isine pidhato kudu ditata utawa diracik kanthi urutan kang tumata. Bab perangane isi pidhato , tuladha cengkorongan ( karangka ) kaya mangkene :

1. Uluk salam/ salam pambuka

2. Purwaka basa

a. Atur pakurmatan

b. Puji syukur dhateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Kuwasa

c. Atur Panuwun / ngaturaken ayahan

3. Surasane basa / isi pidhato

4. Wasana Basa ( Ukara kang mungkasi pidhato)

5. Salam Panutup

v Tuladha Pidhato

1. Atur Pasrah pinanganten Kakung

Assalamu alaikum wr. Wb

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya Loka mugi kajiwa lan kasarira wonten panjenengan sadaya lan kula amin

Pamjenenganipun Bapak ……….sekaliyan garwa ingkang kinurmatan, ingkang wonten kelengahan punika dipun salirani panjenenganipun Bapa………………ingkang pantes sinugata ing tata krani. Keparenga kula minangka talanging basa panjeneganipun Bapa………… sekaliyan garwa, ngabiyantara ( tepa ngapurancak) sowan wonten ngarsa panjenengan humiring putra temanten kakung anak mas…………………..dene wigatosing perlu nuninggih mekaten

Sepisan hangaturaken salam taklimipun panjenengan Bapa ………………sekaliyan garwa katur panjenenganipun Bapa…………………sekaliyan garwa dalasan sedaya kadang kulawarga.

Kaping kalihipun kinen hangaturaken sekar cempaka saksele nuninggih penganten kakung anak mas……………….mugi katampi kanthi renaning penggalih kanthi panyuwunan inggal kadhaupaken kalayan atmaja putrinipun bapa ……………………ingkang nama rara ayu…………..miturut adat widi widana ingkang lumampah wonten ing tlatah mriki. Kula sapengambyong namung jumurung karsa mugi tumapaking titi laksana rancag lancer tan manggih rubeda sinartan puji donga, mugi Gusti Allah ingkang Maha Agung tansah paring nugraha jejodhohan pinangaten kekalih.

Mekaten pepuntaning atur, jenang sela wader kali sesondheran, apuranta menawi lepat nyuwun pangapura. Waduk gajah mungkur wanagiri, menawi wonten kladhuking atur nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu alaikum wr.wb.

2.

Assalamu alikum wr. Wb.

Panjenenganipun para sesepuh piniji sepuh ingkang satuhu kinabekten, para pepundhen ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung langkung dhumateng para pangemban – pamgembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana. sumrambah dhumateng para rawuh sadaya ingkang cinaket ing manah

Ngengeti panjenengan sadaya dalasan kula titah sawantah ingkang tansah kapurba kawasesa dening Gusti ingkang Maha Kuwasa, pramila sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken hangunjukaken puja – puji syukur wonten ngarsa Gusti ingkang murba ing dumadi, awit berkah saha rahmatipun ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula satemah ing ari kalenggahan punika panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal wonten ing dalemipun Bapa……………..tan manggih rubeda tuwin sambikala.

Para rawuh ingkang satuhu sulistyaning budi.

Keparenga kula ing mriki minagka sesulihipun panjenengan bapa…………….ingkang ari kalenggahan punika nembe hanetepi darmaning sepuh nuninggih amarhargya putra amiwaha siwi putra putrinipun ingkang nama risang Bagus………………………..jinatu krama dening rara ayu ……………..atmaja putrinipun bapa ………………….ingkang lenggah pidalem ing ………………wondene tumapaking ijab qobul sampun lumampah rikala dinten ……………surya kaping …………………..wonten ing KUA……………kanthi pranatan agami islam.

Wondene wosing gatos panjenengan sadaya katuran rawuh wonten ing dalem mriki boten sanes badhe kasuwun idi pangestunipun sambet kalayan hajatipun bapa……………. Kalawau.