Minggu, 15 Maret 2009

Menulis Pidhato

MENULIS PIDATO

Kompetensi Dasar : Menulis Pidato

Wedharing pangandikan, iku bisa digawe dawa lan ringkes. Semono uga ing bab basa kang digunakake, bisa nggunakake basa kang prasaja (biyasa) utawa basa kang rinengga ( endah ). Kabeh mau gumantung swasanane, ana ing upacara apa, sapa kang midhangetake, lan kapan wektune. Bakuning wedharing pangandhikan kudu urut – runtut ( sistematis ), cetha pilah – pilahane, isine pangandikan kudu jumbuh karo ayahane.
Babaring pangandikan, prayogine kaperang dadi telung perkara, yaiku :
1. Purwaka, yaiku atur kang pinangka pambuka
2. Isi utawa perangan wigati, yaiku wosing pangandikan ( intine kang diomomgke)
3. Wasana yaiku atur kang pinangka panutup.
Amarga ana pirang pirang warnane medharsabda (pidato) mula ana bedane ing bab isi utawa wigati utawa intine pangandikan. Wondene perangan purwaka bisa padha wae.
1. Perangan purwaka, ngemot :
a. Uluk salam utawa salam pambuka
b. Pakurmatan marang tamu
c. Puji syukur marang Gusti Allah Swt
d. Ngaturake ayahane utawa jejibahane
2. Perangan isi / wigati / inti, ngemot : (upamane wakil panitiya)
a. Ngaturake sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhe tamu.
b. Ngaturake ujuding gati / khajade ( khajade apa ?, kapan kalaksanane ? para tamu disuwun apa ?
c. Ngaturaken agunging panuwun awit pambiyantune para mudha, masyarakat,…………….lan sumbang sih saking para tamu. Ora bisa atur piwale mugi gusti ingkang males.
d. Nyuwunaken pangapunten kekurangan lan kaluputane minangka panitya.
e. Saupama ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula.
3. Peragan panutup, ngemot:
a. Kasuwun nerusake anggone lelenggahan nganti purna (rampung)
b. Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi
c. Salam panutup.

Tuladha Pidhato ketua panitya
1. Purwaka
a. Uluk salam utawa salam pambuka
Assalamu alikum wr.wb
b. Pakurmatan marang tamu
Panjeneganipun Bp Kyai…………….ingkang lebda ing babagan Agami ingkang tansah kula tengga – tengga sabdatamanipun
Panjenenganipun Bapak Kepala SMK YP “17” I Parakan ingkang tansah kula bekteni. Bapak saha Ibu Dwija dalah sedaya Kariyawan ingkang kula kurmati. Boten katalumpe dumateng sadaya siswa – siswi SMK YP “17” I Parakan ingkang cinaket ing manah.
c. Puji syukur marang Gusti Allah Swt
Saderengipun sumangga panjenengan sadaya kula dherekaken manembah saha muji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang maha Luhur, nun inggih Allah Swt ingkang sampun kepareng mbabar kasarasan karaharjan dhumateng panjengan sadaya dalasan kula, saengga panjengan sadaya dalasan kula saged kempal manunggal wonten ing adicara Pengaosan akbar mengeti Maulud Nabi Muhammad Saw ing siyang punika kanthi tan manggih rubeda satunggal punapa.
d. Ngaturake ayahane utawa jejibahane
Para rawuh kakung saha putri ingkang winantu ing suka basuki.
Keparenga adeg kula ing ngriki minangka badaling kandha, wijiling atur, sulihing basa saking kadang panitya pangaosan mengeti Maulud Nabi Muhammad Saw, badhe ngaturaken ingkang minangka wigatosing atur kula. Nun inggih mekaten
2. Wigati/ isi / inti
a. Ngaturake sugeng rawuh lan matur nuwun rawuhe tamu.
Ingkang sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh, sugeng pilenggah dhumateng panjenengan sadaya, mugi pajenegan sadaya kersa lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih, awit adicara punika menawi boten karawuhan panjengenan sadaya kados tanpa daya bebasan Aji godhong garing. Sadaya kalawau kula namung saged matur agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng panjengan sadaya.
b. Ngaturake ujuding gati / khajade ( khajade apa ?, kapan kalaksanane ? para tamu disuwun apa ?
Kaping kalihipun, kula dalah sedaya pengurusan OSIS SMK YP “17” I Parakan, magayutan kaliyan wulan Maulud punika, ngawontenaken pangaosan akbar, awit pengaosan akbar wonten wulan Maulud punika panci sampun dados program tahunan OSIS SMK YP “17” I Parakan. Wondene kula dalah sedaya panitya pengaosan ngaturi rawuh panjenengan sadaya boten wonten sanes badhe ngajak sesarengan nambah seserepan wonten ing babagan kaweruh Agami, supados nambah iman lan taqwa panjenengan sadaya lan kula anggenipun manembah wonten ngarsaning Gusti ingkang Maha Mirah.
c. Ngaturaken agunging panuwun awit pambiyantune para mudha, masyarakat,…………….lan sumbang sih saking para tamu. Ora bisa atur piwale mugi gusti ingkang males.
Kaping tiganipun Kula dalah sedaya kadang panitya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Kepala SMK YP “17” I Parakan ingkang sampun paring palilah satemah Pengaosan Akbar punika saged lumampah. Gunging panuwun ugi kaaturaken dhumateng Bapak saha Ibu Dwija ingkang sampun paring sabiyantu, inggih sabiyantu ingkang awujud eguh pratikel, bausuka, malah ugi donya brana saengga adicara punika saged lumaksana. Boten kasupen gunging panuwun ugi kaaturaken dhumateng para siswa – siswi SMK YP “17” I Parakan langkung – langkung dhumateng kepengurus OSIS SMK YP “17” I Parakan ingkang sampun kasdu paring sabiyantu wontenipun pengaosan akbar punika. Sedaya bebuden sae panjengan sadaya kalawau kula dalah sedaya kadang panitya boten saged piwales punapa – punapa, namung saged ngaturaken aguning panuwun ingkang tanpa linangkung. Sinartan puja puji ing ngarsaning Gusti ingkang Maha Suci, mugi sedaya bebuden sae panjenengan sedaya kalawau kareken dados amal sae, lan mugi Gusti Allah Swt males bebuden sae panjenengan sadaya malangkung – langkung agengipun.
d. Nyuwunaken pangapunten kekurangan lan kaluputane minangka panitya.
Para rawuh ingkang luhuring budi.
Kaping sekawanipun kula dalah sedaya panitya anggenipun ngaturi rawuh panjenengan sadaya tamtu kemawon wonten kalepatan saha kekiranganipun langkung langkung angenipun ngaturi palenggahan dhumateng panjengan sadaya, mbok bilih ndadosaken kiranging sekeca anggenipun pinarak pramila kanthi andhaping manah kula dalah sedaya kadang panitya nyuwun aguning pangkasama. Lan mbok bilih kula anggenipun ngaturi pakurmatan kirang mirasa satemah kirang damel suka renaning pengalih panjengan sadaya kula saha sedaya kadang panitya tansah hanyadhong bludeking samudra pangaksama.
e. Saupama ana pejabat bisa disuwuni tanggap sabda mula.
Kaping gagsalipun mugi ing samangkeh panjenganipun Bapak Kepala Sekolah SMK YP “17” I Parakan kersa paring pangandikan saderengipun Pengoasan Akbar punika dipun wiwiti. Saderengipun kula ngaturaken aguning panuwun.
3. Wasana
a. Kasuwun nerusake anggone lelenggahan nganti purna (rampung)
Para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinurmatan
Kersaha panjenengan sadaya nglajengaken lelenggahan kanthi mardikaning penggalih saha midhangetaken paedhoh hasanah saking panjenganipun Bapak Kyai……………………..ngatos dumugi paripurnaning pengaosan ing samangkeh.
b. Nyuwun pangapunten kaluputane pribadhi
Cekap semanten atur kula, nglenggana bilih anggen kula matur wonten ngarsa panjengan sadaya kathah cicir, cewer, cewet kuciwanipun, saha kirang wijang wijiling wicara, awit saking cubluk mbaliluning manah tuwin saking sepi sepen ing pangawikan, kula namung saged matur kupat sineleh ing gapura, sedaya lepat nyuwun pangapura.
c. Salam panutup.
Wasalamu alaikum wr.wb