Jumat, 09 Juli 2010

BAMBANG IRAWAN


Bambang Irawan iku satriya wijiling pertapan, atmajane Raden Arjuna lan Dewi Ulupi.
Bambang Irwan watak wantune anteng jatmika, prasaja, kenceng kekarepane. Wiwit lair tekan dewasane, mapan ing Peratapan Yasarata. Digulawenthah dening ibu lan eyange. Tokoh iki arang dikelirake. Kocape ing lakon wayang Irawan Rabi, Prabu Gambiranom, lan Kresna Duta.
Ing lakon Irawan Rabi, Prabu Kresna nedya malakramakake putrane putri kang sesilih Dewi Titisari (Sitisari) klawan Bambang Irawan putra Madukara. Nanging Prabu Baladewa datan pareng, supaya diwurungake, amarga Prabu Baladewa disraya narendra ing Ngastina mundhut Dewi Titisari, bakal kadhaupake klawan Raden Sarojakusuma (Lesmana Mandrakumara).
Prabu Kresna pakewuh marang kadang wredha, banjur murungake rembug Madukara.
Raden Arjuna ora terima. Sigra nimbali putra penganten anyar kang lagi pepasihan, Raden Abimanyu lan Dewi Siti Sundari. Sawise tinodhi banjur pinegatake. Abimanyu kantaka. Dewi Siti Sundari didhawuhi bali marang Dwarawati dikantheni abdi emban siji.
Nadyan abot pepalange, wusanane Bambang Irawan klakon dhaup klawan Dewi Titisari.
Ing lakon Prabu Gambiranom, amarga ngregem panah Rodha Dhadhali (panah Arjuna), Irawan dadi digdaya banget, saengga bisa jumeneng ratu kanthi jejuluk Prabu Gambiranom.
Sang Prabu darbe prajurit wanita kang sinebut Ladrangmungkung, prajurit iki digdaya banget.
Prabu Gambiranom didhawuhi ibune ngrangket Raden Arjuna. Klakon Raden Arjuna tinawan dening prajurit – prajurit wanita, diadepake marang Sang Dewi Ulupi. Arjuna ditagih kuwajibane anggone ora paring nafkah batin sawetara sasi. Wusana banjur pondhongan, manjing tilamsari.
Ing lakon Kresna Duta, Irawan mireng kabar yen Pandhawa wis timbul, mapan ing nagara Wiratha, diayomi Prabu Matswapati. Kapara wis nglampahake duta pamungkas yaiku Prabu Kresna. Nyuwun separone nagara Ngastina lan njaluk baline Negara Indraprastha sajajahane. Nanging lakuning duta gagal, ora entuk gawe.
Irawan gage ngadhep Begawan Jayawilapa, nyuwun pangestu nedya sowan para Pandhawa, bakal ngatonake bekti marang pepundhen. Eyange ora marengake, amarga wektu iku tiba dina pringkelan (naase) Irawan. Nanging Irawan ora sabar ngenteni dina sesuk, Irawan nekad budhal.
Kacarita kang nganglang ing dirgantara, Wil Kalasrenggi saka Negara Guwabarong. Kekiter ngupadi Raden Arjuna, nedya males ukum patine wong tuwane (Prabu Jathagimbal) kang du king nguni mati mungsuh Raden Arjuna.
Weruh satriya bagus nasak alas ing wayah bedhug tengange, kinira iku Raden Arjuna. Kalasrenggi sigra niyup, nyokot janggane Bambang Irawan. Irawan kaget. Sigra narik dhuwung, nglangga gulune Kalasrenggi. Lelorone mati sampyuh.

Mulyantara
Djaka Lodang nomor 05 Edisi 3 Juli 2010

BATHARA BRAMA


Bathara Brama iku putrane Bathara Guru kang angka loro, miyos saka Dewi Uma. Kahyangane ing Duksinageni. Garwane ana telu, yaiku: Dewi Saci, Dewi Saraswati, lan Dewi Rarasati. Saka garwa telu iku, Bathara Brama peputra selikur, yaiku: 1). Bathara Maricibrama, 2). Bathara Naraddhabrama, 3). Bathara Bramanasa, 4). Bathara Bramasadewa, 5). Bathara Bramanisaddha, 6). Bathara Bramakandha, 7). Bathara Bramanaresi, 8). Dewi Bramani, 9). Dewi Bramanisri, 10). Bathara Bramaniskala, 11). Bathara Bramanayadi, 12). Bathara Bramanayana, 13). Dewi Bramaniyari, 14). Bathara Bramanasita (bareng jumeneng nata ing Gilingwesi jejuluk Prabu Bramanaraja), 15). Dewi Bramanisiti, 16). Bathara Bramanatama, 17). Bathara Bramadewa, 18). Dewi Bramaniyati, 19) Bathara Bramaniyuta, 20). Dewi Dresanala, 21). Dewi Dresawati.
Bathara Brama uga bebisik Bathara Agni, dewaning geni. Sarana kasektene, yaiku Aji Guntur Geni, Bathara Brama bisa mbrastha samubarang kang gawe ratuning jagad. Bathara Brama dadi senapatine wadyabala dewa kang diarani prajurit Dorandara.
Bathara Brama kaping pindho tumurun ing marcapada lan jumeneng ratu, yaiku:
1. Ana ing Negara Mendhanggili, jejuluk Prabu Sundha (Rajapati), Patihe asma Drastha lan Kulamba (Kusyamba). Kekarone putrane Bathara Citragotra.
2. Ana ing Negara Mendhangsiwanda, jejuluk Prabu Budawaka, yaiku sawise ratu ing Negara iku kang jejuluk Nalya lan patihe asma Siwandakara padha kasoran yudane lumawan Bathara Brama.
Ing lakon laire Wisanggeni, Bathara Brama nampa dhawuh saka Bathara Guru, megatake Dewi Dresanala karo Arjuna, lan mateni bayi sing dikandhut Dewi Dresanala, amarga Sang Dewi bakal kadhaupake karo Prabu Dewasrani. Yen dhawuh kuwi ora ditindakake, bakal dicemplungake ing kawah Candradimuka. Yen ditindakake, bakal tumindak dosa, awit mateni bayi kang tanpa dosa. Nadyan abot, dhawuhe Bathara Guru ditindakake.
Bareng mireng pangandikane ramane, Dewi Dresanala kaget banget. Njalari bayi sing dikandhut lair durung wayahe. Bathara Durga sigra mondhong Dewi Dresanala menyang Negara Nusarukmi, negarane Prabu Dewasrani.
Bayi putrane Dewi Dresanala mau bajur disuduk keris dening Bathara Brama, nanging bayi mau ora mati. Dibanting, diidak- idak, tetep ora mati. Saking jengkele, bayi iku diuncalake ing kawah Candradimuka. Awit pitulungane Sang Hyang Wenang, bayi iku tetep urip. Tembene keparingan kekasih Raden Wisanggeni.

Mulyantara
Djaka Lodang Nomor 04 edisi 26 Juni 2010