Sabtu, 12 Juli 2008

Geguritan

Sarju lan Paima

Rupane pancen Ayu
Nanging rada mecucu
Merga ora duwe sangu
Yaiku kang jenenge sarju
Dheweke uga sregep sinau
Sinau kang lucu - lucu
Uga sinau kang saru - saru
Mula sarju aja ditiru
mengko ndak ora mutu

Nuladhaha kang utama
Ya kang paima
Tansah nindakake samubarang kang utama
Nuhoni dhawuhe Gusti kang Maha Kuwasa
Pramila pantes dadi tuladha kang nyata


Apa wis merdeka ?

Esok awan sore bengi
Nyambut gawe golek rejeki
Kanggo nyekolahke putra putri
Kang dadi kekudangan ing wuri
Mugi saged murakabi
Ing jagad donya iki

Kabeh rega padha mundhak
Urip rasane kaya dicangak
Ngadhepi kahanan kang ora kepenak
kabecikan wis padha diterak
amrih nggayuh urip bisaa kepenak

Apa negara iki wis merdeka ?
Apa pendhidhikan wis ditata ?
Apa Ekonomine wis mrata ?
Iku kang isih ngganjel ing nala

Dening : Suradi