Sabtu, 22 Mei 2010

RADEN ARJUNA


RADEN ARJUNA (JANAKA)


Raden Arjuna (Janaka) satriya panengahing Pandhawa, putrane Prabu Pandhu lan Dewi Kunthi. Kasatriyane ing Madukara. Wujude satriya bagus tanpa cacad. Ing jagad ora ana tandhingane bab kebagusane, amarga Janaka minangka simbol amal becik. Amal becik ora bisa pisah klawan swarga (Jannah). Janaka saka tembung jannahuka, tegese swargamu. Mula sapa sing kepengin mlebu swarga, kudu tumindak becik lan nindakake tuntunaning agama kanthi temen.

Arjuna satriya digdaya sekti mandraguna, polatan luruh jatmika, prigel ing samubarang, seneng tetulung marang sapa bae, mula ditresnani dening sapa bae. Ora mokal yen garwane pirang – pirang. Bojo akeh iki tegese Janaka ditresnani dening sapa bae. Yen priya ngondhangake kasudibyane, yen wanita ngondhangake sigiting citra.

Arjuna kejaba sugih bojo, uga sugih kawruh (ilmu), sugih gaman lan mantran, sugih guru. Meguru marang Begawan Padmanaba antuk aji telung warna, yaiku : 1. Aji Sepiangin, dayane aji yen kawateg, kebating lakune Arjuna tan prabeda kaya kebating angin. Lakune bisa ngungkuli lakuning barat, 2. Aji Malayabumi, Arjuna bisa ilang sapalungguhan, 3. Aji Sempaliputri, Arjuna bisa manijing ajur ajer.

Pusakane pirang – pirang. Kang asring digunakake : Keris Pulanggeni, Kalanadhah, Panah Merdaging, Rodha Dhadhali, Haryas Sangkala, Sarutama, Pasopati.

Mulyantara

Djaka Lodang Nomor 34, 23 Januari 2010

PRABU PUNTADEWA


PRABU PUNTADEWA

Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta (Ngamarta), Dasanamane : Prabu Yudhistira, Darmakusuma, Darmaputra, Darmawangsa, Darmaraja, Gunatalikrama, Sadha Dwijakangka, Sang Ajathasatru.
Garwane asma Dewi Drupadi, mbakyune dewi Wara Srikandhi, putrane Prabu Drupada saka Negara Pancala. Saka Sang Prameswari Dewi Drupadi iki, Prabu Puntadewa peputra kakung siji, kekasih Raden Pancawala.
Prabu Puntadewa ratu watak pandhita. Watake sabar lan ikhlas, lila donya lila ing pati. Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi diparingake. Nadyan segenge pisan yen ana sing njaluk, mesthi dililakake. Sajake urip ora tau ngapusi (goroh) lan ora nate perang. Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane Pandhita Drona jumeneng Mahasenapati ing perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa. Prabu Puntadewa tetep ngendika jujur, “ingkang pejah Hesthitama”. Mung olehe ngendika “Hesthi” lirih, “Tama”ne banter. Satemah dadi jalaran Pandhita Drona bingung, lan bisa dipateni dening Raden Trusthajumena.
Amarga saking banget ngati –atine, ora kersa gawe seriking liyan, lan ora kersa goroh, mula Prabu Puntadewa digambarake wong sing ludirane seta. Saking sucine uripe.
Pusakane Prabu Puntadewa wujud kitab/buku, jenenge Layang Kalimasada Pustaka Jamus. Prabu Salya klakon seda ing paprangan merga pusaka iki. Kejaba iku, pusaka liyane wujud tumbak lan paying, jenenge tumbak Karawilang lan paying Tunggulnaga.
Mulyantara
Djaka Lodang Nomor 32, 9 Januari 2010

BETHARA GURU


BETHARA GURU

B

ethara Guru (Sang Hyang Manikmaya) iku ratuning para dewa kang nguwasani triloka/tribawana/jagad tetelu yaiku jagad luhur, jagad madya,lan jagad andhap. Tegese jagad luhur yaiku papane para dewa, jagad madya papane para manungsa, jagad andhap papane para jim, dhemit, brekasakan, lan makhluka kang ora duwe pikiran. Pusakane Bethara Guru: Cis Kalaminta (Cis Jaludara) lan Trisula. Patihe bebisik Bethara Narada (Sang Hyang Kanekaputra).

Bethara Guru gedhe panguwasane. Wenang mangreh makhluk kang wujud badan alus apadene badan wadhag. Kahyangane ing Jonggringsalaka, dumunung ing pucuking gunung Tengguru. Papan iki asring sinebut Suralaya, kang surasane padunungane para dewa. Tembung liya: Surapada, Suraloka, kahyangan, kadewatan, terkadang ditembungake kaswargan.

Suralaya iku jembar banget. Perangan – perangane ana kang dirani: Jonggringsalaka, Uttarasagara, Duksinageni, Tejamaya, Sabaluri, Ekacakra, Argadumilah, Suwelagringging, lan isih akeh maneh.

Bethara Guru putrane Sang Hyang Tunggal lan Dewi Rakti (yeng ing pedhalangan sinebut Dewi wirandi utawa Dewi Rekathawati). Dumadi saka kuningane endhog mawa cahya.

Dasanamane Bethara Guru: Sang Hyang Manikmaya, Sang Hyang Jagadpratingkah, Sang Hyang Jagadnata, Sang Hyang Pramesthi Guru, Sang Hyang Utipati, Sang Hyang Lautawalhujwa, Sang Hyang lengis, Sang Hyang Caturbuja, Sang Hyang Nilakantha, Sang Hyang Randhuwandba, Sang Hyang Samba, Sang Hyang Girinata, Sang Hyang Syiwa (Siwah).

Togog, Semar, Bethara Guru, padhadene dumadi saka endhog mawa cahya. Kulite dadi Togog, putihe dadi Semar, lan kuninge dadi Bethara Guru.

Amarga rumangsa sampurna, Manikmaya didukani ramane, awit sing sampurna iku mung Gusti kang nyipta Jagad. Manikmaya banjur kasabda yen bakal darbe cacad patang perkara: 1. Tangane papat, 2. Sikile kiwa pepes, 3. Belang putih tenggake, 4. Duwe siyung kaya raseksa. Iku mau minangka pralampitaning: ngaurip, kang tegese wong urip iku mesthi kasandhangan pepetenging ati warna papat, yaiku: lali, murka, apes, lan rusak.

Mulyantara

Djaka Lodang Nomor 42, Edisi 20 Maret 2010

GUNUNGAN GENI


GUNUNGAN GENI

Wayang gunungan (kayon) iku yen kawalik, katon wujud gambar geni murub. Iku dadi candra sengkala kang muni: Geni Dadi Sucining Jagad.
Watake tembung Geni = 3, Dadi = 4, Suci = 4, Jagad = 1. Diwaos saka mburi: 1443. Dadi ngucapake taun candra 1443. Iku duk nalika jaman Demak, minangka prasasti wayang sepisanan ditatah ing lulang wedhus dening Kangjeng Sunan Kalijaga.
Sakawit sengkalan iku mung kanggo ing petungan taun saka, nanging pamburine banjur kanggo pengetan ing taun Jawa, dadi petungan lakuning wulan. Pengetan awewaton taun surya sengkala, dene kang manut taun rembulan sinebut candra sengkala.
Sengkalan gunane kanggo mengeti sawijining lelakon. Ukara pengetan mau kudu :
a. Ngemu surasa utawa panyandra kang laras karo kang dipengeti. Pamilihing tembung lan surasane ukara bisa keplok karo kahanan utawa lelakon kang ditengeri ing sengkalan mau. Upamane pengetan sedan, ora mathuk yen dipengeti nganggo tetembungan kang mengku surasa bungah – bungah lan suka – suka. Dene pengetan wedharing rasa suka – suka parisuka ya ora prayoga yen nganggo tembung – tembung sedhih ngeres – eresi.
b. Pangrakiting tembung – tembung kang kanggo mengeti, kudu mujudake ukara kang kepenak kaucapake sarta mengku surasa kang laras karo kang dipengeti.
c. Pamilihing tembung – tembung kudu lumrah kasrambah. Wataking tembung – tembung kudu temu nalar, lire tembung – tembung kang kanggo ing sengkalan padha cetha werdine, dadi ya cetha mengku angka pira ta pira.

Mulyantara
Djaka Lodang Nomor 41, 13 Maret 2010

GUNUNGAN KAYON


GUNUNGAN (KAYON)

W

ayang gunungan tegese tetironing gunung. Wujude kaya tumpeng rinengga gambar kekayon gedhe mung siji, jenenge wit purwa sejati utawa kayu purwaning dumadi. Oyode wit tumancep ing lemah, dadi kekuwataning gunung, lan pang – pangane kebak kewan isen – isening alas. Sisihe oyod ana banaspatine kang rambute mengangah. Sangisore oyod ana blumbang rinengga gambar elar winangun bledhegan. Sangisore blumbang ana gambar omah/kedhaton, jinaga raseksa loro nggawa pedhang lan tameng.

Maknane wit kang tumanjem ing lemah, banaspati, blumbang lan elar kang rineka bledhegan (makara) iku simbul bumi, geni, banyu, lan angin, kang mujudake anasir dumadine manungsa. Bleger jagading manungsa dumadi saka patang anasir kasebut. Mula saka kuwi, gunungan uga disebut Kayon (saka tembung Khayun sing tegese urip). Mula jroning gunungan isine sakehing makhluk urip, kayata macan, bantheng, ula, kethek, kidang – menjangan, sarta maneka warna iber – iberan, kang mujudake simbol napsu/kekarepan.

Kayu/kajeng

Ing jroning kayon (urip), gambar sing wajib ana iku wit Kayu Purwaning Dumadi. Kayu/kajeng simbol pangarep –arep. Kayu/kajeng tegese pangarep –arep urip luwih sampurna. Supaya urip sampurna mau kaleksanan, mula wong urip ing jagad iki aja mung nuruti hawa napsu (dilambangake raseksa loro lan maneka kewan), lurus/lempeng bae, manut tuntunaning agama (wit Purwa Sejati kang delege lempeng), sucenana atimu lan mikira kanthi wening (blumbang), supaya matimu antuk papan kang becik ing sisihe Gusti sing gawe jagad (pucuk gunung/papan sing dhuwur dhewe).

Urip kang satemene iku urip sawise mati. Ruh (sukma) sing wis uwal saka babadaning raga, bakal urip langgeng ing alam barzah. Jagad iki minangka papan golek amal kanggo sangu urip ing akhirat.

Gunane Gunungan

Ing jroning pagelaran wayang, gunungan duwe piguna: 1. Tandha wiwite pagelaran wayang, 2. Tandha genti adegan/papan, 3. Nggambarake swasana. 4. Nggambarake wewujudan kang ora ana wayange, 5. Kanggo genti waktu, 6. Nggambarake banyu, geni, angin, alas, 7. Tandha rampunge pagelaran wayang.

Mulyantara

Djakal lodang Nomor 37, 13 Januari 2010

Rabu, 18 November 2009

Cerkak kanthi irah - irahan "Pembantu"

Saking panyuwunanipun mas Aziz ingkang ngersakaken cerkak kanthi irah - irahan "Pembantu " asil karyanipun NK Widiastuti ingkang kaemot wonten ing kalawarti Jaya Baya, no 28 Maret 1999 saged panjenengan unduh wonten ngriki. unduh

Kamis, 12 November 2009

LAYANG IBER - IBER

    Layang iber - iber inggih menika layang ingkang wosipun perkawis pribadi, ingkang kaandharaken saged menapa kemawon gumantung kabetahanipun ingkang nyerat.

    layang lelayu inggih menika layang ingkang wosipun pawarta kematian.

    layang kitir inggih menika layang ingkang wosipun cekak aos menapa perlunipun lan dipunkintun lumantar pos.Tambah Gambar

    layang ulem atawi undhangan inggih menika layang menika atur dhateng tiyang sanes supados tiyang ingkang dipunulemi rawuh ing papan lan wkdal ingkang sampun katemtokaken.

    Tuladha layang iber -iber

    Kang pandonga marang anakku

    Irawan, Ing Jakarta

    Wiyose ngger, sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep disunatake, mula yen ora ana alangan sawiji apa kowe mulih sadurunge tanggal sepuluh, saperlu arep dakjak urun rembug.

    wasana banget ing pangarep - arepku, lan sapungkure layang iki kabeh kulawarga tansah ginanjar slamet.

    Parakan, 22 Nopember 2009

    Wong tuwamu:


    Suradi

    Tuladha layang kitir

    Katur Mas Bayu, ing dalem

    Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju kagem piyambak aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit Ngesti Waluya Parakan.

    Dene anggonku mbalekake mengko bengi.

    Parakan, 22 Nopember 2009

    Adhimu :


    Sunaryo




Senin, 12 Oktober 2009

ADMINISTRASI GURU

Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP) kalebet piranti ingkang baku saderengipun guru amiwiti mulang, awit RPP punika ngemot kegiyatan - kegiyatan ingkang badhe dipun ayahi wonten salebetipun pembelajaran. RPP Basa Jawa Kelas XI saged kaunduh wonten ngriki

Sabtu, 10 Oktober 2009

Materi

Owah owahaning swara lan tembung garba
Parikan

Tembang Macapat

Asmaradana

Dhuh kenya kang dadi ati
Aku tresna marang ira
Tresnaku kang salawase
Tan sirna nadyan kagodha
Tan luntur kena tirta
Tresnaku setya satuhu
Muga mulya nganti tuwa